Menyang kontèn

Wikisumber:Angkringan

Tambah rembug
Saka Wikisumber
Tanggepan paling anyar: 27 dina kepungkur déning Bennylin ing rembugan Mode bengi

Angkringan​ ꧋ ꦮꦺꦝꦁꦔꦤ꧀
Sugeng rawuh ing Angkringan Wikisumber Jawa!

Angkringan Wikisumber Jawa minangka papan kanggo sapa baé kang arep takon utawa ngrembug samubarang prakara kang gayut karo Wikisumber basa Jawa. Mangga kowé bisa ngener pérangan kang arep kowé takokaké utawa rembug. Manawa kowé arep ngaturaké pangudarasa, uneg-uneg, panemu, lsp. bab Wikisumber Jawa, mangga kemawon. Ana déné kanggo rembugan bab prakara kang angèl banget, mangga sesambungan langsung marang panata Wikisumber. Kajaba iku, sawetara parembugan manggon ing mandhala aran Parembugan Indhèks lan Kaca.

꧋ꦱꦸꦒꦼꦁ​ꦫꦮꦸꦃ​ꦲꦶꦁ​ꦮꦺꦝꦁꦔꦤ꧀ꦮꦶꦏꦶꦱꦸꦩ꧀ꦧꦼꦂ​ꦗꦮ​꧉
꧋ꦮꦺꦝꦁꦔꦤ꧀ꦮꦶꦏꦶꦱꦸꦩ꧀ꦧꦼꦂ​ꦗꦮ​ꦩꦶꦤꦁ​ꦏ​ꦥꦥꦤ꧀ꦏꦁ​ꦒꦺꦴ​ꦱꦥ​ꦧꦲꦺꦏꦁ​ꦲꦉꦥ꧀ꦠꦏꦺꦴꦤ꧀ꦲꦸꦠꦮ​ꦔꦽꦩ꧀ꦧꦸꦒ꧀ꦱꦩꦸꦧꦫꦁ​ꦥꦿꦏꦫ​ꦏꦁ​ꦒꦪꦸꦠ꧀ꦏꦫꦺꦴ​ꦮꦶꦏꦶꦱꦸꦩ꧀ꦧꦼꦂ​ꦧꦱ​ꦗꦮ꧉​ꦩꦁ​ꦒ​ꦏꦺꦴꦮꦺꦧꦶꦱ​ꦔꦼꦤꦼꦂ​ꦥꦺꦫꦁ​ꦔꦤ꧀ꦏꦁ​ꦲꦉꦥ꧀ꦏꦺꦴꦮꦺꦠꦏꦺꦴꦏ꧀ꦏꦏꦺꦲꦸꦠꦮ​ꦉꦩ꧀ꦧꦸꦒ꧀꧉​ꦩꦤꦮ​ꦏꦺꦴꦮꦺꦲꦉꦥ꧀ꦔꦠꦸꦂꦫꦏꦺꦥꦔꦸꦢꦫꦱ꧈​ꦲꦸꦤꦼꦒ꧀ꦲꦸꦤꦼꦒ꧀꧈​ꦥꦤꦼꦩꦸ꧈​ꦭꦤ꧀ꦱꦥꦤꦸꦁꦒꦭ꧀ꦭꦺꦧꦧ꧀ꦮꦶꦏꦶꦱꦸꦩ꧀ꦧꦼꦂ​ꦗꦮ꧈​ꦩꦁ​ꦒ​ꦏꦼꦩꦮꦺꦴꦤ꧀꧉​ꦲꦤ​ꦢꦺꦤꦺꦏꦁ​ꦒꦺꦴ​ꦉꦩ꧀ꦧꦸꦒ꧀ꦒꦤ꧀ꦧꦧ꧀ꦥꦿꦏꦫ​ꦏꦁ​ꦲꦔꦺꦭ꧀ꦧꦔꦼꦠ꧀ ​ꦩꦁ​ꦒ​ꦱꦼꦱꦩ꧀ꦧꦸꦁ​ꦔꦤ꧀ꦭꦁ​ꦱꦸꦁ​ꦩꦫꦁꦥꦤꦠꦮꦶꦏꦶꦱꦸꦩ꧀ꦧꦼꦂ​꧉​ꦏꦗꦧꦲꦶꦏꦸ꧈​ꦱꦮꦠꦫꦥꦉꦩ꧀ꦧꦸꦒ꧀ꦒꦤ꧀ꦩꦁꦒꦺꦴꦤ꧀ꦲꦶꦁꦩꦤ꧀ꦝꦭꦲꦫꦤ꧀​ꦥꦉꦩ꧀ꦧꦸꦒ꧀ꦒꦤ꧀ꦲꦶꦤ꧀ꦝꦺꦏ꧀​ꦭꦤ꧀​ꦏꦕ

Selamat datang di Warung Kopi Wikisumber bahasa Jawa!
Welcome to Javanese Wikisource's Village Pump!

Javanese texts for creating an OCR model

[besut]

Hi everyone,

Apologies for writing in English. Kindly help me in translating this message into Javanese if that would be helpful for other community members.

You might be aware that we have been experimenting with creating an OCR model for Javanese language using some handwritten manuscripts. But, so far we have not be able to make huge progress with that. One issue might be that we didn't have enough proofread pages.

So, we have decided to focus first on a printed texts model instead of handwritten manuscripts. We held a meeting with @Bennylin from the Javanese and have identified the following texts:

  1. Indhèks:ꦠꦱꦮꦸꦥ꦳꧀ꦆꦱ꧀ꦭꦩ꧀.pdf
  2. Indhèks:Serat Wedhatama.pdf
  3. Indhèks:ꦥꦒꦼꦭꦂꦫꦤ꧀.pdf
  4. Indhèks:Kawruh Kalapa, by Ki Padma Susastra.pdf

Kindly help us with adding line breaks on these manuscripts so that a non-Javanese speaker can easily copy paste the lines to be added in parallel to the images.

Also, do let us know if you have any suggestions or if there are other texts that you would like us to consider.

We hope to build a usable model by the end of June 2024. We will update you further on any progress.

Thank you for your patience.

Regards

SGill (WMF) (rembugan) 28 Maret 2024 10.45 (UTC)Wangsuli

Hello,
I've told some friends to help adding line breaks for the books mentioned above. Hopefully they can do that as soon as possible.
Thanks a lot. Thersetya2021 (rembugan) 28 Maret 2024 12.22 (UTC)Wangsuli
Kanca-kanca, saiki model OCR kanggo aksara Jawa wis cemepak ing wiki iki ya. Mangga dicoba. Bennylin (rembugan) 31 Agustus 2024 10.01 (UTC)Wangsuli
Pas pertama, seting 1-3, bar kuwi sakterusé tinggal mijet nomer 4. Bennylin (rembugan) 31 Agustus 2024 10.13 (UTC)Wangsuli
ꦲꦏꦸꦮꦶꦱ꧀ꦗꦗꦭ꧀​ꦩꦱ꧀꧈ꦱꦔꦠ꧀ꦩꦼꦩ꧀ꦧꦤ꧀ꦠꦸ꧉ꦩꦸꦁꦲꦱꦶꦭ꧀ OCR-e ꦫꦢꦱꦸꦮꦺꦩꦼꦠꦸꦤꦺ꧈ꦤꦺꦏ꧀ꦠꦏ꧀ꦫꦱꦏ꧀ꦫꦱꦏ꧀ꦏꦺ꧉—Devi 4340 (rembugan) 3 Sèptèmber 2024 08.47 (UTC)Wangsuli

wonten kaleh angkringan

[besut]

kula tingali wonten kaleh angkringan ingkang aktif ten wikisumber basa jawi menika. Angkringan kapisan inggih angkringan menika, kapindo angkringan ing prnala angkringan warta. Monggo dipun rembag mawon, kita ndamel angkringan pundi ingkang saged damel rundingan bab wikisumber basa jawi. Empat Tilda (rembugan) 27 Agustus 2024 17.29 (UTC)Wangsuli

Sing iku dinggo warta global mas. Yèn sing iki dinggo awaké dhéwé rundingan. Bennylin (rembugan) 28 Agustus 2024 13.25 (UTC)Wangsuli
berarti nek tanglet-tanglet ten mriki mawon saget nggeh om @Bennylin? Empat Tilda (rembugan) 2 Sèptèmber 2024 05.13 (UTC)Wangsuli
ꦚ꧀ꦗꦶꦃ ​ting mriki mawon Bennylin (rembugan) 3 Sèptèmber 2024 06.05 (UTC)Wangsuli

Pitulung

[besut]

Kula ajeng pados pitulung supados mangertos cithakan-cithakan kangge nitiwaca lha kok malah dipunterusaken ten jv.wikipedia.org nggih, Mas Mbak? Thersetya2021 (rembugan) 7 Oktober 2024 07.40 (UTC)Wangsuli

Sing sampeyan maksud sing endi ya, mbak? Aku ngertine sing iki. Devi 4340 (rembugan) 7 Oktober 2024 07.53 (UTC)Wangsuli
Pitulung ing sisih kiwa, sakdhuwuré Bak wedhi ing situs jv.wikisource.org, Mbak. Yèn diklik mlayuné menyang https://jv.wikipedia.org/wiki/Pitulung:Isi Thersetya2021 (rembugan) 7 Oktober 2024 10.17 (UTC)Wangsuli
Eh iya ya, aku malah lagi sadar. Kuwi mungkin gara-gara kaca pitulunge urung digawe, dadine diplayokke maring jv.wikipedia Devi 4340 (rembugan) 7 Oktober 2024 10.55 (UTC)Wangsuli
Iya, Mbak. Nuwun.
Kanca-kanca sing bisa nulungi mbenakake kaca pitulung, tulung dibenakake nggih. Nuwun Thersetya2021 (rembugan) 8 Oktober 2024 07.20 (UTC)Wangsuli
Kudu panata sing isa. Amarga aku wis entek jabatan panatane, aku tak ngajokne meneh ya. Bennylin (rembugan) 25 Januari 2025 11.17 (UTC)Wangsuli
mangga kemawon, Maz @Bennylin Thersetya2021 (rembugan) 25 Januari 2025 14.20 (UTC)Wangsuli

Bennylin dadi panata (admin request) lan panata antarmuka (interface admin request)

[besut]

Kula badhe nyalonaken dados panata lan panata antarmuka ing Wikisumber mriki. Suwun. Bennylin (rembugan) 25 Januari 2025 11.18 (UTC)Wangsuli

Pamungutan swara

[besut]

Thersetya2021 dados panata (admin request)

[besut]

Wilujeng,

Kula kepengin dados panata ing situs wikisumber jawi, caranipun pripun nggih? Maturnuwun. Thersetya2021 (rembugan) 25 Januari 2025 14.18 (UTC)Wangsuli

Inggih kados mekaten, Mbak. Sampun leres. — Labdajiwa (rembugan) 25 Januari 2025 15.30 (UTC)Wangsuli


Pamungutan swara

[besut]

Pangowahan Maret 2025

[besut]

Matur nuwun, kula sampun diangkat dadi panata 3 taun ing jv.ws, lan mbak Thérsetya 6 sasi.

Kula sampun ngowahi Mediawiki:Sidebar, supaya luwih pepak, menawi ana usulan, saged didhiskusikné.

Kaca-kaca indhèks saiki sampun saged disambungné menyang Wikidata. Menawi ènten pitakonan, saged ditakokaké. Bennylin (rembugan) 7 Maret 2025 06.17 (UTC)Wangsuli

@Bennylin, Matur nuwun sampun ngowahi sidebar niki. Mas, aku njajal ngeklik-ngeklik "Indheks samubarang" malah metune kaca-kaca indheks sing error, ana tulisane: Masalah skrip: Modhul "Index template" ora ana. Contone:https://jv.wikisource.org/wiki/Indhèks:Add._12288_Babad_Sultanan_utawi_Mangkunegaran.pdf. Devi 4340 (rembugan) 8 Maret 2025 02.41 (UTC)Wangsuli
Iya, kuwi amarga indhèks lagi disambungné menyang Wikidata. Yèn nemu "Masalah skrip: Modhul "Index template" ora ana.", klik besut sumber, trus langsung "babar owahan" (null edit). (Sing Add. 12288 wis tak ngonokké). Bennylin (rembugan) 8 Maret 2025 04.38 (UTC)Wangsuli
oke mas, matur nuwun~ Devi 4340 (rembugan) 8 Maret 2025 09.48 (UTC)Wangsuli

Cara ngopi alamat URL aksara Jawa sing luwih trep

[besut]

Kanca wiki, saka konperènsi Wikisumber 2025 wingi, kula nemu cara supaya alamat URL sing nganggo diakritik utawi aksara Jawa saged disalin sing bener lan ora kedawan. Carané gampang.

Biasané, yèn dhéwé ngopi alamat URL sing ana diakritik é utawa è, utawa ana aksara Jawané, dadiné kaya ngéné:

Nanging, yèn sakdurungé nyalin alamat URL kuwi, sampéyan nambahi spasi ing ngarepé alamat URL, mengko dadiné kaya ngéné:

Luwih apik lan gampang tha.

Contho liyané:

Yèn ditambahi spasi ing ngarepé:

Bennylin (rembugan) 7 Maret 2025 06.43 (UTC)Wangsuli

Ngaturaken rahayu wilujeng, Kanca Wiki!

Ing sasi iki Komunitas Wikimédia Ngayogyakarta tembayatan karo Wikimédia Indonésia lan GLAM Indonésia bakal nganakaké Pasanggiri Wikisumber 2025 kaya taun kapungkur, yaiku pasanggiri nitiwaca lan nyerat ing Wikisumber Jawa kang asal bukuné saka Wikimedia Commons.

Titiwanci pasanggiri kawiwitan saka tanggal 10 Maret nganti 23 Maret 2025.

Para panyarta kang wis tau mèlu, panyarta anyar, lan sapa waé kang kepéngin sinau bisa mèlu pasanggiri iki. Kanggo para panyarta kang bisa nggayuh biji paling akèh bakal olèh bebungah kang ora bakal nguciwani!

Info pepak bisa dideleng ing pranala: https://bit.ly/wmid-wikisumber2025

Borang pandhaptaran ing pranala: https://bit.ly/wmid-dhaptarwikisumber2025

Sesambungan: Tita +6287881557691 | Ichsan +6281225207571

Mode bengi

[besut]

Kanca-kanca, saiki nang Wikisumber wis tak pasangi pilalan (prèferènsi) gèjet mode bengi. Mangga dipasang supaya mripaté boten pedhes. :)

Bennylin (rembugan) 17 Mèi 2025 15.41 (UTC)Wangsuli