Kaca:Basa Jawi Gagrak Anyar 2.pdf/27

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

kaliyan ingkang estri, pun Sudagar ugi nglilani, Sadumugining griya tiyang mlarat wau nyriyosaken sayembaranipun sudagar, sarta nedha pamit badhe nglebeti sayembara wau.

Kacariyos dalunipun kinter-kinten jam 8,tiyang mlarat wau sampun nyemplung ing blumbang.

Kinten-kinten jam 12 dalu, saking asreping toya, piyambakipun meh boten betah anglajengaken anggenipun kungkum wonten ing ngriku, sarta lajeng nenuwun dhateng ingkang Mahasuci, mugi-mugi sageda kiyat ngantos dumuginipun njing.Ndilalah karsaning Allah raosing asrep saged suda.Kinten-kinten jam 2, anakipun nuweri, amargi kuwatos, bilih bapakipun sampun tilar, jalaran saking asreping toya. Bingahipun lare wau tanpa upami, sareng sumerep bilih bapakipun taksih wilujeng, boten kirang satunggal punapa. Ingkang punika piyambakipun lajerg damel bedhiyan wonten sacelaki punngriku, kaliyan nengga anggering bapakipun kungkum wonten ing blumbang wau ngantos enjing.

Sareng sampun warcinipun surya malethek, tiyang mlarat wau lajeng mentas saking anggenipun kungkum saha lajeng murugi pun Sudagar. Prelu nedha epah ingkang sampun kajangjekaken, ananging pun Sudagar boten purun netepi jangjinipun. Jalaran ing sacelakipun wonten bedhiyan ingkang saged mbenteri tiyang ingkang kungkum wau. Sanajan tiyang mlarat nyriyosaken, hilih bedhiyaning anaki pun wau boten nggadhahi daya punapa-purapa, ananging pun Sudagar meksa boten purur mbayar 10 ringgit ingkang sampun kajangjekaken punika.

B. MANGSULI PITAKONAN

  1. Sudagar ing Bagdad ngedegake sayembara apa?
  2. Apa iya akeh sing ngletoni sayembara iku?
  3. Ganjaran sayembara iku apa, pira kehe?
  4. Wekasane kang saguh tenan nglebori sayembara

25