Kaca:Basa Jawi Gagrak Anyar 2.pdf/77

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi
  1. Mas, mbalung klapa, aja ethok-ethokan lho!
  2. Wilangan wolu loro, puluh-puluh dikapakna wong wis kebacut.
  3. Kok mutra bebek, wira-wiri kuwi ana apa ta?
  4. Nyepur cilik bae, nek kirane mathuk lakonana.
  5. Bocah cilik aja ngrokok cendhak, neges-neges.
  6. Wah kowe kuwi mbumbu rokok, ngawur bae.
  7. Mbok aja mrica kecut, waton muni.
  8. Bareng dandan ngisi randhu, ngantheng tenan lho kowe.

V.A.WACANEN KANG BECIK/DEKLAMASI

REKSANEN IBU PERTIWI

Angger!
Dipadha enget.
Miwah sumurupa.
Menawa jeneng para,
dalah sakula wangsanira,
datan baen-baen.

Heh para mudha miwah mudhi,
lir jumerut pependinging bawana.
Tampanana prabaning kaluhuran!
Den cancut tali wanda.
Makarya, aja kadalu warsa.
Reksanen Ibunira!
Supadi sumunar senene.
Dinganti tumekeng liyan praja.
Karana tandangira, kanthi katresnan.

Ayo, Angger!
Sigra-sigra maju,
mbengkas dahuru,
makarya,
mrih Ibu Pretiwi karta raharja,

76