Kaca:Basa Jawi Gagrak Anyar 2.pdf/45

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

Pungkasane gatra utawa ukara mau suwarane kang rujuk/runtut (swara o), lha iki kang diarani purwakanthi swara.

Tuladha liyane:

1. Cempe, Cempe, undangna barat gedhe,
dakopahi duduh tape,
yen kurang njupuka dhewe.
Cempa, Cempe, undangna barat dawa,
dakopahi duduh kluwa
yen kurang njupuka kana

2. Dhok lyik, Dhok lyik,
embokmu lunga mbathik,
dicegat Landa burik,
le nangis ngerik-ngerik.
Dhok Erok, Dhok Erok,
biyungmu lunga ngerok,
dicegat Landa brewok,
le nangis nganti gerok.

3. Lelagon(Aku Bisa Nembang -Hardjosoebrata)
Nama kula Kamid,
kula dados dhokter,
njampeni sesakit,
sakalangkung pinter.
Radi kaleresan,
nyuwun jampi wudun,
sampun tigang wulan,
boten mantun-mantun.
Kedah dhahar babal,
pareman kencur
yen supados enggal,
kedah dipun jagur.



44