Kaca:Basa Jawi Gagrak Anyar 2.pdf/92

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

1. Layang katur marang wong tuwa
Serat saha ingkang pangabekti kula katur ................
2. Tumrap sapadha-padha
Serat saha salam taklim kula, dhumateng..................
3. Wong tuwa marang anak
Layang kanthi pandonga/pamuji raharja marang.............

B. BALISWARA (1.7.2.)
Tuladha:
Kula sampun sowan Paman Partaatmaja
Partaatmaja = atmaja putra
Tuladha iku tegese tetep (ora oncat).
Ana tembung baliswara kang oncat tegese,upama:
1. omah jugrugan = durung jugrug
jugrugan omah = bata/lemah lsp
2. beri rosokan = isih wujud beri
rosokan beri = cuwilan beri
3. padhas gempalan = durung gempal
gempalan padhas = cuwilan
4. candhi rusak = rusak kabeh
rusakan candhi = reca, watu
5. cangkir tutup = nganggo tutup
tutup cangkir = tutuping cangkir

C. CANDRA (1.7.2.)
Tuladha: Nalah rikala semanten aman takasih kengetan dhik Sasangka, "Rak adhikmu sing kedhepe nrithil ndamar kanginan kae ta?"

Candra angganing manungsa ing ngisor iki rampungna!

91