Kaca:Basa Jawi Gagrak Anyar 2.pdf/17

Saka Wikisumber
Menyang navigasi Menyang panggolèkan
Kaca iki wis dikorèksi

rekasa tundone sangsara.

3. Becik,
aja gawe serik,
gawea resik,/
ganjarane ora sethithik,
4. Begja cilaka,
winengku ing pangrasa,
gumantung Hyang Maha Kawasa,
manungsa golek sarana,
murih urip mulya.

B. PITAKON IKI WANGSULAN A
1. Awake dhewe kuwi manawa sinau kepriye
2. Dene menawa nyambut gawe kepriye ?
3. Menawa gawe utama kudu kepriye ?
4. Dene manawa cuwa iku marakake kepriye ?
5. Sepira gedhening ganjarane wong agawe becik?
6. Senajan uripe manungsa gumantung Pangeran,
nanging manungsa mono wajib kepriye?

C. TEMBUNG-TEMBUNG KANG ANGEL
makarya = nyambut gawe
nastiti = setiti
raharja = slamet
tepa salira = nulad, madhakake awake dhewe
cuwa = gela
tundone = wekasane, temahan
winengku = dikuwasani

VI. AKSARA JAWA

WACANEN LAN GATEKNA

15