IV. TEMBUNG YOGYASWARA/RENGGA BASA (1.7.2)
A. Tembung yogyaswara iku kang dikarepake pamoring tembung lingga karo tembung lingga kang pakecapane meh padha, suwarane kepenak rinasa sarta duwe teges lanang lan wadon. Kayata:
|
|
B. WARNA BASA (1.7.1)
KRAMI INGGIL
Ing gegebengane basa krama isih ana tembung sawatara, isih ewoning tembung krama, nanging luwih ngajeni, sarta kang akeh mung tumuju marang kang diajak guneman utawa kang dicritakake, yaiku krama inggil(ki)
Gunane :
a. ngluhurake madyama purusa
b. ngesorake utama purusa / krama andhap
Upama: - Sumangga kula aturi
- Menawi kapareng adalem nyuwun salembar kemawon.
Kanggone basa mau yaiku dadi guneme priyayi cilik menyang priyayi gedhe. Priyayi enom menyang priyayi sepuh.
Basa iki ing masarakat ora keprungu maneh, dene saiki kang luwes basa Madya krama.
Basane krama kabeh, kacampuran krama inggil.
13