Kaca:Basa Jawi Gagrak Anyar 2.pdf/46

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

VI. MACA TITI

A. WACANEN KANG BECIK
TIYANG MLARAT KALIYAN BLUMBANG

INGKANG ASREP TOYANIPUN

II

Kacariyos sawangsulipun tiyang mlarat saking griyanipun Sudagar, samargi-margi tansah sesambat angaru-ara, amargi rumaos kenging apus. Ing ngatasipun sedalu sampun kraos kasrepen, wusananipun boten dipun bayar kados ingkang sampun kajangjekaken, wewah malih nalangsanipun, dene pun Sudagar nantang-nantang, murih tiyang mlarat wau lapur dhateng pengadilan, menawi sakinten boten nrimah. Ingkang mekaten punika, tiyang mlarat wau inggih sayektos sowan dhateng pengadilan, prelu nglapuraken sedaya ingkang sampun kalampahan, ananging pengagenging pengadilan boten kresa paring pengadilan , malah tiyang mlarat wau dipun lepataken. Mekaten ugi pengageng-pengageng sanesipun ingkang dipun sowani dening tiyang mlarat wau, sedaya sami nglepataken dhateng piyambakipun. Kados pundi reka dayanipun tiyang mlarat wau, senajan ta midera sapraja pisan, temtunipun sedaya-sedaya ugi boten badhe purun suka pengadilan, ndilalah karsaning Allah, kala semanten tiyang mlarat kepethuk kaliyan Abunawas. Sareng pun Abunawas sumerep wonten tiyang ketingal sakalangkung prihatos, lajeng enggal murugi sarta pitaken mekaten,

“Lho, ki sanak, delenge sampeyan kok susah banget, niku sababe mawon napa, bok sampeyan critakake teng kula, nek-neke kula bisa mitulungi teng sampeyan !”

Mireng pitakenipun Abunawas, tiyang mlarat wau sakalangkung bingahing manahipun, sarta lajeng nyariyosaken sedaya lelampahanipun, saking wiwitan dumugi pungkasan. Mekaten ugi anggenipun sowan dha-

45