Menyang kontèn

Basa Jawi Gagrag Anyar 2

Saka Wikisumber

[ Title ]ꦧꦱꦗꦮꦶ


ꦒꦒꦿꦒ꧀ꦲꦚꦂ


꧇꧒꧇




SMP

ms soewiknja ba



dwi - dharma Klaten [ SK ]
DEPARTEMEN PENDIDIKAN DAN KEBUDAYAAN

KANTOR WILAYAH PAROPINSI JAWA TENGAH
BIDANG PENDIDIKAN MENENGAH UTAMA

JALAN KI MANGUNSARKORO TELP. 25671 PES.11/12 SEMARANG

Nomor : 141/C.2/1/76.
Lamp. : 1 (satu).
Hal : Daftar buku pelajaran tahun 1976.

SEMARANG, 1 Januari 1967.

Kepada
Yth. Sdr. Kepala SMP Negeri/Subsidi
Berbantuan/ Swasta
di
JAWA TENGAH


Sambil menunggu ketetapan/pelunjuk dari Panitia Penilai buku-buku Pelajaran Departemen P dan K, buku-buku yang lercantum dalam daftar terlampir ini dapat dipergunakan sebagai buku wajib/buku pelengkap bagi para pelajar SMP di Lingkungan Kantor Wilayah Departemen P dan K Propinsi Jawa Tengah.

Kepala Bidang Pendidikan Menengah Utama
Kantor Wilayah Departemen P dan K
Propinsi Jawa Tengah
Kepala Sub Bidang Kurikulum


(Drs. Martono M.S.)
NIP : 135056840

[ SK ]
No. Mata Pelajaran Nama Buku Pengarang Penerbit Keterangan
4. Olah Raga
  1. Bimbingan dan Pengawasan Pendidikan Olah Raga di sekolah
  2. Sport Skill Test
  3. Pengukuran Kesegaran Jasmani.
  4. Pembimbing Permainan
  5. Peraturan permainan. Bola Volley Internasional.
  6. Peraturan Perlombaan Atletik. (PASI).
  7. Pelajaran dan Pengetahuan Olah Raga
  8. Pembimbing Atletik

Kabin Olah Raga Pendidikan Perwk. Dep PK Prop. Jateng
sda
sda
Nasyir Rosyidi
Kabin Olah Raga Pendidikan Perwk. Dep PK Prop. Jateng
sda
Retno Subroto, BA.
Nasyir Rosyidi

Tiga Serangkai Solo.
5. Bahasa Daerah
  1. Ngemi-emi Basa Jawi 1,2,3
  2. Gagrak Anyar 1,2,3
  3. Puspawarni 1,2,3
  4. Wulang Basa 1,2,3
Mugiyana, BA

Dwijosuwignyo
Drs. Sutarno
Siswadi dkk.

Seribu Satu Solo


Widyaduta Solo.
Jayanti - Solo

6. Bahasa Inggris.
  1. Active English for Indonesia 1,2,3.
  2. Structure Drill.
  3. Reading Comprehension.
Drs. Sumariono dkk.

Suraji, BA.
Sudharto, BA.

Oxford University Press.
7. Aljabar
  1. Aljabar 1,2,3.
  2. Aljabar 1,2,3.
  3. Aljabar 1,2,3.
T. Puspowardoyo

Drs. Suhaji.
Jamien Saleh

Jayanti-Solo.

UP Spring-Yogyakarta
Angkasa Bandung-Jakarta

8. Ilmu Ukur.
  1. Ilmu Ukur 1,2,3.
  2. Dalil Ilmu Ukur
  3. Ilmu Ukur 1,2,3.
  4. Ilmu Ukur 1,2,3.
T. Puspowardoyo

sda.
Zainuddin dkk.
Drs. Suhaji.

Jayanti-Solo.

sda.
Mutiara - Jakarta
CV Asco - Yogyakarta.

9. Matematika
  1. Workshop - Matematika.
Drs. Udoyo.
10. Ilmu Alam
  1. Ilmu Alam 1,2,3.
  2. Soal Ilmu Alam.
  3. IPA
  4. Dasar-dasar Fisika 1,2,3.
T. Puspowardoyo

sda.
Kasim dkk.
Nyoman Kestrasa

Jayanti-Solo.

sda.
Terate - Bandung
CV Rosda - Bandung

[ Prawacana ]
PRAWACANA

Dhapukan buku BASA JAWI GAGRAG ANYAR punika dumugi sapriki pranyata ketingal saya kathah para kadang ingkang sampun kepareng ngresakaken ngagem.

Ingkang punika temtu kemawon ndadosaken bombonging manah, liripun basa Jawi boten badhe ical larinipun. Sanajan mekatena pandhapuk tansah ngudi ngrela daya murih saya mathis saha ngrebdanipun, taksih nyuwun pambiyantunipun dhateng sok sintena ingkang kepareng paring urun-urun rembag, ingkang tundonipun, mewahi seserepan, ingkang numusi murakabi sedayanipun.

Ndadosna wuninga bilih buku BASA JAWI GAGRAG ANYAR ingkang babaran enggal punika wonten bab-bab ingkang dipun ewahi saha dipun wewahi ing babagan istilah-istilah anyar, saha prekawis sanesipun murih nggamblangaken katerangan sarta indhaking seserepan, punapa dene nggampilaken lampahing pandamelipun. Program: Satuan, Pelajaran, ing pangajab sageda jumbuh kaliyan GBPP Bahasa Daerah ingkang sampun wonten.

Ing wasana panyuwunipun pandhapuk, menggahing wontenipun wewarah wau sageda migunani wonten ing pawiyatan candhakipun, langkung-langkung wonten ing Pawiyatan Luhur sageda keplok lan runtut.

Sadya wau pandhapuk tansah ngaturaken agung ing panuwun dhateng para pangageng saha sesepuhing DEPDIKBUD KANWIL PROPINSI JAWA TENGAH.

Nuwun.

Sinerat,Juni 1987

Aturing Pandhapuk,

[ ToC ]

ISINE BUKU



Piwulang 1 kaca 7

Piwulang 2 kaca 17

Piwulang 3 kaca 27

Piwulang 4 kaca 37

Piwulang 5 kaca 49

Piwulang 6 kaca 59

Piwulang 7 kaca 69

Piwulang 8 kaca 79

Piwulang 9 kaca 89

Piwulang 10kaca 95



___________

[ 7 ]BAJA GAGRAG ANYAR 2
PIWULANG 1

I. WICARA

TAUN ANYAR


Suharta  : "Ngaturaken sugeng riyadi:

Natal, saha Warsa Enggal, Pak."

P. Guru  : "Sugeng Natal, Sugeng Warsa Enggal."

Wah wis padha gasik, ya. Padha gam- bira ya ?".

Murid-murid : "Inggih, wah seneng sanget Pak.".
P. Guru  : "Saiki kowe kabeh wis padha munggah

kelas II. Mesthi bae beda kare ke- las I. Iya apa ora mbak Sur ?"

Suryati  : "Inggih.

Kula matur nuwun Pak, dene Bapak kanthi suka rena maringi pivucal lan pitedah, ngantos kula saged kan lampahan ninggah kelas II."

P. Guru  : "Lha iya, sarehne saiki kelasmu wis

tuwih dhuwur, mulane olehmu padha sinau ya sing mempeng. Sing sre- gep, sing aktif, giat !"

Suharta  : "Wah inggih, Pak.

Mugi-mugi kula sadaya saged ngestok- aken dhawuhing Bapak tuwin Ibu Guru sadaya. Malah kapara langkung ti- nimbang ingkang sampun kula lampahi"

P.Guru  : "Iya. Satemene Bapak utawa Ibu

iku rak mung kena diarani ngeterake idham-idhamanmu bae; jan-jane bisa ngundhuh woh lan ora, iku rak mung gumantung pribadimu."

[ 8 ]

Suryati : "Inggih Pak. Pamcen kasinggihan pangandikanipun Bapak, nanging sinaosa mekaten saupamina tanpa pitulungan utawi pitedah sanesipun, mbok menawi saged kapiran."
Pak Guru : "Lho Sur, dene saiki kowe teka pinter. Lha iya wong kelas II kok."
Suryati : "Iyak Pak Guru ki ngeyek."
Pak Guru : "Wis, wis, ayo saiki padha sinau!"
Sutama : "Mangga, mangga! Matur nuwun."


II. GUDHANG TEMBUNG/KOSA KATA (1.5.4.)

A. Homonim

Sugeng warsa enggal = taun

Sapta kukila warsa = udan

Iki candraning wong minum, yaiku ngombe kaping 7 dhasar, kaya dene manuk kodanan.

a. Tembung-tembung kang digarise ngisore
iki kepriye tegese?

  1. a. Nuwun sewu kanjeng kula boten mekaten.
    b. Kajeng kula sampun garing kenging kangge adang.
  2. a. piyambakipun sampun dangu boten katingal
    b. Sapa ngreti dangu iku kembang apa?
  3. a. Kula sampun nate numpak kapal
    b. Mas Edy kala wingi numpak kapal Teji
  4. a. Bareng malinge kacekel, banjut ditembungi
    b. Kakangmu kuwi kebangetan tenan, ditembungi dhuwit Rp 1000,00 kok meneng bae.
  5. a. Olehmu ngilo beras apa wis cocog?
    b. Olehmu ngilo nganti mingar-minger.
  6. a. Wis katog olehmu ngukur gudhig?
    b. Olehmu ngukur papan apa wis rampung? [ 9 ]
  7. a. Pak Karta Saben esuk ngereki manuk, dane manawa wis awan diudhunake
    b. Lancurane wis ani ngereki babon
  8. a. Bukunipun sampundipun waos.
    b. Andapanipundipun waos kenging tenggokipun, sanalika gluyuran lajeng pejah.
  9. a. Wis padha gasik ya?
    b. Pakarangane Wa Jaya pacen gasik tenen.
  10. a. Saiki Tati bareng ndherek ibune dhewekopen tenan
    b. Aku arep ndherek Ibu menyang Kopen, arep undhuh-undhuh.

b. TEMBUNG SAROJA

  Ukara......, dene Bapak kanthi suka rena maringi piwucal lan pitedah, ngantos kula saged kalampahan minggah kelas II.

  Tembung saroja ngisor iki rampungna!

  1. Dheweke tiba nganti babak ......
  2. Mara dhayoh pinuju suwung ......
  3. Dhuwite kudu disetor dhisik,aja dicandak......
  4. Olehmu matur sing apik,aja ndadekake sak......
  5. Mbah Truna iku sing dadi cikal...... desa kene
  6. Yen ana amis ..... wong tuwa mono melu ngrasakake.
  7. Yen pinuju ana Pasar Malem tontonane maneka ......
  8. Muga-muga Panganten sakloron bisa atut ...... kaya mimi lan mintuna.
  9. Saweruhku bocah kae kalukuane becik, durung tau colong ......
  10. Barang-barang kuna saiki akeh sing wis ilang ......

  1. musna
  2. jupuk
  3. runtut
  4. warna
  5. bacine
  6. bakal
  7. sembir
  8. cekel
  9. blung
  10. bundhas

[ 10 ]c. NEGESI TEMBUNG

Tembung kang digaris iki golekana tembunge li.
ya utawa kepriye tegese ?

1. ngaturaken sugeng = . . . . . . .
2. eyang kula taksih sugeng = . . . . . . .
3. warsa enggal = . . . . . . .
4. clananipun enggal = . . . . . . .
5. enggal dumugi Sala = . . . . . . .
6. bisa ngundhuh woh = . . . . . . .
7. ngestokaken dhawuh = . . . . . . .
8. kaleksanan idham-idhamane = . . . . . . .
9. ngeterake layang = . . . . . . .
10. ngaturi uninga = . . . . . . .
⠀⠀⠀⠀⠀


d. ISENANA NGANGGO RAKETANE TEMBUNG GANTUNG

1. Gedhang, kates iku diarani
2. Aluran turun kaping pitu diarani.....
3. Wis dikepyakake duwe jodho, nanging durung ningkahan diarani ....
4. Panganggo kang tumemplek, ora tau salin iku diarani ....
5. Woh kates/gandhul uga diarani....
6. Sapa kang wani nylundu pake narkotika bakal di .....
7. Pak Lurah olehe kagungan kersa....
8. Saking puteking pikire, dheweke banjur....
9. Jejodhoan wis ningkahan nanging durung dikepyakake kanthi karamean diarani...
10. Kang wajib isih ........colongan, jalaran prekarane durung rampung.

e. KOSOK BALEN

Golekana kosok baline !

1. Manawa biyen kesed, saiki kudu ....


10 [ 11 ]

2. Klasmu wis dhuwur, biyen isih ....
3. Olehmu sinau sing giyat, aja ....
4. Malah kepara luwih, aja ......
5. Kudu luwih ngati-ati, aja ....
6. Dhawuhe Bapak estokna, aja kok ....
7. Olehe ngabdi biyen kapiran, saiki ....
8. Pituduhe Pak Guru simpenen, aja kok ....
9. Adhiku dieterake sekolah, nek wis wayahe di ....
10. Pak bayan uwis ngundhuh krambil, dene Pak Tana lagi ....

f. NERUSAKE UNEN-UNEN

Tuladha: Sugeng riyadi Idulfitri.
Iki terusna !
1. Sugeng warsa ............
2. Nyuwun gunging .............
3. Ngaturaken pambagya ............
4. Ngaturaken puja ...............
5. Ngaturaken sembah ............
6. Ndherek bela ............
7. Karsaa paring barkah ............
8. Ndherek mangayu ............
9. Mugi sepen ing ............
10. Kalisa ing ............

B. TEMBUNG RANGKEPAN
Tembung rangkepan iku kang dirangkep wyanjanane, wujude ana warna 3, yaiku:
1. Tembung dwipurwa
2. Tembung dwilingga
3. Tembung dwiwasana
Kang diarani tembung dwipurwa iku, pangrangkeping tembung purwaning lingga, upama:
lara - - lelara liru - - leliru
jaka - - jejaka tuku - - tetuku lsp

[ 12 ] Ukara iki isenana nganggo tembung dwipurwa :
 1. Kowe iku yen ......... pijer kelarangen.
 2. Para wadya bala asikep ........... warna-warna.
 3. Wis suwe olehe ............ ora mari-mari.
 4. Ingkang rayi sampun ............. pinten ?
 5. Anakipun Pak Sastra sampun .............. piyambak.
 6. Kang wus padha labet negara tampa .................
 7. Tumindak kang ala iku gawe ............. jagat.
 8. Pikiranmu kang ruwet iku muga enggal oleh .........
 9. Saiki lagi usum .........., mula di padha resikan.
10. Bocah-bocah padha golek ........... arep dianggo ngrengga tarub.


III. UKARA LAMBA   (1.6.1.)
   Ngrancut ukara.
   Dagangane laris.                                           j  = jejer
       j       w                                              w  = wasesa
                                                             pnd = panindak
   Peleme dibalangi Tarsa                                     kw = kang kawogan
       j      w      pnd
   Bapak maringi adhik dhuwit.
     j      w     kw     l


     Ukara-ukara iki racuten kaya mengkono !
  1. Wacane  Panyebar Semangat.
  2. Jagone ucul.
  3. Adhiku mangan roti.
  4. Klambine dikumbah Ali.
  5. Paman maringi jeruk Upik.
  6. Sapine ucul saka kandhang.
  7. Geleme sinau dipeksa kakang.
  8. Rambute ngombak banyu.
  9. Cekelne dhuwit ewon.
 10. Tangise krungu saka ngalun-alun.


 12 [ 13 ]IV. TEMBUNG YOGYASWARA/RENGGA BASA (1.7.2)

A. Tembung yogyaswara iku kang dikarepake pamoring tembung lingga karo tembung lingga kang pakecapane meh padha, suwarane kepenak rinasa sarta duwe teges lanang lan wadon. Kayata:

  1. Apsara-adsari
  2. Bathara-bathari
  3. Kedhana-kedhini
  4. Gana-gini
  5. Dewa-dewi
  6. Brahmana-brakmani

  1. Yaksa-yaksi
  2. Raksesa-raksesi
  3. Pemudha-pemudhi
  4. Prameswara-prameswari
  5. Widadara-widadari
  6. Gandarwa-gandarwi

B. WARNA BASA (1.7.1)

KRAMI INGGIL
Ing gegebengane basa krama isih ana tembung sawatara, isih ewoning tembung krama, nanging luwih ngajeni, sarta kang akeh mung tumuju marang kang diajak guneman utawa kang dicritakake, yaiku krama inggil(ki)
Gunane :

a. ngluhurake madyama purusa
b. ngesorake utama purusa / krama andhap

Upama: - Sumangga kula aturi mundhut!

- Menawi kapareng adalem nyuwun salembar kemawon.

Kanggone basa mau yaiku dadi guneme priyayi cilik menyang priyayi gedhe. Priyayi enom menyang priyayi sepuh.
Basa iki ing masarakat ora keprungu maneh, dene saiki kang luwes basa Madya krama.
Basane krama kabeh, kacampuran krama inggil. [ 14 ]Tuladha.

a. Lho den Bei ! Majua kene bae !
b. Nuwun inggih sandika.
a. Bok kok-linggihi lampite, mester iku anyep.
   Yen wong ora kulina linggih ing anyep sok banjur masuk angin.
b. Nuwun inggih.
a. Lawas olehmu ora mrene, dhek kalangan dina Rebo kae kowe dakrasani karo si
   Mandangjaplak.
b. Kula nun inggih. Nanging abdi dalem kula rumaos gela sekedhik.
a. Gela apa ?
b. Kula nun dipun rumiyini ing atur dhateng abdi dalem pun kakang Mandangjaplak,
   yen abdi dalem kula badhe nyaosi pisungsun sawung abenan.
a. Iya den bei aku dikandhani.
b. Dados atur kula punika sampun cemplang.
a. Mangsa, padha bae.

(Serat Tatacara-Ki Padma ss)



V. MACA TITI
   WACANEN KANG BECIK
      PEPELING
A. 1. Elinga !
Ya sinau,
Ya makarya,
Kang tumemen !
Ngati-ati, nastiti,
aja sinambi sembarangan,
ben gawe raharjaning dhiri

   2. Bisa agawe utama,
kudu tepa salira,
aja agawe cuwa

14 [ 15 ]rekasa tundone sangsara.

3. Becik,
aja gawe serik,
gawea resik,
ganjarane ora sethithik.
4. Begja cilaka,
winengku ing pangrasa,
gumantung Hyang Maha Kawasa,
manungsa golek sarana,
murih urip mulya.

B. PITAKON IKI WANGSULANA

  1. Awake dhewe kuwi manawa sinau kepriye?
  2. Dene menawa nyambut gawe kepriye?
  3. Menawa gawe utama kudu kepriye?
  4. Dene manawa cuwa iku marakake kepriye?
  5. Sepira gedhening ganjarane wong agawe becik?
  6. Senajan uripe manungsa gumantung Pangeran, nanging manungsa mono wajib kepriye?


C. TEMBUNG-TEMBUNG KANG ANGEL
makarya = nyambut gawe
nastiti = setiti
raharja = slamet
tepa salira = nulad, madhakake awake dhewe
cuwa = gela
tundone = wekasane, temahan
winengku = dikuwasani

VI. AKSARA JAWA
WACANEN LAN GATEKNA

15

[ 16 ]
ꦒꦮꦺꦭꦶꦚ꧀ꦕꦏ꧀ ꦥꦚ꧀ꦗꦁꦲꦶꦭꦁ
ꦫꦢꦶꦚ꧀ꦕꦁ ꦲꦺꦴꦫꦠꦺꦴꦚ꧀ꦗ
ꦱꦼꦤꦼꦁꦩꦚ꧀ꦕꦶꦁ ꦥꦚ꧀ꦗꦶꦮꦸꦭꦸꦁ
ꦏꦚ꧀ꦕꦶꦭ꧀ꦤꦏꦭ꧀ ꦒꦺꦴꦚ꧀ꦗꦶꦁꦩꦶꦫꦶꦁ
ꦏꦸꦚ꧀ꦕꦶꦭꦸꦔ ꦠꦸꦚ꧀ꦗꦸꦁꦱꦺꦠ
ꦱꦶꦢꦩꦸꦚ꧀ꦕꦭ꧀ ꦧꦚ꧀ꦗꦸꦭꦸꦔ
ꦱꦶꦩꦸꦩꦺꦚ꧀ꦕꦺꦁ ꦥꦠꦷꦥꦚ꧀ꦗꦺꦠꦺ
ꦧꦪꦂꦏꦶꦚ꧀ꦕꦁ ꦏꦶꦚ꧀ꦗꦼꦁꦠꦔꦶꦱ꧀
ꦮꦼꦠꦼꦁꦏꦼꦚ꧀ꦕꦺꦴꦠ꧀ ꦩꦼꦚꦁꦏꦺꦚ꧀ꦗꦺꦫꦤ꧀
ꦭꦔ꧀ꦤꦂꦩꦺꦚ꧀ꦕꦺꦴꦏ꧀ ꦏꦼꦤꦺꦏꦼꦂꦧꦺꦚ꧀ꦗꦺꦴ


ꦩꦔꦤ꧀ꦏꦫ ꦩꦤꦸꦏ꧀ꦢꦫ
ꦩꦁꦒꦺꦴꦤ꧀ꦏꦤ ꦒꦺꦴꦭꦺꦏ꧀ꦢꦤ
ꦔꦸꦝꦏ꧀ꦊꦭ ꦝꦸꦮꦶꦠ꧀ꦢꦶꦤꦂ
ꦗꦩꦤ꧀ꦏꦤ ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦢꦸꦠ
ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦏꦸꦱꦶꦂ ꦱꦸꦗꦸꦢ꧀ꦢꦮ
ꦧꦢꦤ꧀ꦏꦶꦫ ꦔꦒꦩ꧀ꦢꦺꦴꦢꦺꦴꦢ꧀
ꦠꦔꦤ꧀ꦏꦺꦝꦺ ꦔꦭ ꦩꦺꦴꦚ
ꦲꦮꦏ꧀ꦏꦺꦴꦗꦂ ꦧꦥꦏ꧀ꦮꦼꦩꦁ
       _____________
16 [ 17 ]
PIWULANG 2

I. WICARA

KIRIMAN BOKET


Tini : "Mbak Dar !

Becike mengkene bae mbak, andum gawe."

Darsini : "Iya kepriye, Dhik ?"
Tini : "Aku dalah dhik Nur, dhik Tuti dak me-

nyang gedhong, ngrampungake pajangan liyane, dene mbak Dar menyang Toko kembang ku- lon Gladhag.

Darsini : "Iya gampang, prayoga.

Wah seneng atiku. Bokete becike ditulis kepriye Dhik?"

Tini : "DHIRGAHAYU IBU", wis cekak ngono bae,

iku iya uwis wujud puja kastawa. "

Darsini : "Lha mengko bokete dikirim langsung ge-

dhong apa kepriye?

Tini : "Ngono ya kena.

Anu lho Mbak diaturi ngirim jam 17.00 Prelune olehe nata kareben enggal ram- pung. Welingen aja pisan-pisan kasep!"

Darsini : "Iya gampang.

Dhik Tini, apa ora pisan ngecek Toko roti, pesenane wis dadi apa durung, pi- san gawe lakune, rak iya ta ?"

Tini : "0, iya iku luwih becik.

Malah mengko sowan mampir Ibu Guru pi- san, panjenengane diaturi rawuh rada gasik "

Darsini : "Iya, dadine ngiras-ngirus ya,

manawa beres, menyang ati dadi lega."

Tini : "Ya wis kana, ndang rampung,

banjur ludhang ing gawe.


17 [ 18 ]II. PANJENGEKING UKARA/TEKANAN KALIMAT/AKSEN (1.4.)

Tuladha: Wah seneng atiku! Ukara iki tekanane nada 'seneng'

Coba ukara iki ucapna, nadane seneng!

  1. Mas, aku munggah!
  2. Hore, aku dipundhutake sepedhah!
  3. Lha ngono kuwi, aja kaya mau!
  4. Lha dalah, ketemu saiki!
  5. Hore, klambiku dadi!
  6. Wah, enake ta salak iki!
  7. Wadhuh senengku, bareng bisa kepethuk Mbah Jaya!
  8. E, e, iki mau kowe ngono!
  9. Ih, menang lotre aku!
  10. E, sukur, sukur, dene kowe bisa nulungi aku!

III.A. TEMBUNG DWILINGGA (1.5.1.)

Tembung dwilingga iku tembung andhahan kang sarana ngrangkep linggane.

Tuladha: Welingen aja psan-pisan kasep!

Ukara iki isenana nganggo tembung dwilingga!

1. Sariyem saiki wis..........oleh Sariya.

2. Saiki Sardi kerep..........mrene.

3. Olehmu njangan terong aja..

4. Arep nyangking payung kok..bae.

5. .......... angger kelakon.

6. Sing.....mau bengi sapa?

7. Gunting iku angel.........

8. .......... kok wis dhidhis, ngedohake rejeki lho.

a. alon-alon

b. lali-lali

c. asin-asin

d. jedhal-jedhul

e. omah-omah

f. asah-asahane

g. gremeng-gremeng

h. esuk-esuk

[ 19 ]III.B. GUDHANG TEMBUNG/KOSA KATA (1.5.4.)

a. Andhahane tembung : laku.

Tuladha:

Menyang Toko roti,pisan gave lakune

Ukara-ukara ing ngisor iki wenehana andahane tembung laku !

1. Adhiku umure 6 taun.........

2. Pak Wirya saiki wis.........gawe ana pabrik plastik.

3. Wong...... agama, saora-orane duwe panutan.

4. Para opsir wus tampa dhawuh........prajurit maju perang.

5. Susila kae.........pancen apik, kena diprecaya.

6. Saiki mung kari begjane bocah meningi......kang tentrem, reja lan makmur.

7. Si Tarya kae saiki rak nggenteni.......bapake, dadi lurah ing Karangnangka.

8. Apa kang dadi sedyamu muga...

9. Wayang uwong Sriwedari mengko bengi..........apa?

10. Aku durung diterangake.....soal etung iki.

a lakune

b. lakone

c. kelakon

d. lelakone

e. lelakon

f. kalakuane

g. nglakokake

h. nglakoni

i. mlaku

j. mlaku

b. Tuladha: Mengko matura ibu guru pisan !

Ukara-ukara iki isenana nganggo raketane tembung guru!

1. Mas kok guru......kuwi selak ngapa ta?

2. Aku nyilih slentheme, arep dakenggo guru.......

a. sastra

b. wilangan

[ 20 ]

3. Dadi bocah mbok iya aja guru..........,mung golek wah.

4. Ratu telukan padha asok glondhong pangareng-areng guru..........guru..........marang Sang Paru Koparman.

5. Bakul-bakul iku yen arep dagang layar sok nganggo petung guru......

6. Wong lanang iku minangka guru..........ne sesomahan.

7. Bangsane manuk lawet, sriti ana kang disebut..........

8. Dhong-dhing swara ing wekasaning pada tembang Macapat iku aran guru......

9. Cacahing wanda ing gatraning tembang Macapat diarani.....

10. Garing-garing yen garang, iku ngemu purwakanthi guru.......

c. lagu

d. gurundaya

e. nadi

f. dina

g. bakal, dadi

h. aleman

i. nglaras

j. guru

c. Tuladha: Ya wis kana, endang rampung, ludhang ing gawe

Tembung iki rampungna kaya mengkono!

1. sepi ing......

2. rame ing......

3. adoh ing......

4. sepen ing......

5. celak ing......

6. kalis ing......

7. lacut ing......

8. momot ing......

9. narima ing......

10. anteng ing......

d. Tuladha: Diaturi ngirim boket

Ukara iki rampungna!

1. Diaturi ngunjuk.......

2. Diaturi mungkus....... [ 21 ]

3. Diaturi nggoreng . . . . . . .
4. Diaturi nglinting . . . . . . .
5. Didhawuhi ngedhuk. . . . . . .
6. Didhawuhi mususi. . . . . . .
7. Didhawuhi cethik. . . . . . .
8. Didhawuhi nambal. . . . . . .
9. Didhawuhi ngasah. . . . . . .
10. Didhawuhi ngrajang.. . . . . . .

IV. UKARA RANGKEP (1.6.1.)

Tuladha:

Haryana iku pinter.
Haryana iku sregep.
llaryana iku pinter, apa maneh sregep

Ukara-ukara iki rangkepen kaya tuladha iku!

1. Gudheg Yoja enake
Gudheg Yoja murah.
2. Jaitane apik.
Jaitane sepan anggone.
3. Bocahe pancen bagus.
Bocahe atine burus.
4, Guneme keves.
Guneme luwes
5. Pelem iku legi.
Pelem iku arun.
6. Mardi mbengok.
Mardi mlayu.
7. Pakarangan iku jembar.
Pakarangan iku loh
8. Piranti, iku larang banget.
Piranti iku gedhe paedahe.

21

[ 22 ]V.A. WARNA BASA (1.7.1.)
    Krama/kramantara
    Golekana tembunge kang mathuk !
  1. Bapak nembe ..... dalemipun Bulik.
  2. a. ameng-ameng
    b. kesah

    c. tindak
    d. cangkrama

  3. Pangeran Arya Prabu nembe.....ngenggar-enggar
  4. a. ameng-ameng
    b. kesah

    c. tindak
    d. cangkrama

  5. Kula badhe ........ dhateng Surabaya.
  6. a. ameng-ameng
    b. kesah

    c. tindak
    d. cangkrama

  7. Sumangga wekdal, kula ...........
  8. a. paringaken
    b. sukakaken

    c. aturaken
    d. pasrahaken

  9. Darmin sampun dangu kapengin .....enbahipun.
  10. a. sumerep
    b. sowan

    c. dhateng
    d. priksa

  11. Kula boten.......kesah tebih-tebih.
  12. a kenging
    b. angsal

    c. kalilan
    d. kapareng

  13. Surti dereng .........lenggah dening P.Dhokter, jalaran sakitipun taksih mutawatosi.
  14. a. kaidinan
    b. angsal

    c. kalilan
    d. kapareng

  15. Sarehning sampun kacekapan sadayanipun, kula.....nedha pamit.
  16. a. mugi angsal
    b. mugi kaidinan

    c. kalilan
    d. nyuwun idi

  17. Sarehne unjukan tuwin nyamikan sampun cumawis, sumangga kula aturi ..........
  18. a. ngicipi
    b. ngedhapi

    c. ngrahapi
    d. dhahari

  19. Pak Bei Sastra ngrumiyini tindak ing....minangka cucuking lampah.

    a. ngajeng
    b. ngarep

    c. ngayun
    d. purwa

[ 23 ]V.B. BALISWARA (1.7.2.)

a. Kang diarani baliswara iku swara kang bali maneh menyang wiwitan.

Baliswara ana kang ateges:

Unine walikane tembung, kayata:

narendraputra = putra narendra

Tembung baliswara iki golekana tegese!

rajaputra

rajaputri

rajanugraha

raksesaputra

Suryaputra

raksesabala

dewaditya

dewaguru

Darmaputra

darmabudi

b. TEMBUNG SAROJA

Tuladha:

Iku iya wis wujud puja kastawa

Tembung-tembung iki rampungna supaya dadi tembung saroja!

1. amrik

2. angkat

3. nistha

4. nungsang

5. campur

6. candhak

7. rahayu

8. rame

9. kukuh

10. kongas

11. dana

12. duga

13. tata

14. teguh

15. sumbang

16. sunduk

17. watak

18. wulang

19. lir

20. lara

[ 24 ]VI. MACA TITI

A. WACANEN KANG BECIK

Layang Abunawas.

TIYANG MLARAT KALIYAN BLUMBANG

INGKANG ASREP TOYANIPUN

Ing negari Bagdad woten sudagar sugih, gadhah blumbang ingkang toyanipun sakalangkung asrep. Boten wonten tiyang satunggal-tunggala ingkang betah kungkum wonten ing salebeting blumbang punika, jalaran saking asreping toyanipun.

Nuju satunggaling dinten sudagar wan damel sayembara, sinten kemawon ingkang betah kungkun wonten blumbang ngriku laminipun sedalu,badhe kasukanan arta kethahipun 10 ringgit. Kala punika lajeng kathah sanget tiyang boten wonten satunggal-satunggala ingkang kaconggah anglampahi.

Sanes dinten wonten tiyang ngemis dhateng ing griyanipun sudagar kasebat nginggil.Sareng sudagar sumerep wonten tiyang ngemis dhateng,lajeng enggal-enggal wicanten mekaten,

"Ki sanak, dina niki kula boten bisa weweh napa-napa, nanging nek sampeyan betah kungkum ing blumbang kula nika suwene sawengi, sampeyan bakal kula wehi dhuwit 10 ringgit."

Wangsulanipun tiyang mlarat, "Kalilana kula nyobi ninggali kados pundi asreping toya, menawi kinten-kinten kula betah, mangke dalu badhe kula lampahi."

Tiyang ngemis wau lajeng dhateng blumbnag sarta ngeclupaken tanganipun. Sabibaripun punika,tiyang miskin lajeng murugi malih dhateng sudagar anyagahi dalunipun badhe nglebeti sayembaranipun, nanging medha pamit mantuk rumiyin sumedya sarembag [ 25 ]kaliyan ingkang estri, pun Sudagar ugi nglilani, Sadumugining griya tiyang mlarat wau nyriyosaken sayembaranipun sudagar, sarta nedha pamit badhe nglebeti sayembara wau.

Kacariyos dalunipun kinter-kinten jam 8,tiyang mlarat wau sampun nyemplung ing blumbang.

Kinten-kinten jam 12 dalu, saking asreping toya, piyambakipun meh boten betah anglajengaken anggenipun kungkum wonten ing ngriku, sarta lajeng nenuwun dhateng ingkang Mahasuci, mugi-mugi sageda kiyat ngantos dumuginipun njing.Ndilalah karsaning Allah raosing asrep saged suda.Kinten-kinten jam 2, anakipun nuweri, amargi kuwatos, bilih bapakipun sampun tilar, jalaran saking asreping toya. Bingahipun lare wau tanpa upami, sareng sumerep bilih bapakipun taksih wilujeng, boten kirang satunggal punapa. Ingkang punika piyambakipun lajerg damel bedhiyan wonten sacelaki punngriku, kaliyan nengga anggering bapakipun kungkum wonten ing blumbang wau ngantos enjing.

Sareng sampun warcinipun surya malethek, tiyang mlarat wau lajeng mentas saking anggenipun kungkum saha lajeng murugi pun Sudagar. Prelu nedha epah ingkang sampun kajangjekaken, ananging pun Sudagar boten purun netepi jangjinipun. Jalaran ing sacelakipun wonten bedhiyan ingkang saged mbenteri tiyang ingkang kungkum wau. Sanajan tiyang mlarat nyriyosaken, hilih bedhiyaning anaki pun wau boten nggadhahi daya punapa-purapa, ananging pun Sudagar meksa boten purur mbayar 10 ringgit ingkang sampun kajangjekaken punika.

B. MANGSULI PITAKONAN

  1. Sudagar ing Bagdad ngedegake sayembara apa?
  2. Apa iya akeh sing ngletoni sayembara iku?
  3. Ganjaran sayembara iku apa, pira kehe?
  4. Wekasane kang saguh tenan nglebori sayembara [ 26 ] mau sapa ?
 5. Apa iya bisa menang ?
 6. Nanging ganjarane nalika semono apa diwenehake ?
    Lha apa sebabe.
 7. Yen mangkono ki Sudagar apa kena diarani curang?
 8. Apa sebabe anake wong miskin mau kok nusul?
 9. Wong miskin mau tumrap kula wargane apik, coba
    tuduhna buktine !
10. Ajine 10 ringgit kuwi sepira ? 


 C. NEGESI TEMBUNG KANG ANGEL
    keconggah nglampahi = keduga, kuwagang
    10 ringgit          = ringgit ajine 21/2 gelo
                          f 2.50 (biyen)
    kalilan             = oleh idin
    sumedya             = duwe niyat arep
    ndilalah            = kebeneran, kapinujon
    bedhiyang           = geni utawa urub-urub di-
                          anggo api-api utawa nggu-
                          sah lemut
    jangji              = janji, saguh
VII. AKSARA JAWA
    WACANEN LAN GATEKNA
꧋ꦥꦿꦶꦁꦢꦶꦱꦶꦱꦶꦏ꧀ꦏꦶꦢꦢꦶꦱꦶꦭꦤ꧀ꦢꦤ꧀
ꦲꦏꦺꦃꦱꦭꦃꦲꦺꦢꦢꦶꦕꦕꦢ꧀ꦢꦤ꧀
ꦱꦶꦏꦶꦭ꧀ꦏꦼꦕꦼꦛꦶꦠ꧀ꦢꦢꦶꦥꦶꦚ꧀ꦧꦁꦔꦤ꧀
ꦫꦺꦩꦏꦫꦶꦱꦛꦶꦛꦶꦏ꧀ꦏꦸꦚ꧀ꦕꦸꦁꦔꦤ꧀
28 [ 27 ]
PIWULANG 3

I. WICARA

KAMPUNGKU


Mas Nana : "Lar, omahmu ngendi ?"
Larta : "Griya kula Nusukan."
Mas Nana : "Nusukan RT pira ?
Larta : "Nusukan RT 07 RW 16.
Mas Nana : "Apa cedhak Pasarean Giriyasa ?"
Larta : "Inggih, griya kula sakilenipun."
Mas Nana : "Aku biyen iya saka kampung kono kuwi."
Larta : "Menawi mekaten sampun priksa kiwa tengen ngriku, Lha Pasarean Giriyasa punika pasareanipun sinten ta?"
Mas Nana : "Kuwi Pasareane KGPAA MN VI sapara sentanane., Panjenengane ahli ekonomi. Lha iku kampungmu ya kampungku, dhek biyen durung reja kaya mengkono iku.

Saiki rak wis padhang, resik."

Larta : "Mas, kok wau ngendika menawi Pasareanipun KGPAA MN VI, punapa wonten Kangjeng Gusti sanesipun?"
Mas Nana : "Ana lha siki kang disebut Sri Mangkun Nagara VIII."
Larta : "Ingkang misuwur sanesipun, Kangjeng Gusti kaping pinten Mas?"
Mas Nana : "Mesthine kabeh padha kagungan keahlian piyambak-piyambak. Dene kang misuwur saliyane mau, yaiku kang sinebut KGPAA MN IV Pujangga ing Surakarta, serat-serate akeh kang isi piwulang tepa tuladha."
Larta : "Kampung punika rumiyin punapa sepi?"
Mas Nana : "Ora, kampungku mau saben malem Jumat akeh wong nenepi. Apa maneh yen pinuju malem Anggara Kasih.


27

[ 28 ]
Luwih-luwih saiki, ing jero kampung bae tetumpakan slira-sliri, omah gedhong magrong-magrong ora kurang.

Wis ya liya dina dakcritani."

Larta : "Inggih mas, matur nuwun."


II. AKSEN NADA NYEDHIHAKE (1.4)
Tekanan nada nyedhihake iku kaucapake mudhun. Ukara iki ucapna kang mapan, cetha!

  1. Cilaka dhuwit satus rupiyah bae ilang.
  2. Ya wis ben dirasakake dhewe, lha wong dikandhani bola-bali ora nggugu.
  3. Rak kojur ta aku, ora ana barat ora ana angin kok didukani.
  4. Bola-bali kowe, tansah gawe rekasaku thok, pijer-pijer mung ngabul-abul dhuwit bae.
  5. Pancen aku sing luput, nanging bok iya uwis, Prekara ngono bae digunem ora uwis-uwis.
  6. Nganti bosen aku, krungu unjarmu kang ora kepenak iku.
  7. Tobat tenan aku ngrasakake polahe Tarsan anggone penthalitan kuwi Lho.
  8. Wong ki nek lagi apes, muni apa-apa kok Ora diprecaya.
  9. Ya wis ben ditanggung dhewe, lha wong dikon ngowahi tingkahe bae kok mundur isin.
  10. E, wong ki nek lalen, nggoleki singgahane dhewe bae sajam ora katemu-temu.

III. A. TEMBUNG DWILINGGA (1.5.1.)
Luwih-luwih saiki, ing jero kampung bae tetumpakan slira-sliri.

slira-slira

iku diarani tembung dwilingga salin swara. [ 29 ]Ukara ing ngisor iki isenana nganggo tembung dwilingga salin swara !

  1. Saiki Edy kerep..........Mrene.
  2. Wis entek, aja pijer muni..........
  3. Bocah kok pijer .......... embuh lho nek wetengmu suduken.
  4. Adhine ora bisa turu tansah .......... bae.
  5. Risi aku, wis enya daksauri kabeh utangku, wong kok pijer .......... terus.
  6. Enya dakwerehi lawuh maneh, aja pijer muni ..........
  7. Prekara kuwi.......... kok diomongake, iku rak wadi.
  8. Aja Muni ..........adhimu kami gilan.
  9. Kancaku kerep banget .......... mrene.
  10. Mas, aku nyuwun pamit, lha bocahe pijer .......... bae.

  1. mulah-mulih
  2. mora-mara
  3. cocang-cacing
  4. bola-bali
  5. iwak-iwek
  6. nogah-nagih
  7. ngolang-ngaling
  8. madhang-medheng
  9. dhuka-dhuku
  10. jedhal-jedhul

III. B. GUDHANG TEMBUNG/KOSA KATA (1.5.4.)
a. TEMBUNG KAWI.

Apa maneh yen pinuju
Anggara Kasih

Anggara Kasih = Selasa Kliwon
Tembung-tembung iki kepriye jarwane?

Soma =
Anggara =
Buda =
Respati =
Sukra =
Tumpak =
Dite =

Pethakan =
Cemengan =
Kasih =
Manis =
Jenar =

29

[ 30 ]KAWI JARWA

anala = geni
antaka = mati
amla = kecut
agni = geni
basuki = slamet
brastha = rusak
busana = sandhangan
brama = geni
bantala = lemah
bale = omah

bramantya = nesu
bajra = angin
bagaskara = srengenge
bagaspati = srengenge
baruna = banyu
bedhes = kethek
badra = rembulan
bayu = angin
candra = rembulan
Cakra = bunderan



b. TEMBUNG ANDHANAN
Tuladha:

Kuwi Pasareane KGPAA MN VI [sapara] santana
Tembung-tembung sajroning kurung iki dadekna tembung andhahan!

  1. Wong mono kudu narima marang paringe kang andum (para).
  2. Segane (para) kareben bisa rata.
  3. (para) iku luwih becik singkirana bae, lha wong bener luput, dheweke seneng nyampahi.
  4. Satriya iku kadunungan sipat ambeg (para)
  5. Olehe andum pangan (para) mula ndadekake rekasaning ati sakabeh-kabehe.
  6. Sapa ta kang dadi (para)ne Persit Candrakirana?
  7. Olehe tindak ora mung (para), nanging ana prelune.
  8. (para) enggal majua, manira arsa mundhut pawarta
  9. (para) nyata aturipun panakawan punika mesthinipun boten dora.
  10. Yen bisa etung tangkaran banjur sinau (para) [ 31 ]IV. NDHAPUK UKARA (1.6.1)
A. Tuladha : - Aku ora duwe dhuwit.
- Aku mung trima nunut bae.

Sarehne aku ora duwe dhuwit, mung nunut bae.

Ukara iki gandhengen nggunakake tembung pangiker: sarehne, mula/mulane/milanipun.

1. - Kowe sing salah.
- Pit sing rusak iki dandakna bae, ora usah kokijoli.
2. - Dhuwitmu akeh.
- Utangmu saurana, kareber rada entheng.
3. - Aku lagi ora duwe dhuwit.
- Aku ora bisa mitulungi.
4. - Mangsa awis tedha.
- Kathah tiyang ngumbara.
5. - Suta mriptaipun radi chadok.
- Suta menawi maos kerep klentu.
6. - Kowe dakundang dhuwit.
- Kowe arep dak-kandhani dhewe.
7. - Kowe dakparingi dhuwit.
- Aku ngreti yen dhuwitmu ilang.
8. - Umar sregep sinau.
- Umar bijine apik.
9. - Pun Dora kerep nyulayani rembag.
- Pun Dora boten dipun pitados.
10. - Mangane ora ditata.
- Wetenge kerep lara.

B. MBENERAKE UKARA

Tuladha:

a. Ngantos sapunika kula dereng ngretos.

b. Ngantos sapuriki kula dereng ngretos. [ 32 ]Ukara iki benerna!

  1. Kula libur satunggal wulan.
  2. Wonten satunggaling tiyang nama Amat.
  3. Panuwunipun boten dipun kabulaken.
  4. Prekawis punika sampun katur pamarentah.
  5. Amargi sanget kesel, lajeng ndheprok boten saged mlampah.

V. A. KRAMAKNA (1.7.1.)

Ukara iki gawenen krama lugu!

  1. Dakmangan dhisik.
  2. Daksalin klambi dhisik ya.
  3. Apa kowe. wis dandan?
  4. Kowe saiki arep dikongkon Mas Pardi
  5. Besuk liya dina kowe dikon melu lunga,
  6. Sawuse teka, Amin nuli diwenehi jambu.
  7. Saiki Mas Basuki bisa mulang maneh.
  8. Critane besuk liya dina diterusake.
  9. Kowe mangana sing akeh!
  10. Dheweke pancen seneng maido.

B. FRASE

Tuladha:

Saiki omah gedhong ora kurang

Frase iku gandhenging tembung renggang, ing antarane tembung mau kena dislundhingi tembung liyane, upama:

omah gedhong omah sing digedhong

Tembung frase iki terangna!

  1. sandhang pangan =
  2. gedhe cilik =
  3. barang dagangan =
  4. [ 33 ]
  5. meja tulis =
  6. tukang kendhang =
  7. anak bojo =
  8. kreteg gantung =
  9. grobag sapi =
  10. srebet dhahar =
  c. TEMBUNG SAROJA
   Serat anggitane, akeh kang isi pari tepa tuladha.
 Tembung-tembung ing ngisor iki dadekna tembung saroja!

   arum
   alam
   nenes
   colong
   ruwet
   kajen
   kokot
   tindak
   tandang
   nila

sunduk
solah
wandu
wadya
lagak
lalu
pait
puja
jubriya
japa

VI. A. WACANEN/TEMBANGNA
TRI PAMA

1. Yogyanira kang para prajurit
  lamun bisa sami anulada,
  kadya nguni caritane,
  andelira sang Prabu,
  Sasrabau ing Maespati,
  aran Patih Suwanda,
  lelabuhanipun,
  kang ginelung tri prakara,

[ 34 ]

guna kaya purun ingkang den antepi,
nuhoni trah utama.

  1. lire lelabuhan tri prakawis,

    guna bisa saniskareng karya,
    binudi dadi unggule,
    kaya sayektinipun,
    duk mbantu prang Manggada nagri,
    mboyong putri dhomas,
    katur ratunipun,
    purune sampun tetela,
    aprang tandhing lan ditya Ngalengka aji,

    Suwanda mati ngrana.
(KGPAA MN IV)

B. PITAKONAN

  1. Piwulang iku tumuju marang sapa?
  2. Sapa kang dianggo tuladha?
  3. Endi lelabuhane Patih Suwanda?
  4. Patine Patih Suwanda karo sapa?
  5. Ditya Ngalengka Aji iku sapa?

C. TEMBUNG-TEMBUNG
KANG ANGEL

yogyanira = kabecikane
lelabuhanipun = kandhane
nuhoni = netepi

sayektinipun = sanyatane
dhomas = 800
ngrana = ing paparangan
anulada = nyontoa
saniskara = samubarang
karya = gawe
aji = nata, prabu

D. ARANANA NEGARANE
Prb Salya ing
  Darmaputra ing
  Kurupati ing
  Maswapati ing
  Kresna ing
  Baladewa ing
  Pandhudewanata
  Karna ing
  Drupada ing
  Bismaka ing
  Setyajid ing

[ 35 ]VII.AKSARA JAWA

WACANEN LAN GATEKNA

ꦫꦚ꧀ꦧꦏ꧀ꦥꦒ ꦗꦔꦤ꧀ꦥꦶꦤ꧀ꦝꦁ
ꦩꦶꦥꦶꦱ꧀ꦥꦶꦭꦶꦱ꧀ ꦥꦶꦤ꧀ꦠꦼꦂꦏꦺꦴꦤ꧀ꦝ
ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦢꦶ ꦩꦸꦤ꧀ꦝꦶꦧꦼꦝꦶꦭ꧀
ꦒꦶꦩꦤ꧀ꦥꦺꦒꦺꦴ ꦩꦁꦏꦠ꧀ꦝꦺꦠꦺ
ꦩꦔꦤ꧀ꦥꦺꦴꦲꦸꦁ ꦤꦸꦩ꧀ꦥꦏ꧀ꦝꦺꦴꦏꦂ
ꦲꦶꦭꦠ꧀ꦥꦼꦫꦃ ꦤꦶꦱꦶꦭ꧀ꦝꦭꦺ

ꦲꦤꦏ꧀ꦪꦠꦶꦩ꧀ ꦠꦩꦤꦾꦥꦸ
ꦒꦸꦥꦏ꧀ꦪꦶꦪꦶꦠ꧀ ꦗꦫꦤꦾꦺꦥꦏ꧀
ꦒꦺꦴꦭꦺꦏ꧀ꦪꦸꦪꦸ ꦲꦉꦥꦾꦺꦴꦒ
ꦫꦸꦤ꧀ꦠꦶꦏ꧀ꦪꦏ꧀ꦠ ꦲꦢꦸꦱꦾꦶꦔ꧀ꦤꦩ꧀
ꦥꦤ꧀ꦠꦼꦱ꧀ꦪꦺꦤ꧀ꦢꦺꦤ꧀ꦤꦸꦠ꧀ꦠ ꦱꦒꦼꦢꦾꦸꦢꦶ
ꦠꦤ꧀ꦪꦺꦴꦒꦢꦶꦏꦸꦭꦸ ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤꦾꦼꦭꦏ꧀
35 [ 37 ]
PIWULANG 4

I. WICARA

SEMANGAT '45


Sudadi : "Ayo Met mrono!

Neng ngisor wit sawo.
Ngadang bakso.
Sukur ana soto.
Orane ya thimlo."

Slamet : "Iya, bagus, aku dakmrono!

Di, masa ana bakso.
Masa ana soto.
Apamaneg thimlo.
Anane mung ...... kari mlongo!"

Sudadi : "Wis, wis, kene, kene.

Pbrolan sakepenake bae."

Slamet : "Ya, Dad,ngisis neng ngisor wit sawo!"
Sudadi : "Amit, amit, iki buntut urange kok njenthir ta Met?"
Slamet : "Pancen kok, ya iki sing memper buntute Gagakrimang !"
Sudadi : "Wah, nek ngelingi jaman samana ya Met, rekasane awake dhewe iki,wis......bukan main."
Slamet : "Lha iya ta, coba nek dipikir, awake dhewe ki biyen durung tau mambu bendhil, ewa semono kok ya wani maju perang."
Sudadi : "Pancen nyata.

Sapa ta jaman '45 ki sing manggul bedhil. Rak arang banget. Anaa ya mung siji loro tilas Heiho utawa PETA.
Kuwi bae dununge ora karuh-karuhan."

Slamet : "Ning ya ndilalah. Nalika semana ora non ora tuwa, kabeh kadunungan semangat.

Ing atase mung nggawa bambu runcing bae wani nglawan Jepang kang gegamane be-

[ 38 ]

dhil, metraleur, mriyen sapiturute."
Sudadi : "Met, kelingan dhek nggrebeg Kenpeitai biyen ya. Senajan cenunukan ora wedi pucuk bayonet, pucuk bedhil, anane mung wani thok. Nggrebeg satobate Kenpeitai."
Slamet : "Ya kuwi ora kok jeneng umuk, awake dhewe ki rak kadunungan sipat semnagat temenan

Wah nek kelingan prastawane Bung Arifin, nggugua kancane, ora bakal ndhisiki dadi kurban.
Lha ya wis muga-muga kari ngrasakake kabungahan ana ngarsane Pangeran."


II. LAGU UAKRA (1.3.)

WACANEN KANG BECIK

Nglairake rasa gumun.

  1. Adhuh, pintere bocah iki !
  2. Biyuh, biyuh larange!
  3. E, e,e, titis tenna pembatange!
  4. Tobat, ndablege bocah kuwi!
  5. Walah, tumane ngembel sagajah-gajah!
  6. Wah, pancen wis ora kena digawe becik!
  7. E, ya talah, ngono bae meksa ora kebeneran!
  8. Masa bocah semono gedhene isih ngompol!
  9. Astaga, ndhugale boca kuwi!
  10. Masalah, kok akeh temen sing dadi kurban!

III.A. TEMBUNG DWIWASANA (1.5.1.)

Tembung dwiwasana iku wujude saka tembung lingga karangkep wandane wekasan

Tuladha: Senajan cenunukan, ora wedi pucuking bayonet, pucuking bedhil, anane mung wani thok. [ 39 ]Ukara iki isenana nganggo tembung dwiwasana!

  1. Olehmu nganggo sarung kuwi kok..........dandana sing apik ta!
  2. Delengen, mripate copet kae rak..........
  3. Bocah-bocah padha pating.......... kuwi ana apa ta?
  4. Aja.......... mundhak dadi ati.
  5. Sapa sing ngguyu.......... ana ngarepan omah kae?
  6. Guneman iku sing tata aja..........
  7. Wis awan kok isih.......... bok iya nyapu-nyapu kana !
  8. Aja.......... Ana dalan, ditaboki bocah tenan lho!
  9. Lungguh kok.......... ngono, ayo sikile dibenerake!
  10. Dhuwit ilang ya wis ben, aja.......... ngisin-ngisini!

  1. celuluk
  2. pethanthangan
  3. pethenthengan
  4. njedhodhog
  5. cengengesan
  6. cekakakan
  7. cuwewekan
  8. jegeges
  9. julalatan
  10. mbedhudhug

111. B TEMBUNG CAMBORAN/KOMPOSITUM (l.5.2)
Tembung camboran iku pamoring tembung lingga loro utawa luwih kang ora kena pinisah, mujudake pagreteno Saben dipisah duwe teges liya. Dadi ora bakal kalakon diseseli tembung liyane.
Tuladha:
Amit, amit [buntut urangmu] kok njlenthir.
buntut urang = rambut cendhak lancip ing si rah ngisor/buri
Tetmbungan iki dadekna tembung camboran!

  1. Aku tukokna balung ..........dianggo klethik-klethik kene.
  2. Sajake gulu .......... WC buntet mulane mambege

  1. Rimang
  2. penceng

[ 40 ]
 3. Layone isih jejaka, mulane
    digawakake gagar .......
 4. Lintang Salib iku uga diarani
    gubug .......
 5. Jarane Arya Panangsang iku
    aran gagak .......
 6. Methika ilat ....... kanggo
    kramas!
 7. Lawang inebe loro tangkeban
    wis mungguh, disebut .......
 8. Taune diurmati gendhing kebo 
    .......
 9. Bawa Sekar Lara ....... dhawah
    gendhing Gambirsawit.
10. Dondomane kok lumpat .......
    bok iya sing urut ta!
  
 c. mayang
 d. banyak
 e. kethek
 f. kidang
 g. bentrok
 h. giro
 i. tarung
 j. baya
  
III.C. LINGGA ANDHAHAN   (1.5.)
    Tembung lingga andhahan iku tembung lingga
    kang oleh ater-ater: sa, pa, pi, pra, tar,
    ka.
    Tuladha kang oleh ater-ater sa,
    Nggrebeg satobate Kenpeitai
    satobate ateges nganti tobat
    Ukara iki isenana nganggo tembung lingga an-
    dhahan kan ater-atere sa, ateges nganti.
  1. Disuguh mangan .......
  2. Tukua brambang Rp 50,- .......
  3. Kuncung ngece adhine .......
  4. Ngranggeh jambu .......
  5. Nggarap matematika .......
  6. Olehe mbayar .......
  7. Mlakua bae .......
  8. Ali ndherek kamase .......
  9. Abas maca .......
 10. Ngombe inuman keras .......
   
  a. samabuke
  b. sakatame
  c. sakrasane
  d. satekane
  e. saduwene
  f. sawarege
  g. saolehe
  h. sajelehe
  i. sagaduke
  j. sarampunge
   
40 [ 41 ] IV. GUDHANG TEMBUNG/KOSA KATA   (1.5.1.)
    A. NERUSAKE TEMBUNG
       Tuladha :
            Aku dhewe durung tau mambu bedhil, ewa
            semono kok iya wani maju perang.
       Ukara iki ganepana !
  1. Mengko yen wayahe perang......
     aku gugahen !
  2. Perang ....... iku dadi ka-
     wajibane wadya bala dharatan.
  3. Perang ....... iku sing mbe-
     bayani tenan. Lha wong ora ma-
     ngreti andi sing diarani mu-
     suh lan endi kang diarani mi-
     tra.
  4. Dene perang ....... iku dadi
     tanggung jawabe Angkatan Laut.
  5. Perang ....... iku dhedhelikan
     sarana nglimpe.
  6. Sumbere Satriya, "Ayo yen wani
     perang ......., aja limpe-lim-
     penan."
  7. Perang nglabuhi agama iku di-
     sebut perang .......
  8. Aja maneh mung perang ngarep,
     perang ....... dakladeni.
  9. Perange satriya lawan danawa
     iku perang .......
   
  a. kembang
  b. tandhing
  c. sabil
  d. ngarep
  e. leles
  f. laut
  g. dhemit
  h. dharat
  i. brubuh
   
    B. Ora wedi pucuk bayonet.
                      bayonet = sangkur
       TEMBUNG ANYAR KANG SAKA MANCA
 1. domisili (domicilie/ = papan dununge
              domicile)
 2. memorandum (memorandum) = layang pengetan
                                                       41 [ 42 ]  3. mah
 4. kondisi (conditie/            = wadhuk, weteng
            condition)
 5. situasi (situatie/            = kaanan, sarat
             situation)
 6. konflik (conflict)            = suwasana, kaanan
 7. konsekuen (consequent/        = pasulyan, congkrah
               consequente)       = sumbut apa kang di-
                                    kandhakake, tanggung
                                    jawab
 8. relatif (relatief/            = ora umum, ora mesthi
             relativity)
 9. regional (regionaal/          = kedhaerahan
              regional)
10. internasional (interna-       = sajagat
    tionaal/international)
11. divisi (divitie/divition)     = perangan gedhe
12. delegasi (delegatie/          = utusan, perwakilan
              delegation)
13. harmonis (harmonie/           = laras, mungguh
              harmony)
14. idheal (adeaal/ideal)         = idham-idhaman
    C. NINDAKAKE PAKARYAN
       Tuladha :

Sapa ta jaman '45 sing

manggul bedhil
    Iki isenana araning barang !
 1. Sariman ngundha .....................
 2. Sinten ingkang ngulukaken ...........
 3. Pun Embah nembe nglinting ...........
 4. Mbakyu sampun nggirah ...............
 5. Wau Pak Suta nyurung ................
 6. Kula dereng saged ngasah ............
 7. Gendhuk ngrencangi ngrajang .........
 8. Adhi kula dereng saged ngongoti .....
 9. Lare punikka nembe nyaponi ..........
10. Menawi saput siti kula cethik .......
42 [ 43 ]IV. WARNANING UKARA/RAGAM KALIMAT (1.6.2.)

.......nggugua kancane, ora bakal ndhisiki dadi kurban.
nggugua ing kene duwe teges upama nggugu
Tembung lingga/andhahan kang kadunungan panambang a, ana, na kang darbe teges: sanajan, upama, pangarep-arep/pamuji, iku diarani tembung sambawa.
Ukara sambawa iki darbe teges apa?

  1. Nggawaa sangu kae ora kober jajan.
  2. Nagihana utang kae ora oleh sauran.
  3. Nyacahna kae ora bisa cocog.
  4. Mau nggawaa payung rak ora kodanan.
  5. Mau nggawanana kayu garing bisa kanggo obong bata.
  6. Wingi nyinggahna bengkowang, saiki bisa lotisan.
  7. Simbok mengko nggulea ya, kancaku arep dakjak mangan bareng.
  8. Mengko yen tekan Sala Mbakyu nggorengana remikan ya, sesuk dakgawane menyang pondhokan.
  9. Bu Gedhe bisa ngedusna ali-aliku mono ya,dadi sesuk bisa daknggo plesir.

V. PURWAKANTHI (1.7.2.)
Tuladha.

Ayo Met, mrono !
Neng ngisor wit sawo.
Ngadhang bakso.
Sukur ana soto.
Bagus, aku dak-mrono.
Di, masa ana bakso.
 masa ana soto.
 apa maneh thimlo.
Sing mesthi, kabeh padha mlongoe

49 [ 44 ]Pungkasane gatra utawa ukara mau suwarane kang rujuk/runtut (swara o), lha iki kang diarani purwakanthi swara.

Tuladha liyane:

1. Cempe, Cempe, undangna barat gedhe,
dakopahi duduh tape,
yen kurang njupuka dhewe.
Cempa, Cempe, undangna barat dawa,
dakopahi duduh kluwa
yen kurang njupuka kana

2. Dhok lyik, Dhok lyik,
embokmu lunga mbathik,
dicegat Landa burik,
le nangis ngerik-ngerik.
Dhok Erok, Dhok Erok,
biyungmu lunga ngerok,
dicegat Landa brewok,
le nangis nganti gerok.

3. Lelagon(Aku Bisa Nembang -Hardjosoebrata)
Nama kula Kamid,
kula dados dhokter,
njampeni sesakit,
sakalangkung pinter.
Radi kaleresan,
nyuwun jampi wudun,
sampun tigang wulan,
boten mantun-mantun.
Kedah dhahar babal,
pareman kencur
yen supados enggal,
kedah dipun jagur.

[ 45 ]VI. MACA TITI

A. WACANEN KANG BECIK
TIYANG MLARAT KALIYAN BLUMBANG

INGKANG ASREP TOYANIPUN

II

Kacariyos sawangsulipun tiyang mlarat saking griyanipun Sudagar, samargi-margi tansah sesambat angaru-ara, amargi rumaos kenging apus. Ing ngatasipun sedalu sampun kraos kasrepen, wusananipun boten dipun bayar kados ingkang sampun kajangjekaken, wewah malih nalangsanipun, dene pun Sudagar nantang-nantang, murih tiyang mlarat wau lapur dhateng pengadilan, menawi sakinten boten nrimah. Ingkang mekaten punika, tiyang mlarat wau inggih sayektos sowan dhateng pengadilan, prelu nglapuraken sedaya ingkang sampun kalampahan, ananging pengagenging pengadilan boten kresa paring pengadilan , malah tiyang mlarat wau dipun lepataken. Mekaten ugi pengageng-pengageng sanesipun ingkang dipun sowani dening tiyang mlarat wau, sedaya sami nglepataken dhateng piyambakipun. Kados pundi reka dayanipun tiyang mlarat wau, senajan ta midera sapraja pisan, temtunipun sedaya-sedaya ugi boten badhe purun suka pengadilan, ndilalah karsaning Allah, kala semanten tiyang mlarat kepethuk kaliyan Abunawas. Sareng pun Abunawas sumerep wonten tiyang ketingal sakalangkung prihatos, lajeng enggal murugi sarta pitaken mekaten,

“Lho, ki sanak, delenge sampeyan kok susah banget, niku sababe mawon napa, bok sampeyan critakake teng kula, nek-neke kula bisa mitulungi teng sampeyan !”

Mireng pitakenipun Abunawas, tiyang mlarat wau sakalangkung bingahing manahipun, sarta lajeng nyariyosaken sedaya lelampahanipun, saking wiwitan dumugi pungkasan. Mekaten ugi anggenipun sowan dha[ 46 ]teng pengadilan saha pengageng-pengagenging negari ingkang sami boten aparing pengadilan malah nglepataken, punika ugi boten kesupen. Mireng cariyosipun tiyang mlarat ingkang mekaten wau, pun Abunawas boten kekilapan saha lajeng jangji sumedya badhe amitulungi. Ing dinten Senen tiyang mlarat wau kapurih dhateng ing griyanipun Abunawas, lan namung kapurih angawasaken sedaya solah tingkahipun ing wekdal dinten kasebat wau. Tiyang mlarat nyagahi kanthi bingahing manah.

Kocapa pun Abunawas, sapengkeripun tiyang mlarat lajeng enggal sowan dhateng Sang Prabu, dumugi ing ngriku Sang Prabu saweg kaleres lenggah sinewaka, Abunawas enggal katimbalan saha lajeng kadangu menggahing sedayanipun. Abunawas matur saha nyembah,

“Dhuh Gusti pepundhen kawula, mugi kalilana matur ing ngarsa dalem, sampun pisan- pisan ndadosaken deduka dalem. Sejatosipun sowan kawula ing ngarsa dalem punika, boten sanes kawula namung badhe ngaturi ing panjenengan dalem, kresaa tedhak ing griya kawula ing dinten Senin ngajeng punika, prelu njenengi punapa ingkang dados kajat kawula.”

Sang Prabu dhangan menggahing panuwunipun Abunawas wau.

Sesampunipun punika, Abunawas lajeng sowan dhateng dalemipun para pengageng negari saha pengagenging pengadilan, ngaturi supados sadaya wau ing dinten Senin kasebat nginggil karsaa rawuh ing griyanipun saprelu njenengi kajatipun, Ingkang sinowanan sedaya sami nyagahi.


B. PITAKONAN

  1. Wong miskin sesambat ngaruhara, apa sababe?
  2. Bareng wong miskin mau lapur, kepriye putusane pengadilan. [ 47 ]
    1. Wong mlarat disalahake sapa bae?
    2. Wong mlarat mau kepethuk Abunawas, banjur kepriye?
    3. Abunawas ngadhep S. Prabu arep apa?
    4. Sang Prabu kepriye?


C. TEMBUNG-TEMBUNG KANG ANGEL

sudagar = wong dagang gedhe
ngaruhara = sambat susah banget, kuwur
nalangsa = ngrumangsani apesing lelakon
sayektos = satuhu, tenan, sayekti
reka daya = rerigen, pratikel, saranane murih kaleksanan
mider = mubeng-mubeng
kekilapan = kelalen, keliru
sapengkeripun = salungane, saburine
lenggah sinewaka = lenggah diadhep para kawula
pepundhen = sing diaji-aji
njenengi = melu nunggoni, rawuh


VII. AKSARA JAWA

A. Tulisen nganggo aksara Jawa

Pentil asem caluk.
Alok ilang cluluk.
Sisa wijen cabuk.
Dhingklik kalen ebuk.

Pitik cilik kuthuk.
Pohung jadah gethuk.
Gejil kayu thuthuk.
Dhuwur kening bathuk.

[ 48 ]B. WACANEN KANG LANCAR

ꦥꦼꦔ꧀ꦤꦩ꧀ꦩꦠꦼꦁ ꦩꦤꦸꦏ꧀ꦒꦒꦏ꧀
ꦥꦚ꧀ꦕꦤ꧀ꦩꦫꦱ ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦒꦫꦃ
ꦲꦉꦥ꧀ꦩꦸꦝꦸꦤ꧀ ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦒꦸꦫꦸ
ꦩꦺꦫꦠ꧀ꦩꦺꦫꦺꦴꦠ꧀ ꦥꦩꦤ꧀ꦪꦺꦴꦒꦺꦴ
ꦱꦮꦼꦒ꧀ꦩꦼꦉꦩ꧀ ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦒꦼꦒꦼꦱꦁ

ꦫꦸꦗꦏ꧀ꦧꦧꦭ꧀ ꦤꦧꦸꦃꦒꦼꦤ꧀ꦛ
ꦱꦒꦼꦢ꧀ꦕꦶꦔꦂ ꦧꦫꦸꦏ꧀ꦭꦶꦤ꧀ꦛ
ꦠꦸꦩ꧀ꦧꦱ꧀ꦧꦸꦧꦸꦂ ꦠꦸꦭꦸꦁꦩꦤ꧀ꦛꦸꦁ
ꦥꦸꦫꦸꦤ꧀ꦧꦺꦏ ꦚꦩ꧀ꦧꦸꦁꦏ꧀ꦭꦤ꧀ꦛꦺ
ꦱꦶꦏꦼꦩ꧀ꦧꦺꦴꦝꦺꦴ ꦒꦼꦤ꧀ꦛꦁꦲꦸꦩꦺꦴꦱ꧀
ꦩꦔꦤ꧀ꦧꦼꦠꦺꦴꦤ꧀ ꦥꦱꦁꦏꦤ꧀ꦛꦼꦁ
*****

48 [ 49 ]

PIWULANG 5

I. WICARA

LAYANG WEDHATAMA
Bapa : "Parja, mrenea "
Parja : "Kula, inggih."
Bapa : "Kowe sowana Pakgedhemu Siswa, matura

manawa bapak nyuwun ngampil kagungani
pun serat Wedhatama.
Arep dakwaca mengko sore.
Awit aku kepengin maca layang Wedhata
ma."

Parja : "Inggih, punapa samangke ?"
Bapa : "Iya.
Olehmu matur sing cetha ya, tembunge

ditata, aja kaya cah gunung !"

Parja : "Inggih, kepareng nyuwun pamit!"




Parja : "Kula nuwun !"
P. Siswa : "Sapa kuwi ?"
Parja : "Kula Parja, dipun utus Bapak, dipun
dhawuhi matur, menawi kepareng nyuwun
ngampil kagunganipun serat Wedha
tama. Badhe dipun waos mangke sonten.
Awit Bapak kepengin maos serat Wedha
tama."
P. Siswa : "O, matura bapak !
Layangku Wedhatama ora aneng ngomah

Wingi disilih Mas Brata ing Purwasari,
durung diulihake.
Layang Wulang reh iki bae gawanen.
Isine uga piwulang becik kok, iki uga
migunani. "



[ 50 ]

Bapa : "Oleh pa Ja?"
Parja : "Boten Pak. Awit seratipun Wedhatama nembe dipun sambut Paman Brata ung Purwasari dereng dipun wangsulaken.

Dene kula dipun bektani Serat Wulang Reh."

Bapa : "Ya wis, Wulang Reh ya kena."


II. LAGU UKARA/INTONASI (1.3.)
 UKARA PANJALUK
 Ukara panjaluk utawa panyuwun iku satemene ukara pakon mung bae alus.
 Tuladah:
Kula Parja, dipun utus Bapak, menawi kapareng nyuwun ngampil kagunganipun serat Wedhatama!
 Coba uakra-ukara panjaluk iki lagokna!

    A. 1. Aku njaluk ngombe ya!
    2. Kene, njaluk gegine!
    3. Mbok aku nyilih pompane ya!
    4. Yen lega aku nyilih sepedhamu sedhela!
    5. Menawa duwe,aku nyrempet sewu rupiyah bae!
    B. 6. Menawi kapareng buku punika kula suwunipun!
    7. Kula aturi midhangetaken pamedhar sabdanipun kyai Umar!
    8. Menawi adhi kresa kula aturi rawuh ing pondhok kula jam pitu sonten!
    9. Menawi dhangan ing panggalih, kaparenga kual nyuwun ngampil balapecahipun!
    10. Menawi Bapak Guru marengaken, kula nyuwun pamit sadinten kemawon! III.a. TEMBUNG CAMBORAN (1.5.2.)
    Tulidah : Bapak kapengin maos serat Wedhatama. (araning buku) [ 51 ]Tembung camboran iki dadi araning apa?
    1. bumbu rujak
    2. sandhung lamur
    3. pacar wutah
    4. tali picis
    5. manyar sewu
    6. sangga langit
    7. watu gunung
    8. mata kucing
    9. samber lilen
    10. cara balen
    11. uler kambang

    1. panji klanthung
    2. sidamukti
    3. pacul gowang
    4. panjang ilang
    5. klabang nyander
    6. bulus angrem
    7. uler kaget
    8. dara muluk
    9. celeng mogok
    10. macan kerah
    11. banyak angrem

    b. TEMBUNG WANCAHAN (1.5.2.)
      Olehmu matur sing cetha,
      tembunge ditata, aja kaya cah gunung!
    cah gunung wutuhe bocah gunung
      Tembung kang dilongi wandane utawa dicekak iku diarani tembung wancahan.
    Tembung-tembung iki wancahen!

    Sujana
    Suminah
    Pratama

    Sutapawira
    Resadirya
    Pak Prawira

    Imagiri
    \ Matesih
    Kartasura

    Kangjeng Gusti
    Raden Mas
    Mas Ngabei

    punapa
    dhateng
    kemawon

    saking
    samangke
    sampeyan

    c. TENBUNG ANDHAHAN (1.5.)
     Isenana nganggo andhahane tembung gunung!

    1. Wong kae rupane kena diarani ........ saka kadohan apik, yen cedhak ala.
    2. Mesake temenan P.Dangsa iku

    1. gunung kendheng
    2. gunung sa-

    [ 52 ]

    wis omahe cilik emplek-emplek, kathik kaegusur dening parentah, iki rak kena diarani ...........

    1. Bocah kok ......... bok sing kaya wong kutha thithik.
    2. Hajad dalem Sri Sunan ing dina grebeg digawekake ..........
    3. Bathuke bocah kae ............. wangune ing dhuwur semu lancip.
    4. Tapel watese wilayah kedhu karo Ngayoja iku .......... Monoreh.
    5. Merapi iku kagolong ..............
    6. Menawa menyang Pedan aku gawakna lurik ..............
    7. Kang diarani ali-ali .......... iku yen matane tengah ceplik diapit-apit inten kang padha gedhene.
    8. Daerah Ngayoja pering kidul sapengetan tekan sakiwa tengene G. Semeru iku .......

     sapikul
    c. gunung guntur
    d. gunung geni
    e. pagunungan
    f. bathuk gunungan
    g. gunungan
    h. nggunungi
    i. kerubuhan gunung

    j. sri gunung

    e. TEMBUNG ANCER-ANCER (1.5.)
     Tuladha:
     Bukuku wingi disilih Mas Brata ing Sala
    Ukara iki isenana nganggo tembung ancer-ancer'.

    1. ........... kesele nganti ora bisa mlaku.
    2. Tiba ketanggor ............ padhas.
    3. Wus pinasthi .............. Dewa kang linuwih.
    4. Wong tuwa mono pancen tresna .......... anak.
    5. Dipun penthung ............. doran.
    6. Aku mentas lunga .............. Madiun.
    7. Sampun Kaesahaken ........... Paheman Radya Pustaka.
    8. Apik duwekku ............ duwekmu. [ 53 ]
    9. Griyanipun boten tebih .......... panggenan kula.
    10. Sutarj memet iwak ........... kali.

    ing
    menyang
    marang

    dhateng
    saka
    saking

    dening
    karo
    kaliyan

    d. TEMBUNG ANDHAHAN (1.5.)
     Isine uga piwulang becik, migunani
    migunani = maedahi
    Ukara-ukara iki isenana nganggo andhahane tembung guna !:

    1. Wong kang darbe kaluwihan .............. iku pancen dieringi wong akeh.
    2. Kang pantes sinebut ............ iku wong kang bisa nggugah sengseming ati marang rasa kaendahan.
    3. Wong mono ora prelu .............. yen tenane ora bisa luwih becik beres bae.
    4. Wong ........... marang liyan iku ora prayoga.
    5. Duwe patrap iku ora prelu nindakake ......... marang liyan mundhak nampak seisiku.
    6. Wong kang durung duwe ............ aja kesusu krama.
    7. Pra winasis kang sugih kapinteran iku kena diarani ..............
    8. Calon Arang eritane nyebar .......... gawe pepati.
    9. Asmane penggedhe iku manawa ditulis aksara Jawa, bisa ........... aksara murda.
    10. Padha ...............kapinteranmu, nanging aja kanggo minteri. [ 54 ]

    guna kasantikan
    wong guna
    gumuna
    nggunani
    guna gawe

    guna kaya
    gunawan
    guna-guna
    nggunakake
    nggunakna

IV GUDHANG TEMBUNG/KOSA KATA (1.5.4.)
 A. TEMBUNG KAWI
Layang wulangreh iki bae gawanen !
 reh = pratingkah, patrap, tindak
 Tetembungan iki kepriye jarwane?

  1. Baratayuda
  2. aywa kawuntat
  3. yogane sapa
  4. minum tirta amarta
  5. sigra mentar
  6. pantes sinudarsana
  7. rupeking sasana
  8. bala rewandha
  9. singa ranu
  10. swaraning pradanangga

  1. wong prawira
  2. sunare gumebyar
  3. katiyub samirana
  4. bajra irawan
  5. tumekeng pralaya
  6. daksinalaya
  7. sukeng kalbu
  8. darbe tanaya
  9. dadya duta
  10. mesat ing awiyat

B. ENDI SING BENER

  1. Bedane 100 karo 75 pira?
    Kaceke 100 karo 75 pira?
  2. 100 dikurangi 25 kari 75.
    100 dikurangi 25 isih 75.
  3. Oleh bathi 10 ewu rupiyah.
    Bathi 10 ewu rupiyah.
  4. Sepatu iku gampang jebol.
    Sepatu iku gampang jebole.
  5. Kula dipun dhawuhi nyerat.
    Kula dipun dhawuhi nyerat.
  6. Bocah iku dikapakake kok nangis.
    Bocah iku dikapakna kok nangis. [ 55 ]
  1. Ora idhep ing bener.
    Ora weruh ing bener.
  2. Ngaturi uninga.
    Ngaturi kauningan.
  3. Lemari iku kang digawe saka kayu.
    Lemari iku kang digawe kayu.
  4. Adhimu lagi ngumbah piring.
    Adhimu lagi ngasahi piring.

V. DHAPUKANING UKARA  UKARA RANGKEP   (1.6.1.)  Tuladha:

  1. Adhiku lagi sinau.
  2. Mase lagi resik-resik.
  3. Aku dhewe nggodhog wedang.
Adhiku lagi sinau, Mase lagi resik-resik, dene aku dhewe nggodhog wedang.

Ukara ikigandhengen nganggo tembung: dene, nanging, ewa semono!

  1. a. Mbakyu etung-etung bebathene.
    b. Embokne nata dagangan
    c. Embahne mbuntel-mbunteli.
  2. a. Sutarma sampun pindhah dhateng Sala.
    b. Sukarya pindhah Sukabumi.
    c. Kula taksih tetep wonten Klaten.
  3. a. Kursine Sudarka jengki.
    b. Kursine karta plastik.
    c. Kursiku trima penjalin.
  4. a. Adhine sregep.
    b. Kakange rada kesed.
  5. a. Karepku iya ngono kuwi.
    b. Aku ora duwe dhuwit.
  6. a. Bocahe ora mung diganjar radhio.
    b. Bocahe uga diganjar dhuwit [ 56 ]
    1. a. Kudi olehe sinau mempeng.
      b. Durung bisa lulus.
    2. a. Pangrakite pasugatan kaangkah apik.
      b. Kabeh padha ngrasani kuciwa.
    3. a. Nyambut gawe direwangi adus kringet.
      b. Durung bisa cukup.

    VI.WARNA BASA (1.7.1.)
     Basa kramantara iku gawenen mudha krama !

    1. Mbakyu menawi purun jangan punika sampeyan icipi !
    2. Kamas punapa sampun ninggali guwa Jatijajar?
    3. Menawi kesah mrika mangga mampir ing griya kula !
    4. Paman, mangga ucul-ucul rumiyin!
    5. Pak kriya menawi badhe nedha kula dipun undang kemawon!
    6. Wa Pawira ngantos sapriki taksih gesang.
    7. Embah sampun sepuh, muripun 80 taun, sampun ompong.
    8. Menawi kesah kula asring tumut.
    9. Kala wingi Pak Gedhe pijet cengel.
    10. Rambutipun sampun pethak.

    VIII.TEMBUNG GARDA/SANDI (1.7.2.)
     Tuladha:
     Layangku Wedhatama ora aneng ngomah.
    aneng = ana + ing

    Tembung garba iku kanh dikarepake ananing suwara anyar kang tuwuhe saka gandheng sesambungane suwara siji karo sijine. Dene lumrahe kanggo agungkret cacahing wanda (ing tembang)
    Aturan-aturan iki gatekna!

    a + i , dadi e -- tumeka + ing = tumekang [ 57 ]a + u, dadi o raja + ula = rajola
    a + 3, dadi e kuda + estri = kudestri
    a + o, dadi o padha + omah = padhonah
    Coba tembung-tembung iki dadekna tembung garban!

    saba + ing =
    putra + utama =
    lunga + esuk =
    bisa + olah =

    jaga + ing =
    wira + utama =
    karya + enak =
    bisa + obah =

    Tembung-tembung iki udharana!

    siniwakeng =
    sireku =
    narpendah =
    sarotama =

    trimora =
    tumibeng =
    darmolun =
    karyolah =

    VIII. WACANEN/TEMBANGNA

    A.

    GAMBUH


    Adigang, adigung, adiguna


    1. Ana pocapanipun,
      adiguna adigang adigung,
      pan adigang kidang adigung pan esthi,
      adiguna ula iku,
      telu pisan mati samyoh.
    2. Si Kidang umbagipun,
      angandelken kebat lampahipun,
      pan si Gajah ngandelaken gung ainggil,
      ula ngandelaken iku,
      mandine kalamun nyakot.
    3. (Wulang Reh - Sri Sunan PB IV)

      B. Pitakon iki wangsualana!

      1. Watak apa kang dirembug?
      2. Kidang wateke kepriye? [ 58 ]
      3. Ula watake kepriye?
      4. Gajah watake kepriye?
      5. Watak-watak iku mau wusanane kepriye?



      C. TEMBUNG-TEMBUNG
      adigang =ngendel-endelake enggone rosa, kuwat, digdaya, kuwasa adiguna =ngendel-endelake kapinterane, kaluwihane adigung =ngendel-endelake kaluhurane esthi =gajah sampyuh =kalah/mati bareng umbag =seneng sesongaran/umuk kebat =rikat, banter
      IX. AKSARA JAWA
      A.WACANEN LAN SETITEKNA ꦧꦥꦏ꧀ꦔꦁꦱꦸ ꦏꦂꦤꦺꦤ꧀ꦔꦼꦭꦸ ꦱꦒꦼꦢ꧀ꦔꦶꦢꦸꦁ ꦢꦺꦴꦭꦤ꧀ꦔꦺꦠꦤ꧀ ꦔꦗꦏ꧀ꦔꦸꦭꦺꦴꦤ꧀ ꦠꦶꦊꦩ꧀ꦔꦺꦴꦫꦺꦴꦏ꧀

      B. TULISEN AKSARA JAWA 1. Pak Ngari dolan ngetan ngiras nguyang pari. 2. Lik Ngarijan ngalor arep gladhen ngidung. 3. Murid-murid ngangsu kawruh. 4. Senthun pathenthengan. 5. Yu Sunthi panen kenthang. 6. Rambut bodhol. 7. Suparlan dados guru.




      58 [ 59 ]
      PIWULANG 6

      WICARA

      SETATSIUN SOLO


      Warsana : "Mas Ta, arep tindak ngendi?"
      Sutata : "Arep menyang setatsiun Solo Balapan."
      Warsana : "Apa adoh ta Mas?"
      Sutata : "Ora, kira-kira 5 km."
      Warsana : "Kaperluane apa?"
      Sutata : "Tuku karcis sepur 'SENJA'"
      Warsana : "O, dadi yen arep numpak sepur Senja ki kudu pesen dhisik ta?"
      Sutata : "Iya bener, yen ora mengkono ora bakal oleh enggon."
      Warsana : "Saka setatsiun Solo Balapan, jurusan ngendi bae Mas?"
      Sutata : "Setatsiun Solo Balapan dipecah dadi loro, yen ngalor jurusan Semarang, dene yen ngetan jurusan Surbaya liwat Madiun.

      Ngulon menyang Jakarta liwat Yogya.

      Warsana : "Setatsiun Solo iku ana pira ta Mas, lan sapa sing yasa?"
      Sutata : "Ana 4, yaiku:
      1. Solo Balapan - sing gedhe dhewe.
      2. Solo Jebres - prenahe wetan
      3. Purwasari - prenahe kulon
      4. Solo Kota - prenahe kidul

      Dene sing yasa dhek boyen maskape."

      Warsana : "Setatsiun Solo Kota iku jurusan ngendi?"
      Sutata : "Jurusan Wanagiri."
      Warsana : "Wah sakutha Sala bae ana setatsiun 4, rame ya?"
      Sutata : "Ya pancen bener. Liya dina dakajak mubeng-mubeng menyang kutha.

      [ 60 ]

      Wis ta, golek walang rada agal,

      aja sumelang nek taktinggal."

      Warsana : "Iya, matur nuwun Mas.

      Pucuk godhong aja ngapusi lho!"

      II. LAGU UKARA/INTONASI (1.3.)
       UKARA PANGAJAK
      Ukara pangajak, padha bae karo ukara pakon, mung bae kang diprentah nduweni teges sejajar pangkate kare sing mrentah.
      Lumrahe dipratelakake nganggo tembung: ayo, mangga, sumangga, awi, coba, prayoga.
       Ukara iki wacanen, intonasine kang cetha!

      1. Ayo padha dolanan!
      2. Ayo pethi iki dienceng-enceng, dielih mrana!
      3. Mangga dipun kedhapi!
      4. Mangga ta dipun entosi mriki, sinambi lenggahan!
      5. Mbok ayo ta padha mlaku-mlaku!
      6. Awi ta dhateng griya kula, pados jambet!
      7. Cobi dipun waos malih kajengipun cetha!
      8. Saenipun, kita sowan kemawon, boten prelu nyaosi serat.
      9. Kinten kula langkung sae nggasiki tinimbang dhateng kantun.
      10. Prayoginipun padamelan punika dipun rampungaken salah satunggal rumiyin.

      III.TITI TEMBUNG (1.5.)
      A. TEMBUNG DWILINGGA (1.5.1.)
       Titik-titik iki isenana nganggo tembung dwilingga kang darbe teges tembung aran!

      1. Mbak Hartanti nganggo ..........gunung sapikul.
      2. Awakmu kuru tenan,ngiloa balunge ............. rak katon nggligir. [ 61 ]
      3. Embok Ngaisah nyampluk ............... dilahipun dhawah lajeng pejah.
      4. Biyuh, biyuh jangane ............kathik nyethek asine.
      5. Ngati-ati lho, jalake aja diumbar, sida disamber ........... tenan mengkol!
      6. Apa ing ............. ana bal-balan ?
      7. Mesakake, wingi ana ................ kesrempet sepedhah, sarunge nganti rowak-rawek.
      8. Wedhuse engonen ana ing ................ kana!
      9. Kewan sing kaya kemangga ana banyu kae jenenge ..............
      10. Wektu iki wong panen wis arang nggunakake .............., jalaran parine cendhek-cendhek.

      B. GUDHANG TEMBUNG/KOSA KATA (1.5.4.)
       a. HOMONIM
      - Yen ora mengkono ora bakal oleh enggon.
      = ora arep oleh enggon
      - Aku dioleh-olehi bakal klambi.
      = tekstil/cita
      Tembung homonim iki kepriye tegese?

      1. a. Kala wau kula tumbas sata.
        b. Adhi kula dipun damelaken kala cecak.
      2. a. Aku tukokna jenang dodol!
        b. Yu Sinem dodol binteng jae.
      3. a. Korengmu wur-wurana omah tawontutur.
        b. Yen ana tutur becik, prayoga digatekake.
      4. a. Ayo mas, lungguh sisihan karo aku.
        b. Ayo, sapa kang wis duwe sisihan bares bae.
      5. a. Kuthuke digondhol wulung.
        b. Pak kyai ngagem iket wulung.
      6. a. Sepure legs, ding numpak presasat ora ana.
        b. Mbok sing bisa gawe lega atining liyan.
      7. a. Gula iku rasane legi.
        b. Besuk Legi aku arep menyang Grompol.
      [ 62 ]
      1. a. Dalane pepet aja liwat kon!
        b. Olehmu nulis se kurang pepet.
      2. a. Si Wido uwis duwe jalu
        b. Putrane mung siji Jalu
      3. a. Pak Karto ora sida mikul, jalaran salange pedhot.
        b. Salange Suprapta ceklek, jalaran tiba menek wit pelem

      b. KAWI JARWA
      -Sapa sing yasa? yasa = gawe
      Iki kepriye jarwane?

      1. andaka kanin
      2. sapta arga
      3. bantala rengka
      4. baskara kembar
      5. ngambah dirgantara
      6. nagri Wilatikta

      1. runtik tyasira
      2. samodra rob
      3. anor raga
      4. sudira ing prang
      5. Soma Manis
      6. sirga mentar

      c. ISTILAH
      Dene kangbyasa masakape
      maskape iku asale sake basa Walanda
      maatschappij = kongsi, pakumpulan dagang
       Coba tembung-tembung kang asale saka manca iki gatekna!

      1. Saka tembung Walanda : setel, setop, setrap, piket, perlop, lapur, lim lsp.
      2. Saka tembung Arab : siyasat, pitrah, pitenah, perlu, lapal, lila lsp.
      3. Saka tembung Sangsakerta : pita, lancana, lepa, gajah, dewa, eaksasa lsp.

      [ 63 ]d. TEMBUNG KRAMA INGGIL
       Tembung-tembung krama inggil iki ngokone kepriye?

      1. Bapak nembe puyeng.
      2. Palarapanipun benjut.
      3. Tindak kaliyan garwanipun.
      4. Rawisipun Eyang Bei crapang.
      5. Pengkeranipun Ibu dipun keriki.
      6. Jangganipun ngolan-olan.
      7. Tingalipun belekan.
      8. Socanipun klilipen.
      9. Anggenipun beksa nleter.
      10. Titihanipun bopong.

      e. Tuladah:
      Pucuk godhong lho Mas, aja ngapusi
      ngapusi = nggorohi
      Tembung ing sajroning kurung iki wuwuhana supaya sampurna/mathuk.

      1. (apus) si Dhawuk wis pedhet, sambungen!
      2. Wah kojur aku wingi (apus) Siman.
      3. Wis menenga Gus, kuwi mung kangge (apus) bae, aja wedi.
      4. Ngati-ati lho yen rembungan karo Mas Darma, sida kena (apus) temenan mengke.
      5. Lumrah bae (apus) ngono, manawa mlaku iya ora bisa jejeg.
      6. Goleka (apus), kanggo tutus, aja kleru pring ori.
      7. Sang Pujangga wasis (apus} tembang.
      8. Kajang-kajange wus (apus)

      f. Tuladha:
      Setasiun Solo Balapan pecah dadi lore.
      [ 64 ]pecah = pisah
      Ukara iki isenana nganggo andhahane tembung pecah!

      1. Ewonku iki ijolana ...............
      2. Piring, cangkir iku diarani ..............
      3. Sri Yati umure wis 15 taun, memper yen......
      4. Aja gawe isin ta iku rak ..................
      5. Bocah kae pancen ............ bisa mikir apa-apa.
      6. Semangkane .............. dadi lima.
      7. Gelase ............... gendhuk, belinge rata saenggon-enggon.
      8. Aja liwat dalan kuwi, kono akeh ............. gendhul.
      9. Panase kaya ............. gundhul.
      10. Ma, durene............, coba legi ora?

      IV. TITI UKARA (1.6.)
      A. NGGANDHENG UKARA (1.6.1)
       Tuladha:

      a. Kaluhuran iku gampang sirnane.

      b. Kaluwihan iku gampang sirnane.

      Kaluhuran sarta kaluwihan iku gampang sirnane.

      Ukara-ukara iku gandhengen sarana tembung: sarta, saha

      1. Pepenginane dadi prajurit bisa kelakon.
        Idham-idhaman kang kenceng bisa kelakon.
      2. Pak Guru tindak ing Tawangmangu.
        Putra-putrane ndherek nyare.
      3. Penganggone ngresepake.
        Paripolahe tansah ngresepake.
      I [ 65 ]
      1. Ingkang raka sampun kula aturi maos.
        Sampun dipun tapak asmani.
      2. Serat punika mugi dados pisowan kula.
        Serat punika mugi dados pisowanipun putra wayah.
      3. Bapak sampun kula aturi dhahar.
        Ibu ugi kula aturi dhahar.
      4. Larenipun sakit weteng.
        Untunipun ugi kraos senut-senut.
      5. Gendhuk dipun pundhutaken payung.
        Gendhuk dipun tilari arta.

       B. WARNANING UKARA/RAGAM KALIMAT (1.6.2.)
      UKARA SANANTA

      Tembung sananta iku wujude ana kang dumadi tembung tanduk karaketan ater- ater dak
      Upama: - Aku dak nulis layang dhisik.
      - Aku dak nulisi jenenging bocah dhisik.
      - Aku dak nulisake tembang Bulik.

      Titik-titik iki isenana tembung sananta!

      1. ............. dhisik, kowe keria ngetenana Ali.
      2. ............. adhimu kae lho sing ora bisa nggambar.
      3. ............. tela mengko kena dibakar.
      4. ............. mlinjo mumpung panas.
      5. ............. kursi sedhela, lungguha dhisik!
      6. ............. koran mumpung nganggur.
      7. ............. jambu sesuk kena kanggo buwah.
      8. ............. bawa Tembang Gedhe dhisik, supaya bisa bawa dhewe.
      9. ............. es degan ya, mengko bayaren!
      10. ............. jaran dhisik, mesakake sadina durung ngombe [ 66 ]V. RENGGA BASA (1.7.2.)

      A. PARIKAN

      Parikan iku unen-unen kang kaiket paugeran:

      1. Dumadi rong ukara/gatra.
      2. Mawa purwakanthi swara.
      3. Ukara kapisan minangka purwakane.
      4. Ukara kapindho iki kang dadi isine/wose.

      Tuladha:

      Golek walang rada agal.

      Aja sumelang nek ditinggal.

      Parikan padinan.

      1. Ngetan bali ngulon, tiwas ngedan ra kelakon.
      2. Blarak disampirke, omahe cendhak ra ngampirke.
      3. Ireng-ireng kembang telekan, najan ireng dadi golekan.
      4. Ora Surabaya, ora Alastuwa. Ora ngaya mundhak gelis tuwa.
      5. Mangan gedhang rada tuwa.Tiwas ngadhang ora teka.
      6. Mangan manggis neng ngisor nangka. Dadi gadhis ja seneng sanja.
      7. Pethiana tikuse, nek kumaki ilang baguse.
      8. Jagung bakarane, tanggung prekarane.
      9. Peyek diremet-remet, ngeyek ja banget-banget.
      10. Mliwis mencok neng bung, tiwas nangis ora ana sing nulung.
      11. Menyang sala payunge ilang, tinggal lunga aja sumelang.

      B. TEMBUNG GARBA

      Gatekna!

      a + a , dadi a, -- sira + arsa = sirarsa

      i + i , dadi i, -- kapi + iku = Kapiku

      u + u , dadi u, -- melu + urip = melurip [ 67 ]a. Tembung-tembung iki garbanen!

      sedya + arsa =
      Wani + ing gawe =
      dudu + umum =

      begja +antuk =
      murda +anta+aji+ =
      kudu +urip =

      b. Tembung-tembung iki udharana!

      setyadi =
      putramba =
      kasdurip =

      kusumastuti =
      putranta =
      pujamba =

      VII. A. WACANEN/TEMBANGNA

      Maskumambang

      Wulangreh.


      1. Nadyan silih bapa biyung kaki nini,
      sadulur myang sanak,
      kaluman muruk tan becik,
      nora pantes yen den nuta.

      2. Apan kaya ngono watekane kaki,
      sanadyan wong tuwa,
      kalamun muruk tan becik,
      nora pantes yen den nuta.

      3. Iku pantes yen sira tirua kaki,
      miwah bapa biyang,
      amuruk watek kang becik,
      wajib kaki estokena.

      B. Pitakonan iki wangsulana!

      1. Manwa ana pitutur kang ora becik iku tumrap kowe kepriye?
      2. Lha manawa wong tuwa pituture becik, watekane becik, tindak tanduke becik, iku kepriye?
      3. Dadi endi bae kang kudu kang kok-estotake.

      C. TEMBUNG KANG ANGEL
      Silih = ta, jeneng, aran [ 68 ] myang sanak = karo sanak/sadulur

         kalamun       = yen
         apan          = awit, sabab
         miwah         = lan, tur, maneh, karo maneh
      
      VIII. AKSARA JAWA
            WACANEN LAN GATEKNA
      
      ꧉ꦲꦶꦗꦺꦴꦲꦶꦗꦺꦴ꧉
      ꧋ꦲꦶꦗꦺꦴꦲꦶꦗꦺꦴꦒꦺꦴꦝꦺꦴꦁꦱꦮꦺꦴ꧈
      ꦱꦮꦺꦴꦭꦶꦩꦲꦤꦺꦁꦭꦠꦂ꧉
      ꦕꦃꦧꦺꦴꦝꦺꦴꦲꦗꦢꦶꦲꦺꦴꦱꦺꦴ꧈
      ꦱꦶꦲꦸꦠꦩꦏꦸꦢꦸꦱꦧꦂ꧉
      ꧋ꦲꦧꦁꦲꦧꦁꦲꦺꦴꦫꦏꦸꦫꦁ꧈
      ꦒꦺꦴꦒꦺꦴꦲꦸꦫꦁꦲꦺꦴꦭꦺꦴꦱꦔ꧉
      ꦏꦏꦁꦏꦏꦁꦲꦪꦺꦴꦒꦶꦫꦁ꧈
      ꦮꦺꦴꦁꦱꦷꦒꦶꦫꦁꦮꦸꦮꦸꦃꦩꦸꦝ꧉
      ꧋ꦧꦶꦫꦸꦧꦶꦫꦸꦱꦼꦩꦸꦏ꧀ꦭꦮꦸ꧈
      ꦭꦸꦫꦸꦲꦮꦸꦏꦼꦤꦩꦮ꧉
      ꦲꦶꦧꦸꦲꦶꦧꦸꦲꦗꦤꦼꦱꦸ꧈
      ꦱꦸꦒꦶꦃꦤꦼꦱꦸꦱꦪꦠꦸꦮ꧉
      
      ______________
      68 [ 69 ]
      PIWULANG 7

      I. WICARA

      TETUMPAKAN


      Suwarta : "Bin, kok njanur gunung, kadingaren wis ndhithil ki arep menyang ngendi?"
      Rubin : "Menyang Yogya."
      Suwarta : "Numpak apa?"
      Rubin : "Numpak 'Rajawali Travel Expres'."
      Suwarta : "Lho kuwi bis apa?"
      Rubin : "Dudu bis, kuwi station."
      Suwarta : "Mangkate jam pira?

      Kok ora enggal menyang stanplat? Ngenteni apa?"

      Rubin : "Ora, numpak travel iku ora usah menyang stanplat. Cukup ana ngomah bae, mengko rak dipethuk."
      Suwarta : "Lho kok kepenak ya."
      Rubin : "Sumurupa, nek regane tiket mono ya kacek sethithik, yaiku 1.300,- dene manawa numpak bis Rp 950.-

      Menawa numpak bis mandhege papan-papan sing gumathok, dene yen travel , bisa tekan papan sing dijujug, apa maneh lakune wis ditata, sopire ora kena ngebut, servis apik."

      Suwarta : "Yen mengkono luwih maju ya, biyen tetumpakan ki mung siji loro.

      Sepur, bis kena diarani maju, wis lumayan. Lha saiki ana tumpakan sing bisa tekan ing omah."

      Rubin : "Kepenake maneh, ora mandheg-mandheg.

      Mandheg-mandhege ing agen-agene. Kang numpak ora jejel riyel, lungguhe ditata, manut nomere."

      Suwarta : "Ya besuk dak nyoba numpak."

      [ 70 ]II. LAGU UKARA/INTONASI (1.3.)
       UKARA PANGAREP-AREP
      Alusing ukara panjaluk dadi pangarep-arep.
      Lumrahe dipratelakake: tembung sambawa, tembung mugi, mugi-mugi.
       Ukra iki wacanen lagune kang cetha!

      1. Keparenga rawuh ing griya!
      2. Takarep-arep tekaa ing omahku!
      3. Di bandhema wong mana, kareben kapok!
      4. Di sambera bledheg mana kareben lampus!
      5. Tibaa mana ya, kareben kapok!
      6. Mugi karsan rawuh ing pondhok kula!
      7. Mugi-mugi sageda lulus pendadaran kula.
      8. Mugi-mugi sukmanipun anak kula tinampia ing pangayunaning Pangeran!
      9. Mugi-mugi keparengan sedaya panyuwunipun.
      10. Mugi-mugi Gusti Allah tansah paringa pangaksama dhateng sedaya kalepatan kawula!

      III.TITI TEMBUNG (1.5.)
       A. TEMBUNG CAMBORAN (1.5.2.)
       Tuladha:

      Rajawali
      Travel Expres

       rajawali = araning manuk

      1. gropak .......... = aluran turun kaping 8
      2. jaka ............ = jenenging lintang
      3. klabang ......... = dhapuring omah kampung dawa
      4. kala ............ = kewan entup-entupan
      5. laler ........... = araning brengos
      6. macan ........... = saoto campur tahu kupat
      7. mega ............ = wedang jae campur wedang kopi
      8 mata ............ = bolongan benik
      9. mata ............ = kulit mlinjo digoreng
      [ 71 ]B. TEMBUNG DWILINGGA (1.5.1.)

      Tuladha: Kepenake maneh ora mandheg-mandheg Ukara iki ganepana nganggo tembung dwilingga tanduk!

      1. Umar kae pancen pinter ........... metuning aksara dana PORKAS.
      2. Aja sok ............ wong miskin ta.
      3. Mbok ya ............ kursi sewan iku tinimbang nganggur, pira cacahe.
      4. Le, kowe kuwi bocah cilik, yen ana wong guneman aja ............., tanpa guna.
      5. Tar, melua ngrewangi ............ glugu kae.
      6. Di, wis kana ............ dhisik, mengko gek enggal. tata mangkat.
      7. Pak Truna ............... omah bareng digrudug aparat parentah dikon lunga.
      8. Gelem .............. utang bareng wis kepepet, kang maune pekewuh.
      9. Kowe ora prelu ........... iku dudu urusanmu.
      10. ............ bareng sikile wis keju.

      a. ngadeg-ngadeg
      b. melu-melu
      c. nagih-nagih
      d. ngalih-ngalih
      e. mangan-mangan

      f. madung-madung
      g. neges-neges
      h. ngetung-ngetung
      i. nguya-nguya
      j. ngetung-ngetung

      C. GUDHANG TEMBUNG/KOSA KATA (1.5.4.)
      a. Pilihen kang mathuk!

      1. Siman ki ndelul tenan, yen era.............., ora ngreti marang kawajibane.
      1. disurupake
      2. disumurupi
      3. disurup-surupake
      4. disumurupake
      [ 72 ]2. Sri, ibu silihna literan dak anggo..........beras iki.
      1. nyumurapi
      2. surupan
      3. nyurupi
      4. surupan

      3. ...............ya Ngger, menawa kowe iku dak rewangi niba tangi, beteke mung arep napakake anak.

      1. daksurup-surpake
      2. sumurupa
      3. daksurupake
      4. di sumurupa

      4. ...............kula, lare punika pancen ndhugal.

      1. sasumerep
      2. sumerep
      3. seserepan
      4. sasumerap

      5. Aja sok ngenyek lho, nek .............. wadimu, mengko serik.

      1. kasurupan
      2. disumurupi
      3. disurupi
      4. disurupake

      6. Mbakyu Kanthil wingi .................. gunemane neka-neka, nganti ora ngretekake.

      1. disumurupi
      2. disurupi
      3. kasumurupan
      4. kesurupan

      7. ............... lare punika sampun ngglethak, boten kadenangan jalaranipun.

      1. sumerep
      2. sasumerep
      3. sumerep-sumerep
      4. sumerepipun

      8. ............... surya punika kinten-kinten jam 5-6 sonten.

      1. saruping
      2. sumuruping
      3. seraping
      4. surupipun

      9. Dhuwit iki minangka ............. anggonku ngebas pohung.

      1. surupen
      2. sumurupa
      3. surupipun
      4. sumuruping

      10. Bolahe ............ ing dom ora bisa mlebu-mlebu, jalaran kegedhon bolah.

      1. disumurupake
      2. disurupake
      3. dipun serapaken
      4. disurup-surupake
      [ 73 ]b. ARANING KRIYA

      Tuladha:

      Sopire ora gelem ngebut.

      sopir iku wong kang pagaweane nglakokake mobil/montor.

      Aranana araning kriya!

      1. Tukang gawe gamelan iku

      2. Tukang ngreksa jaran iku

      3. Wong kang pagaweane negor kayu

      4. Bakul raja kaya iku

      5. Wong gawe dandanan bleg iku

      6. Tukang natah watu iku

      7. Wong gawene olah-olah ikum..

      8. Paladen ing hotel iku Jang..

      9. Tukang nyembeleh raja kaya

      10. Wong pagaweane nglakokake sepur:

      11. Wong mriksa karcis ing sepur.

      12. Wong gawe barang kayu prabot omah iku

      a. undhagi

      b. kondektur

      c. jagal

      d. masinis

      e. jongos

      f. madhaharan

      g. jlagra

      h. mrakas

      i. blantik

      j. blandhong

      k. gamel

      l. gendhing

      IV. TITI UKARA (1.6.)

      DHAPUKAN UKARA/POLA KALIMAT (1.6.1.)

      a. Tuladha:

      Sarna mangkat sekolah
      sarna esuk umun-umun wis mangkat sekolah
      Sarna esuk umun-umun wis mangkat sekolah menyang Klaten

      Ukara iki gawenen kaya mengkono!

      1. Bapak tindak kantor.
      2. Bapak Kepala Sekolah wis rawuh.
      3. Adhiku nangis.
      4. Sibu ndondomi klambi.
      5. Paman mundhut tas. [ 74 ]b. UKARA IKI GANDHENGEN SARANA TEMBUNG

      a. dene
      b. mulane
      c. nanging
      d. ewa semono
      e. parandene


      f. marga
      g. sarehne
      h. ana dene
      i. wondene
      j. apa maneh

      1. Wis dicukupi butuhe saben sasi, ............ meksa isih sambat bae.
      2. Wis disaguhi panyuwune ............. meksa takon.
      3. Adhi kula lulus, ............ boten saged katampi ing SMP.
      4. Aku ora tau lunga-lunga, .......... yen ana kabar apa-apa iya ora ngreti.
      5. Olehe arep lelungan ora sida, ............. kekurangan sangu.
      6. Wingi kae aku ora mlebu ............. lara weteng.
      7. ............ wis suwe ora ketemu, mengko nginepa bae ana ing omahku!
      8. Aku ora arep mulih saiki, ............ manawa didhawuhi iya sandiki.
      9. Tetiyang ing ngriki sami wekel-wekel, ............ panggesanganipun ingkang kathah dados kriya.
      10. Yen mung dipenthung bae mesthi ora krasa,........... mung digitik.

      V. RENGGA BASA (1.7.2.)
      A. TEMBUNG SAROJA
      Tuladha:
      Kang numpak ora jejel riyel
      Tembung iki dadekna tembung saroja!

      1. Sakehing tanem.............padha ledhung-ledhung.
      2. Tata .............e bale omah pancen ngresepake.
      3. Dadi wong mono aja kakehan sambat............
      4. Prekara raja pati wingi kae rak ora ana gendeng..............karo dol tinuku sapi ta? [ 75 ]
        1. Manuk garudha ora wedi sindhung ....., sarta
        bebaya apa bae kang ngalang-alangi.
      5. Na, nek ora ngreti dhodhok .............. prekara aja melu cawe-cawe.
      6. Ing alas gung liwang-liwung ora ana jalma............ kang wani ngambah.
      7. Muga-muga kowe sasedulur padha pinaringana bagas ......... ora ana sawiji apa.
      8. Mbok kowe nganti jungkir ............. ta, nek tak glape.
      9. Untabing wadya.... kaya samodra rob.
      B. WANGSALAN
      Wangsalan iku kaya dene cangkriman, kang batangane utawa tebusane wis dikandhakake pisan ing candhake, satembung wutuh utawa saperangan mung disrempet bae.
      Tuladha:
      Bin, kok njanur gunung, kadingaren wis ndhithil ki arep menyang ngendi?

      janur gunung

      nung

      = janur kang ana ing gun

      = janur/nanggar aren

      = kadi

      Wangsalan padinan ing ngisor iki tlesihna cangkriman sarta batangane apa!
      1. Cekake garisan maju telu, kudu klakon.
      2. Golek pangan mono ora prelu kumrungsung, nguler kambang bae, satitahe.
      3. Bareng diulungi dhuwit, banjur ngembang pohung, ngingklik bae.
      4. Pipa Landa, ngono we kok nesu.
      5. Pancen aku sing salah, jenang gula apuranen.
      6. Mbalung jagung, saguhku isih janggelan.
      7. Pring dhempet sunduk sate, kandhanana ijen-ijenan. [ 76 ]
      8. Mas, mbalung klapa, aja ethok-ethokan lho!
      9. Wilangan wolu loro, puluh-puluh dikapakna wong wis kebacut.
      10. Kok mutra bebek, wira-wiri kuwi ana apa ta?
      11. Nyepur cilik bae, nek kirane mathuk lakonana.
      12. Bocah cilik aja ngrokok cendhak, neges-neges.
      13. Wah kowe kuwi mbumbu rokok, ngawur bae.
      14. Mbok aja mrica kecut, waton muni.
      15. Bareng dandan ngisi randhu, ngantheng tenan lho kowe.

      V.A.WACANEN KANG BECIK/DEKLAMASI

      REKSANEN IBU PERTIWI

      Angger!
      Dipadha enget.
      Miwah sumurupa.
      Menawa jeneng para,
      dalah sakula wangsanira,
      datan baen-baen.

      Heh para mudha miwah mudhi,
      lir jumerut pependinging bawana.
      Tampanana prabaning kaluhuran!
      Den cancut tali wanda.
      Makarya, aja kadalu warsa.
      Reksanen Ibunira!
      Supadi sumunar senene.
      Dinganti tumekeng liyan praja.
      Karana tandangira, kanthi katresnan.

      Ayo, Angger!
      Sigra-sigra maju,
      mbengkas dahuru,
      makarya,
      mrih Ibu Pretiwi karta raharja,

      [ 77 ]

      tulus kang sarwa tinandur,
      mirah kang sarwa timuku,
      nir sambekala,
      tulus mardika salaminya.

      B. PITAKON

      1. Bangsa Indonesia iku tendhak turuning wong kepriye?
      2. Para mudha lan mudhi diumpamake kepriye?
      3. Nduweni ayahan apa?
      4. Wong iku bisane rukun kudu dikantheni apa?
      5. Menawa dahuru iku wis sirna, negara bakal ngalami kepriye?

      C. TEMBUNG KANG ANGEL

      jeneng para = kowe
      datan = ora
      lir = kaya
      jumerut = inten warnane ijo
      pending = sabuk salaka
      praba = sorot
      cancut tali wanda = sumadhiya, cukat
      kadalu warsa = kasep
      senen = sorot
      sigra = enggal
      dahuru = geger, oreg-oregan, ora tentrem
      nir = ilang
      tulus = lestari, slamet
      sambekala = alangan, kacilakan
      karta raharja = tenterem lan slamet
      karana = sabab
      mbengkas = nyiranakake

      [ 78 ]IV. AKSARA JAWA
      WACANEN/LAGOKNA
      
      Lagu Kicir-kicir
      
      ꧋ꦥꦼꦊꦩ꧀ꦩꦠꦼꦁꦠꦸꦩꦸꦩ꧀ꦥꦁꦩꦺꦗ꧉
      ꦗꦫꦤꦾꦺꦥꦏ꧀ꦩꦺꦁꦏꦭ꧀ꦥ꧀ꦭꦪꦸꦤꦺ꧉
      ꦒꦼꦔ꧀ꦤꦩ꧀ꦲꦤ꧀ꦠꦼꦁꦢꦶꦩꦺꦤ꧀ꦥꦿꦱꦗ꧉
      ꦏꦼꦉꦥ꧀ꦤꦼꦱꦸꦲꦢꦺꦴꦃꦉꦗꦼꦏꦶꦤꦺ꧉
      
      ꧋ꦩꦔꦤ꧀ꦩꦼꦤ꧀ꦝꦺꦴꦕꦼꦔꦶꦱ꧀ꦱꦺꦭꦶꦩ꧉
      ꦢꦫꦩꦸꦭꦸꦏ꧀ꦲꦏꦺꦁꦒꦒꦤ꧉
      ꦤꦢꦾꦤ꧀ ꦩ꧀ꦭꦺꦴꦠꦺꦴꦮꦱꦶꦱ꧀ꦠꦸꦂꦭꦺꦴꦩ꧉
      ꦱꦥꦲꦸꦩꦸꦏ꧀ꦲꦶꦏꦸꦫꦒꦸꦤ꧉
      


      <c>__________</c>
      


      78 [ 79 ]
      PIWULANG 8

      I. WICARA

      NGANYANG SALAK


      Bu Kisma : "E, Yu, sade punapa punika? Cobi woh-wohanipun ingkang sae kados punapa?"
      Bakul : "Mangga, kula aturi mriksani. Punapa punika kirang sae?"
      Bu Kisma : "Badhe kangge pista, andak inggih kados mekaten?"
      Bakul : "Kagungan kresa punapa ta?"
      Bu Kisma : "Mahargrya pengetan tumbuk yuswa."
      Bakul : "Kula caosi ingkang sae, sampun dipun awis sakecoh-kecohipun inggih!"
      Bu Kisma : "Ah inggih boten. Dipun awis rak inggih boten nesu ta? Cobi dipun suntak sedaya, kula pilihanipun."
      Bakul : "Anggenipun badhe mundhut salak pinten, kok dhawuh nyuntak sedaya?"
      Bu Kisma : "Are tuku akeh ki, ora kena milih? Wis kana ora sida!"
      Bakul : "Inggih sampun sarining sekar, kasesa duka ta, namung kangge ganep omong, guyon bae kok.

      E, kejawi ta menawi mundhut kathah. Mangga kula aturi milih ingkang jlimet!"

      Bu Kisma : "Pundi pintonipun?"
      Bakul : "Salak gedhe, punika boten woten pintonipun. Menawi kadodosan, mangga kula aturi mecah satunggal.

      Menawi boten eca wangsul.
      Salak bosok, sampun dipun bayar."

      Bu Kisma : "Sejinahe pinten?

      [ 80 ]

      Mengko salake dakpilihane dhewe."
      Bakul : "Gangsal atus rupiyah."
      Bu Kisma : "Tobat, tobat punapa setunggal cucuke nyeket?"


      II. LAGU UKARA/INTONASI (1.3.)
      UKARA TAREN, PANARI, PAMRAYOGA
      Gatekna lan wacanen kang becik!
         a. Taren iku dipratelakake srna ukara pitakon, dikantheni tembung: ya.

      1. Mas, sepedhane daksilihe ya?
      2. Aku melu ya?
      3. Bu, klapanipun dipun parut inggih?
      4. Payung punika kula bektanipun inggih?
      5. Bukunipun kula sambut inggih?

         b. Panari dipratelakake nganggo ukara pitakon.

      1. Kowe melu apa?
      2. Kowe melu apa ora?
      3. Takbayar sedina Rp 500,00, gelem apa ora?
      4. Kowe sowan Paklik dhewe wani apa ora?
      5. Kowe ndandani WC kae saguh apa ora?

         c. Pamrayoga dipratelakake nganggo tembung: becike, prayogane/ipun, mbokmenawi.

      1. Becike padha dirembug dhisik.
      2. Becike disratekake sawetara dina.
      3. Prayoginipun sami sungkem kemawon.
      4. Mbokmenawi prayogi dipun rembag malih kemawon.
      5. Kejawi karsanipun Bapak, prayogi dipun srantosaken rumiyin.

      III. TITI TEMBUNG (1.5.)
      A. TEMBUNG FRASE (1.5.2.)
      Tuladha:

      Salak gedhe
      punika boten wonten pintonipun. [ 81 ]salak gedhe = salak sing gedhe

      Frase ing ngiser iki terangna , tembung apa kang bisa nyiundhingi:

      1. Golek watu kambang.
      2. Jupukna sandhal jintiti
      3. Numpak pit lanang.
      4. Tuku emping gepuk.
      5. Ngrajang lombok ijo.
      6. Nom tuwa padha jagong.
      7. Gedhe cilik padha bae.
      8. Lanang wadon kena nonton.
      9. Mipik sendhok garpu.
      10. Nyawisake srebet dhahar.

      B. GUDHANG TEMBUNG/KOSA KATA (1.5.4.)
      a. TEMBUNG KANG MATHUK
      Tuladha:
      Mahargya pengetan tumbuk yuswa.
      Tembung ing sajroning kurung ngisor iki golekana kang manthuk kare unen-unen candhake.

      1. (memudhi, ngurmati) para leluhur.
      2. (ngluhurake,njunjung) asmaning Pangeran.
      3. (memetri, memudhi) kagunan Jawi.
      4. (ngemi-emi, ngitik-itik)bocah.
      5. (ngajeni, ngurmati) barang darbeking liyan.
      6. (ngurmati, ngajeni) bapa biyunge.
      7. (ngumbulake, njunjung) drajad.
      8. (mahargya, perayaan) penganten.
      9. (mangayu bagya, manembrana)unggahing pangkat.
      10. (manembah, manyembah marang Gusti Allah

      b. KRAMATARA/KRAMA LUGU
      Ukara iki salinana nggagge kramantara !

      1. Apa iki duwekmu? [ 82 ]
      2. Ya kuwi morine Sumi kang arep dibathik.
      3. Apa kuwi bekeke Sutarya?
      4. Priyayi iku pracaya geneme abdine.
      5. Adhiku wis Krasan ana omahe Yu Siti.
      6. Kang wigati rungokna Kandhaku!
      7. Ditakoni jenenge kok ora gelem ngaku.
      8. Apa kowe gelem madu?
      9. Bocah iku ora ngreti rembug.
      10. Aja seneng nggeguyu mengkono ta!

      C. NGISENI TEMBUNG KANG ATEGES RUSAK
      Tuladha:

      Salak bosok
      sampun dipun bayar!

      Rampungna

      1. Omah ............ kok isih dienggoni.
      2. Pager ............ aja dibrobosi.
      3. Beras ............. kok ora dijapuki.
      4. Grabah ........... kok ora gelem mbuwang.
      5. Wong ............ gumene kok diladeni.
      6. Sega ............ mbok wis dipakakake pitik bae!
      7. Iwak ............ ngono kok isih disimpen.
      8. Sambel goreng ........... kok isih diinget.
      9. Iwak loh ............. kok dituku.
      10. Pecel .................. kok neked dipangan.

      bobrok
      bedhah

      wutah
      pecah

      mambu
      owah

      kecing
      kecut

      buthuk
      sayup

      IV. TITI UKARA (1.6.)
      A. DHAPUKAN UKARA (1.6.1.)
      Ukara iki rampungna!

      1. Bapak saweg lenggahan............ngendikan
      2. Tamu-tamu lenggahan ..............mirengaken radhio [ 83 ]
      3. Kali iki cilik, ............iline santer tenan.
      4. Anggen kula damel sabun boten saged dados,.........kekathahen toyanipun.
      5. Layang iki simpenen ........ ora ilang.
      6. Kinten kula Bapak boten priksa ......... kula dipun dukani pak Bei.
      7. Atur sembah kula ............. pangabekti.
      8. Sima lajeng binujeng-bujeng.........tiyang kathah.
      9. Anggone ngenteni............. Senen tekan Sabtu.
      10. Aku rak wis kandha,........ ora bisa teka.

      yen
      wiwit
      minangka

      nalika
      kareben
      jalaran

      dening
      nanging
      sinambi

      tuwin

      UKARA TANDANG (1.6.2.)
      Tuladha:
      Mengko salake dak pilihane dhewe
      dak pilihane = dak + piluh + ane
      Tembung tandang iku dumadi saka:
      dak + lingga + e, ane, ne
      wantah : dak pilihe
      i kriya : dak pilihane
      ke keriya : dak pilihne

      Titik-titik iki wenehana tembung tandang!

      1. Bukune ............ dhisik. (wantah)
      2. Dhukune ............ dhewe kowe aja melu.(i-kriya)
      3. Gawa rene, garapane ........ bae.(ke kriya)
      4. Segane .......... ghewe.(wantah)
      5. Uwuhe .......... kabeh. (i-kriya)
      6. Jamune .......... gendhuk.(ke-kriya)
      7. Rega pira jame ............ dhewe (wantah)
      8. Bakule ........... sajake kok during payon. (i-kriya)
      9. Gawanen mrene dhuwite............ klambi. (ke-kriya) [ 84 ]V. RENGGA BASA (1.7.2.)

       A. TEMBUNG ENTAR
      Tuladha:
      Mahargya pangetan tumbuk yuswa

      Titik-titik iki isenana supaya dadi tembung entar.

      1. Wong kok mata ..........., mbok ya aja banget-banget anggone petung.
      2. Yen kowe arep nyuwun dhuwit Bapak, ngentenana padhang ........., mengko rak diparingi.
      3. Si Darsin kae wis rupak .........., menyang endi-endi wis disirik.
      4. Mengko nek sida sowan Pakdhe Bei bakal mogel ........... , mesthi diparingi pangan pepak sarwa enak-enak.
      5. Bocah kok nggadho ........ tansah. gawe susah.
      6. Mbah Dhukun kae pancen dawa ........... nganti seprene yuswane 99 taun.
      7. Pak Kamdi kae rak mendem .............. lagi munggah dadi carik bae wis anggak, mendah manawa dadi lurah.
      8. Bocah kok kandel ........... wong diuneni kaya ngono meksa ora rumangsa.
      9. Aja sok nembung njaluk utawa nyilih marang cuki, wong kae pait ............
      10. Sarehne wis gilig .........., wong sakampung nuli gotong royong ngresiki dalan.

      B. WANGSALAN
      Tuladha:
      Inggih sampun sarining sekar, kesesa duka.
      Wangsalan iki rampungna jawabe!

      1. Nguler kembang ya, ............... bae.
      2. Sarung jagung, ............... entheng dilakoni.
      3. Aku mung kapengin nggentha dara............bae.
      4. Wah pancen nglenga kayu........... tenan bocahe. [ 85 ]
      5. Teja bengkok, ala sithik trima.............
      6. Alah bapak mbulung pakel,........... hose.
      7. Carang wreksa, wreksa wilis tanpa patra, ora ............ urip neng ngalam donya.
      8. Roning mlinjo, sampun sayah nyuwun...........
      9. Ah ya mbalung geni, ............... lulus.
      10. Pindhang lulang, ........... apa aku karo Amir.
      11. Malang rema, kudu...........
      12. Pohung jadah, sakirane............ ya lakonana.

      C. PARIBASAN LAN SALOKA

      Paribasa lan saloka iki kepriye tegese?

      1. Nucuk ngiberake.
      2. Nabok nyilih tangan.
      3. Cariwis cawis.
      4. Cengkir ketindhihan kiring.
      5. Rubuh-rubuh gedhang.
      6. Rampek-rampek kethek.
      7. Kacang tinggal lanjaran.
      8. Keplok ora tombok.
      9. Dieletana segara gunung sap pitu.
      10. Dikempit kaya wade.

      a. Wong diemong, dipilala.

      b. Pepesthening jodho, arepa ana pepalang apa bae mesthi kelakon.

      c. Wong nglakoni samubarang pagawean ora waragad.

      d. Turune wong apik dadi wong ala.

      e. Wong nggape marang wong kang wis tau nglakoni ala, ora wurung melu ala.

      f. Wong sembahyang mung melu-melu bae.

      g. Samubarang kang kaungkulan prabawa.

      h. Wong madoni prentah, nanging batine sadhiya tumandang.

      i. Wong agawe cilaka/alaning liyan, nyambat marang wong liya.

      j. Wong martamu wis disuguh, ulihe mbrekat. [ 86 ]D. Cangkriman

      Cangkriman/bandhean/bedhekan iku kudu ana wangsulane utawa kudu dijawab.

      Cangkriman iku ana sing diwujudi:

      1. Lagu dolanan

      2. Tembang

      3. Ukara andharan, ukara pitakonan

      4. Tembung wancahan

      Tuladha ing tembang

      PUCUNG

      1. Aja bingung, tengah pasar nggoku dunung,
      minagka usada,
      rasa seger jampi salit,
      yen den umbar dlewer ajer balabaran.

      2. Aja gumun, jane nggoku ana pungkur,
      malah pindhah sirah,
      mastakana pra pawestri,
      aku iki manjalmanu sanggul kana.

      3. Pra sadulur, papanku sajroning dhapur,
      seneng kiprah-kiprah,
      mungsuhku lembek lan trasi,
      kalah menang aku den lempar ing latar.

      Tuladha wujud lelagon

      NYATA KOWE WASIS (Ayo padha nembang)

      Nyata kowe wasis sis,
      bedheken sing gelis, lis, lis, lis,
      cangkriman telu iki,
      Jangkrik sungut slawe, batangane apa?
      Manuk ndhase telu, batangane apa?
      Bapak Demang mang,
      klambi abang bang, bang, bang,
      disuduk manthuk-manthuk

      [ 87 ]E. Manut dhapukane tembung-tembung iki diarani tembung apa?
      1. duga prayoga iku tembung...........
      2. subakastawa iku tembung...........
      3. dak etunge iku tembung...........
      4. narendraputra iku tembung...........
      5. raksasanata iku tembung...........
      6. dak mblangi iku tembung...........
      7. dak mblangake iku tembung...........
      8. daktulis iku tembung...........
      9. daktulisake iku tembung...........

      F. Endi sing bener?

      1. Gadhung iku mendemi.
      Gadhung iku ngendemi.

      2. Berase wadhahna ing padaringan.
      Berase wadhahna ing pedaringan.

      3. Madal pasilan.
      Medal pasilan.

      4. Dipancawara.
      Dipancawora.

      5. Manjing prabayasa.
      Manjing prabayaksa.

      7. Handanawarih.
      Handanawa rih.

      8. Lare kasrakat.
      Lare kesrakat.

      [ 88 ]VI. AKSARA JAWA

      WACANEN LAN SETITEKNA

      ꦄꦱꦶꦪꦃ  ꦆꦧꦿꦤꦶ
      ꦄꦒꦸꦱ꧀ꦠꦸꦱ꧀ ꦆꦱ꧀ꦏꦏ꧀
      ꦄꦩꦺꦫꦶꦏꦃ  ꦧꦁꦒꦿꦶꦱ꧀
      ꦄꦧꦱ꧀   ꦆꦱ꧀ꦩꦆꦭ꧀
      ꦄꦭ꧀ꦭꦃ   ꦆꦤ꧀ꦢꦿꦗꦶꦢ꧀

      ꦈꦩꦂꦄꦭꦶ   ꦌꦫꦺꦴꦥꦃ
      ꦈꦩꦂꦱꦪꦶꦢ꧀   ꦌꦩꦤꦸꦮꦺꦭ꧀
      ꦈꦱ꧀ꦠꦿꦀꦪꦃ   ꦌꦂꦭꦁꦒ
      ꦈꦤ꧀ꦠꦫꦶ   ꦌꦲꦺ

      ꦎꦏ꧀ꦠꦺꦴꦧꦼꦂ   ꦫꦢꦺꦤ꧀‌ꦆꦤ꧀ꦢꦂꦗ
      ꦎꦁꦏꦮꦶꦗꦪ   ꦥꦔꦺꦫꦤ꧀‌ꦄꦩ꧀ꦧꦂꦱꦾꦃ
      ꦎꦤ꧀ꦢꦼꦂꦤꦺꦩꦶꦁ   ꦆꦩꦩ꧀‌ꦈꦤ꧀ꦠꦫ
      ꦎꦁꦠꦤ꧀‌ꦱ꧀ꦮꦶ   ꦠꦲꦸꦤ꧀‌ꦌꦲꦺ

      _________________
      88 [ 89 ]
      PIWULANG 9

      I. A. LAYANG IBER/KIRIMAN

      WACANEN

      Serat saha ingkang pangabekti kula, katur panjanenganipun Bapak Raden Demang Purawaatmaja sakaliyan ingkang pilenggah ing Tarubasan Karanganom Klaten.

      Sesamanipun ingkang kadya punika, nuwun wiyosipun kula ngaturi uninga, bilih kula sampun dumugi ing Sala, kanthi barkah pangestunipun Bapak sakaliyan wilujeng, mugi-mugi kagem brayat ing ngriki ugi mekatena.

      Kaparenga matur, sadumuginipun Sala, kula ngestokake dhawuhipun Bapak sampun sowan Paman Partaatmaja ing Purwasari, ngaturaken kawontenanipun brayat Klaten, sarta atur cecala mbok bilih tanpa pambengan satunggal punapa Bapak ing Klaten badhe kagungan karsa nyupitaken pun adhik Sasangka ing salebeting wulan ngajeng, dene badhe tempukipun damel, brayat ing Klaten badhe tindak dhateng Sala.

      Menggah pangandikanipun Paman saderengipun Bapak tindak dhateng Sala, badhe ngrumiyini sowa Bapak ing Klaten, ngiras panten badhe nyekar. Malah rikala semanten Paman taksih kangetan dhik Sasangkan, "Rak adhimu sing kedhepe nrithil ndamar kanginan kae ta?"

      Kejawi punika Bapak sekaliyan, dhawuh sarta pitedah sanesipun tansah kula enget-enget, kula raos-raosaken. Yen ta menawi kamanah panjang saestu awrat sesanggnipun tiyang sepuh. Pramila paringipun arta badhe kula jereng-jereng murih saged nyampeti kabetahan, liripun sampun wonten prekawis ingkang wewahi awrat. Ing panuwun mugi lancar anggen kula sinau, seged rampung sarta tumuntun angsal padamelan ingkang [ 90 ]

      tundonipun adamel enthenging sesanggenipun Bapak,
      temahan saged bawa piyambak tumut manah sadherek
      ingkang dereng mentas.
       Ing wasana kula ngaturaken gunging panuwun saha nyuwun tambahing pangestu.

      Surakarta, surya kaping 21 April 1986


      Ingkang putra,
      (Suwignya Pa)



      a. Perangane layang iber kang ganep:


      1. Adangiyah/adawiyah
      2. Satata basa
      3. Surasa basa
      4. Hasana basa
      5. Titi mangsa
      6. Peprenahan
      7. Tapak asma


      (a)
      (b)
      (c)
      (d)
      (e)
      (f)
      (g)



      (a): Katrangan ing tuladha mau, Serat saha ingkang pangabekti............ingkang ilenggah ing Klaten.

      (b): Sesampunipun ingkang kadya punika................................kagem brayat ing ngiki ugi mekatenan.

      (c): Keparenga matur..................................Kejawi punika...................................................tumut manah sadherek ingkang dereng mentas.
      (d):Ing wasana............................. pangestu.
      (e): Surakarta,................................. 1986
      (f): Ingkang putra,
      (g): (suwignya Pa)


      b. Tetembungan/unen-unen Adangiyah

      [ 91 ]1. Layang katur marang wong tuwa

      Serat saha ingkang pangabekti kula katur ................
      2. Tumrap sapadha-padha
      Serat saha salam taklim kula, dhumateng..................
      3. Wong tuwa marang anak
      Layang kanthi pandonga/pamuji raharja marang.............

      B. BALISWARA (1.7.2.)
      Tuladha:
      Kula sampun sowan Paman Partaatmaja
      Partaatmaja = atmaja putra
      Tuladha iku tegese tetep (ora oncat).
      Ana tembung baliswara kang oncat tegese,upama:
      1. omah jugrugan = durung jugrug
      jugrugan omah = bata/lemah lsp
      2. beri rosokan = isih wujud beri
      rosokan beri = cuwilan beri
      3. padhas gempalan = durung gempal
      gempalan padhas = cuwilan
      4. candhi rusak = rusak kabeh
      rusakan candhi = reca, watu
      5. cangkir tutup = nganggo tutup
      tutup cangkir = tutuping cangkir

      C. CANDRA (1.7.2.)
      Tuladha: Nalah rikala semanten aman takasih kengetan dhik Sasangka, "Rak adhikmu sing kedhepe nrithil ndamar kanginan kae ta?"

      Candra angganing manungsa ing ngisor iki rampungna! [ 92 ]

      1. Pakulitane kuning....

      2. Bathuke nyela........

      3. Rambute ngembang.....

      4. Athi-athine ngudhup..

      5. Lengene nggedhewa...

      6. Drijine mucuk........

      7. Godhege ngudhup......

      8. Uwange nyangkal......

      9. Mripate..........

      10. Alise nanggal........

      11. Bangkekane nawon.....

      a. kemit

      b. sapisan

      c. angatirah

      d. putung

      e. turi

      f. eri/ebung

      g. gadhing/pinenthang

      i. bakung/ngandhan-andhan

      j. cendhani

      k. nemu giring

      h. turi

      II. GUDHANG TEMBUNG/KOSA KATA (1.5.4.)

      Tuldha : Paman ngiras pantes nyekar
      nyekar = kintun sekar/kembang

      Titik-titik iki isinenana andhahane tembung kembang!

      1. Jambune wis...........aja dioyag-oyag.
      2. Sarunge apa wis di...........
      3. Saiki ora kena nyumet mrecon, mung yen prelu nyumer..........
      4. Kebone akeh.............mulane katon asri.
      5. Kucingmu kang...........iku yen kowe lega dakpeke.
      6. Mengko sore rak malem Jumat, tukua.........kanggo sajen.
      7. Jaranku sing.........wis dakdol, saiki kari sing dhawuk.
      8. Nik, dakwenehi............kena kanggo mut-mutan.
      9. Jaka kusnan iku pancer lagi dadi...........tansah dadi pocapan.
      10. Peleme lagi wiwit............memper menawa gogrog terus, durung dadi pentil.
      11. Katese wis..............undhuhen bae kanggo lotisan kene.
      12. [ 93 ]

      kembang paes
      kembang kapas
      kembang lambe
      kembang gula
      kembang duren

      kembang setaman
      kembang asem
      kembang-kembangan
      kembang api
      dikembangi
      akembang

      III. DHAPUKAN UKARA/POLA KALIMAT (1.6.1.)

      Ukara-ukara iki benerna !

      1. Ninimu lagi golek eri.
      2. Anggenipun damel kranji sampun mantun.
      3. Omahe kang kobong pirang iji?
      4. Tukone Rp 100,00, didol mung payu Rp 75,00 dadi ketunan Rp 25,00.
      5. Yasa klambi kedawan
      6. Abas saiki doyan ngrokok.
      7. Bisa urip mung marga sarupaning pametuninf bumi.
      8. Bukunipun kelangkungan satunggal.
      9. Punika adhik dalem.
      10. Kula nengga wangsulanipun.

      IV. WARNA BASA (1.7.1.)
      TEMBUNG KRAMA INGGIL
      Tuladha:
      Bapak ing Klaten badhe kagungan krsa nyupitaken pun adhik Sasangka.
      Sesampunipun tetak badanipun badhe subur.

      Ukara iki gawenen kaya mengkono !

      Kandha

      mangan

      1. Bapak............ menawi badhe nyelengi, kula............ seneng banget.

      2. Sesampunipun para sepuh ............, kula nembe ............

      [ 94 ]

      pijet

      ngombe

      mulih

      nekani

      nangis

      sruwal

      sabuk

      aweh

      3. Eyang dipun............. griwanipun, kula kapengin ......... sirah.
      4. Mas Atmaka ............... benteran kopi, kula trimah ........... benteran teh.
      5. Ibu nembe .............. saking peken, kula sampun ............ kala wau.
      6. Pak Guru badhe ............. wishudhan, kula ugi ndherek ......... wisudhan.
      7. Sareng layonipun dipun bidhalaken, kathah para ibu ingkang............, adhik kula ugi tumut ...............
      8. Paman engganipun ndadosaken ............. sampun dados, dene .......... kula kantun ngitiki.
      9. Bapak yasa ............. cindhe, kula trimah tumbas ........... wacucal.

      10.Kula dipun .............. sangu ibu Rp 500,00, dhik Trani kula......... Rp 100,00.

      V. AKSARA JAWA
      Lagu Ijo-ijo iki salinana aksara Jawa!

      Kuning-kuning pari kuning,
      pari garing sisa dara.
      Eling-eling aja gething,
      seneng gething dadi hawa.


      [ 95 ]
      PIWULANG 10

      I. A. MACANEN/TEMBANGNA

      DHANDANGGULA

      1. Luwih lara laraning kang ati,
      nora kaya wong tininggal arta,
      kang wus ilang piandale,
      lipure mung yen turu,
      lamun tangi sungkawa malih,
      yaiku ukumira,
      wong nglirwakken tuduh,
      angilangken budidaya,
      temah papa asor denira dumadi,
      tan amor lan sesama.

      2. Peputone denira dumadi,
      ngugemana mring catur upaya,
      mrih tan bingung pangesthine,
      kang dhingin wekasingsun,
      anirua marang kang becik,
      kapindho anuruta,
      mring kang bener iku,
      ping tri nggugua kang nyata,
      kaping pate miliha ingkang pakolih,
      dadi kanthining gesang.

      (turunan)

      B. PITAKONAN

      1. Laraning ati kang nggares iku kang endi?
      2. Marine lelara iku mau kepriye?
      3. Sebabe apa kok nganti kechandak lelara iku?
      4. Temahane kepriye wong kang nglirwakake pituduh iku?
      5. Pungkasane rembug wong urip mono kudu ngugemi apa?
      6. Aranana upayane mau! [ 96 ]II. GUDHANG TEMBUNG/KOSA KATA (1.5.4.)

      A. TEMBUNG KAWI/KANG ANGEL

      a. Sungkawa = prihatin, susah
       nglirwakken = ora nggatekake, sembrana
       budidaya = reka, sarana kanggo nggayuh
       papa = nistha, cilaka
       dumadi = titah
       tan = ora
       catur upaya = sarana papat
       pangesthine = niyate, kekarepan
      kang angel
       peputone = wekasane rembug/pikir
       lamun = yen
       dhingin = dhisik
       lipur = lejar, mari sedhih
       temah = wasana
      b. 1 = eka
      2 = dwi
      3 = tri
      4 = catur
      5 = panca
      6 = sad
      7 = sapta
      8 = astha
      9 = nawa
      10 = dasa
      11 = ekadasa
      12 = dwadasa

      13 = trayodasa
      14 = caturdasa
      15 = pancadasa
      20 = wingsati
      21 = ekawingsati
      22 = dwiwingsati
      30 = tringsat
      40 = caturingsat
      60 = sasti
      70 = saptasi
      100 = satam
      1000 = sahasram

      B. TEMBUNG KANG MANTHUK

      Titik-titik iki isenana mawa tembung kang sisih tengen.

      1. Siti kae gampang ............... kesindhir bae gampang serik

      1. lara lapa

      [ 97 ]
      1. Uwuh-uwuh iku obongen mundhak agawe............
      2. Abimanyu, kowe wani maju perang iku aoa arep.........nggenjah pati?
      3. Nara pidana iku biyen disebut...........
      4. Sing............ adhimu iku apa ta, saprana-saprene kok durung mari?
      5. .............. anting-antingipun kok kantun sesisih?
      6. Sapa sing bisa bawa tembang gedhe ............ aku wurukana!
      7. Dewi Sumadra lagi ketaman ........... jalaran Rd. Arjuna murca saka praja.
      8. Gendhuk, tukua oyot .............. kanggo ukup sandhangane adhik
      9. Wis direwangi ........... meksa durung ketrima.

      b. lara setu
      c. lara brangta
      d. Lara Bentrok
      e. Den Lara
      f. dilarakake
      g. lelaran
      h. ngemping lara
      i. lelara

      j. lara ati

      C. MUDHA KRAMA/KRAMA LUGU

      Ukara iki gawenen mudha krama!

      1. Aku tuku buku, dene Bapak tuku semir sepatu.
      2. Aku sok melu Pak Gedhe panahan.
      3. Bapak Lurah nganggo jarik parang barung.
      4. Aku cukup nganggo jarik kelengan bae.
      5. Aku lagi bae tangi.
      6. Ibu nembe arep turu.

      D. PILIHEN KANG MANTHUK
      1. Tembung-tembung iki asli saka Sangsekerta, kejaba..........

      1. griya
      2. jala
      3. yuswa
      4. bal
      [ 98 ]2. Tembung-tembung iki asli saka Cina,kejaba....
      1. teh
      2. dacin
      3. anglo
      4. antero

      3. Tembung-tembung iki asli saka Arab,kejaba....

      1. napsu
      2. gendera
      3. kalbu
      4. wahyu

      4. Tembung-tembung iki asli saka Walanda,kejaba....

      1. sepur
      2. buku
      3. garansi
      4. sirah

      5. Tembung-tembung iki asli saka Portugis, kejaba.....

      1. kalbu
      2. greja
      3. meja
      4. sepatu

      6. Tembung-tembung iki asli saka Persi,kejaba....

      1. tesmak
      2. domba
      3. sreban
      4. blanja

      III. RENGGA BASA (1.7.2)
      A. TEMBUNG SAROJA
      angilangaken budidaya

      Tembung-tembung iki dadekna tembung saroja!

      1. ngempit
      2. ngeres
      3. ngeluh
      4. thek
      5. bala

      1. bojana
      2. bobot
      3. bagas
      4. bubar
      5. bale

      B. GURITAN
      WACANEN

      Sun gegurit pra mudha jaman saiki.
       Pinter-pinter kurang stiti.
       Maju-maju kurang gemi.
       Kendel-kendel kaduk wani.
       Sregep-sregep lali wanci.

      Gatekna !

      [ 99 ]- guritan iku tembang utawa uran-uran

      - kang baku tibaning gatra nganggo purwakanthi

      - cacahing wanda ora ajeg

      Guguritan/dolanan bocah



        1. Kembang jambu karuk.
        Tangan ngathung njaluk.
        Pentil asem caluk.
        Wadhah uyah empluk.

        2. Ajur memet remuk.
        Pitik cilik kuthuk.
        Isi bantal kapuk.
        Cagak gendheng usuk.

        3. Punthuk gunung dhuwur.
        Pethel gedhe wadung.
        Ula ireng dumung.
        Tapih manggar mancung.

        4. Kutut ngoceh manggung.
        Udhet putih bengkung.
        Gitik gedhe penthung.
        Wadhah gula karung.

      C. WANGSALAN

      Ing lelagon iku mau ukarane satemene mujudake wangsalan.

      Coba wangsalan iki kepriye kerepe?

      Oleh dening apa?

      Jawata pindha Arjuna

      Putra paneggak Pandhawa

      Peken alit

      Teja bengkok

      Sarpa kresna

      Kisma bencah

      Jalak pita

      Singa ranu

      Petis manis

      1. kecap
      2. baya
      3. kepodhang
      4. tela
      5. ula dumung
      6. kluwung
      7. waru/wande
      8. wrekudara
      9. Kamajaya

      [ 100 ]D. Apa karepe paribasan lan saloka iki?
      1. Ana catur mungkur.
      2. Keduwung ngntal wedhung.
      3. Katula-tula katali.
      4. Tekek mati ing ulone.
      5. Sedhakep ngawe-awe.
      6. Tigan kaapit ing sela.
      7. Satru kabuyutan.
      8. Suduk gunting tatu loro.

      a. Wong kasusahan kang mangro, utawa martelu.
      b. Satru kang turun-tumurun.
      c. Wong apes tandhing karo wong rowa,
                       wuwuh diebut loro.
      d. Sumedya mareni pagawean kang ala,
                       wekasan isih malang tumulih.
      e. Wong kang bilai marga saka wicarane
                       dhewe.
      f. Wong kang kelantur-lantur kena ing
                        beka.
      g. Samubarang tumindak menawa dibajurake
                        sangsara, menawa kaundurake rekasa.
      h. Wong kang ora gelem ngrungokake utawa
                        mikir rerasan.

      IV.WARNANE UKARA/RAGAM KALIMAT (1.6.2.)

      UKARA SANTA

      Tuladha:

      Peputone denira dumadi, ngugemana
                    mring catur upaya.

      Ukara iki gatekna!

      1. Den samya marsudeng budi.
      2. Den waspada ing samubarang karya.
      3. Di prayitna lampahira ing marga.
      4. Di taberi olehmu sinau.
      5. Di maju sethithik lungguhmu.
      6. Di munggah bae olehmu menek, kareben gampang olehmu ngunduh pelem.
      7. Di ngalah bae yen karo wong mberegudul.
      8. Di ngajeni marang wong tuwa. [ 101 ]
        SERAT SEDHAHAN

      Tuadha.

       Kula nuwun, ngaturi uninga menawi boten wonten alangan satunggal punapa saha Gusti Ingkang Maha Kawasa marengaken, kula badhe angemah-emahaken anak kula pambajeng nama pun Rr SRI REJEKI, angsal Bagus SRI RAHARJA Guru SMP Negeri 180 Jakarta, putra kakungipun R.WIGNY APRANATA ing Jatinom Klaten. Ijab salajengipun panggih ing dinten Rebo. Legi surya kaping 18 Mei 1986 wanci jam 19.00 (7 sonten)

       Ingkang punika menawi dhangan ing panggalih, saha sepen ing tengadur ing dinten saha tanggal kasebat nginggil, wanci ngajengaken jam 7 sonten panjenengan/sakaliyan kaparenga rawuh ing griya kula kampung Banareja III/6A Nusukan Surakarta,saprelu anjenengi panggihipun Penganten, supados paring lubering barkah pangestu wilujeng, sumrambah ing sadayanipun. Sesampunipun upacara panggih parenga nglajengaken lelenggahan sakaparengipun, sinambi mriksani lelangen pethilan.


      Wasana sanget ing pangajeng-ajeng kula. Nusukan, surya kaping 12 Mei 1986

      Atur taklim kula kekalih pangabekti

      Ndherek ngajeng-ajeng

      R. Citraatmaja

      1. 2.

      3. [ 102 ]
      PARAGRAF

      LAKUNING PARAGRAF

         Kang wiwitane nemtokake tema, lan tema mau banjur diperang-perang dadi lajering gagasan iku dikantheni perangan gagasan liyane. Sawuse bab iku rampung paragraf lagi digarap.

         Peprincening gagasan kasebut dadi saranane mblabari cengkorongan karangan.
      Upama: Tema,

      NDELENG KRATON SURAKARTA
      I. Dununging kraton Surakarta (lajering gagasan)
      A. ana desa Sala (panerang gagasan)
      B. papan ledhok sateruse (panerang gagasan)
      II. Barang antik (lajering gagasan)
      A. Panggung Sangga Buwana (panerang gagasan)
      B. Candrasengkala sateruse (panerang gagasan)

         Menawa cengkorongan mau wis dadi banjur kari nata ukara-ukarane.

         Irah-irahan ditulis ing tengah-tengah nganggo aksara gedhe.

         Antarane irah-irahan karo ukara wiwitan ing paragraf dileti sagaris, utawa rong garis.

         Ukara wiwitan saben paragraf katulis nglojok 2 utawa 3 cm.

         Larikan-larikan ing paragraf kudu isi kebak, kejaba larikan pungkasan.


      102

      [ 103 ]V. AKSARA JAWA


      A. WACANEN KANG LANCAR
      B. TULISEN NGANGGO AKSARA LATIN

      ꧉ꦏꦺꦕꦥ꧀꧉
      ꧋ꦮꦶꦔꦶꦱꦺꦴꦫꦺꦲꦶꦧꦸꦒꦼꦣꦺꦩꦿꦺꦤꦺ꧈
      ꦩꦫꦶꦁꦔꦶꦏꦺꦕꦥ꧀꧈
      ꦪꦸꦱꦸꦩꦶꦩꦼꦚꦁꦥꦱꦂꦠꦸꦏꦸꦢꦒꦶꦁ꧈
      ꦢꦒꦶꦁꦔꦺꦢꦶꦕꦕꦃ꧈
      ꦤꦸꦭꦶꦢꦶꦲꦺꦴꦭꦃꦱꦼꦩꦸꦂꦏꦺꦕꦥ꧀꧈
      ꦱꦼꦒꦤꦺꦥꦸꦠꦶꦃꦠꦸꦂꦲꦔꦼꦠ꧀
      ꦫꦱꦤꦺꦢꦸꦢꦸꦩꦼꦤꦸꦱ꧀
      ꦲꦏꦸꦔꦺꦩꦺꦭ꧀
      ꦲꦠꦶꦏꦸꦢꦢꦶꦲꦪꦼꦩ꧀꧈



      ****

      103