Kaca:Basa Jawi Gagrak Anyar 2.pdf/30

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi


Luwih-luwih saiki, ing jero kampung bae tetumpakan slira-sliri, omah gedhong magrong-magrong ora kurang.

Wis ya liya dina dakcritani."

Larta : "Inggih mas, matur nuwun."


II. AKSEN NADA NYEDHIHAKE (1.4)
Tekanan nada nyedhihake iku kaucapake mudhun. Ukara iki ucapna kang mapan, cetha!

  1. Cilaka dhuwit satus rupiyah bae ilang.
  2. Ya wis ben dirasakake dhewe, lha wong dikandhani bola-bali ora nggugu.
  3. Rak kojur ta aku, ora ana barat ora ana angin kok didukani.
  4. Bola-bali kowe, tansah gawe rekasaku thok, pijer-pijer mung ngabul-abul dhuwit bae.
  5. Pancen aku sing luput, nanging bok iya uwis, Prekara ngono bae digunem ora uwis-uwis.
  6. Nganti bosen aku, krungu unjarmu kang ora kepenak iku.
  7. Tobat tenan aku ngrasakake polahe Tarsan anggone penthalitan kuwi Lho.
  8. Wong ki nek lagi apes, muni apa-apa kok Ora diprecaya.
  9. Ya wis ben ditanggung dhewe, lha wong dikon ngowahi tingkahe bae kok mundur isin.
  10. E, wong ki nek lalen, nggoleki singgahane dhewe bae sajam ora katemu-temu.

III. A. TEMBUNG DWILINGGA (1.5.1.)
Luwih-luwih saiki, ing jero kampung bae tetumpakan slira-sliri.

slira-slira

iku diarani tembung dwilingga salin swara.