Kaca iki wis dikorèksi
II. LAGU UKARA/INTONASI (1.3.)
UKARA PANGAREP-AREP
Alusing ukara panjaluk dadi pangarep-arep.
Lumrahe diprtelakake: tembung sambawa, tembung mugi, mugi-mugi.
Ukra iki wacanen lagune kang cetha!
- Keparenga rawuh ing griya!
- Takarep-arep tekaa ing omahku!
- Di bandhema wong mana, kareben kapok!
- Di sambera bledheg mana kareben lampus!
- Tibaa mana ya, kareben kapok!
- Mugi karsan rawuh ing pondhok kula!
- Mugi-mugi sageda lulus pendadaran kula.
- Mugi-mugi sukamanipun anak kula tinampia ing pangayunaning Pangeran!
- Mugi-mugi keparengan sedaya panyuwunipun.
- Mugi-mugi Gusti Allah tansah paringa pangaksama dhateng sedaya kalepatan kawula!
III.TITI TEMBUNG (1.5.)
A. TEMBUNG CAMBORAN (1.5.2.)
Tuladha:
Rajawali Travel Expres
rajawali = araning manuk
- gropak .......... = aluran turun kaping 8
- jaka ............ = jenenging lintang
- klabang ......... = dhapuring omah kampung dawa
- kala ............ = kewan entup-entupan
- laler ........... = araning brengos
- macan ........... = saoto campur tahu kupat
- mega ............ = wedang jae campur wedang kopi
- mata ............ = bolongan benik
- mata ............ = kulit mlinjo digoreng
70