Menyang kontèn

Kaca:Basa Jawi Gagrak Anyar 2.pdf/33

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

IV. NDHAPUK UKARA (1.6.1)

A.Tuladha:- Aku ora duwe dhuwit.
- Aku mung trima nunut bae.

Sarehne aku ora duwe dhuwit, mung nunut bae.

Ukara iki gandhengen nggunakake tembung pangiker: sarehne, mula/mulane/milanipun.

1.- Kowe sing salah.
- Pit sing rusak iki dandakna bae, ora usah kokijoli.
2.- Dhuwitmu akeh.
- Utangmu saurana, kareber rada entheng.
3.- Aku lagi ora duwe dhuwit.
- Aku ora bisa mitulungi.
4.- Mangsa awis tedha.
- Kathah tiyang ngumbara.
5.- Suta mriptaipun radi chadok.
- Suta menawi maos kerep klentu.
6.- Kowe dakundang dhuwit.
- Kowe arep dak-kandhani dhewe.
7.- Kowe dakparingi dhuwit.
- Aku ngreti yen dhuwitmu ilang.
8.- Umar sregep sinau.
- Umar bijine apik.
9.- Pun Dora kerep nyulayani rembag.
- Pun Dora boten dipun pitados.
10.- Mangane ora ditata.
- Wetenge kerep lara.

B. MBENERAKE UKARA

Tuladha:

a. Ngantos sapunika kula dereng ngretos.

b. Ngantos sapuriki kula dereng ngretos.

31