Kaca:Basa Jawi Gagrak Anyar 2.pdf/68

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

a. Tembung-tembung iki garbanen!

sedya + arsa =
Wani + ing gawe =
dudu + umum =

begja +antuk =
murda +anta+aji+ =
kudu +urip =

b. Tembung-tembung iki udharana!

setyadi =
putramba =
kasdurip =

kusumastuti =
putranta =
pujamba =

VII. A. WACANEN/TEMBANGNA

Maskumambang

Wulangreh.


1. Nadyan silih bapa biyung kaki nini,
sadulur myang sanak,
kaluman muruk tan becik,
nora pantes yen den nuta.

2. Apan kaya ngono watekane kaki,
sanadyan wong tuwa,
kalamun muruk tan becik,
nora pantes yen den nuta.

3. Iku pantes yen sira tirua kaki,
miwah bapa biyang,
amuruk watek kang becik,
wajib kaki estokena.

B. Pitakonan iki wangsulana!

  1. Manwa ana pitutur kang ora becik iku tumrap kowe kepriye?
  2. Lha manawa wong tuwa pituture becik, watekane becik, tindak tanduke becik, iku kepriye?
  3. Dadi endi bae kang kudu kang kok-estotake.

C. TEMBUNG KANG ANGEL

Silih = ta, jeneng, aran

67