Kaca iki durung katitiwaca
3. Ula watake kepriye?
4. Gajah watake kepriye? 5. Watak-watak iku mau wusanane kepriye?
C. TEMBUNG-TEMBUNG KANG ANGEL adigang = ngendel-endelake enggone ro- sa, kuwat, digdaya, kuwasa adiguna = ngendel-endelake kapinterane, kaluwihane adigung = ngendel-endelake kaluhurane esthi = gajah sampyuh = kalah/mati bareng umbag = seneng sesongaran/umuk kebat = rikat, banter
IX. AKSARA JAWA A. WACANEN LAN SETITEKNA
ꦧꦥꦏ꧀ꦔꦁꦱꦸ ꦏꦂꦤꦺꦤ꧀ꦠꦼꦭꦸ ꦱꦒꦼꦢ꧀ꦔꦶꦢꦸꦁ ꦢꦺꦴꦭꦤ꧀ꦔꦺꦠꦤ꧀ ꦔꦗꦏ꧀ꦔꦸꦭꦺꦴꦤ꧀ ꦠꦶꦔ꧀ꦤꦩ꧀ꦔꦺꦴꦫꦺꦴꦏ꧀
B. TULISEN AKSARA JAWA 1. Pak Ngari dolan ngetan ngiras nguyang pari. 2. Lik Ngarijan ngalor arep gladhen ngidung. 3. Murid-murid ngangsu kawruh. 4. Senthun pethenthengan. 5. Yu Sunthi panen kenthang. 6. Rambut bodhol. 7. Suparlan dados guru.
58