Kaca:Basa Jawi Gagrak Anyar 2.pdf/61

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi


Wis ta, golek walang rada agal,

aja sumelang nek taktinggal."

Warsana : "Iya, matur nuwun Mas.

Pucuk godhong aja ngapusi lho!"

II. LAGU UKARA/INTONASI (1.3.)
 UKARA PANGAJAK
Ukara pangajak, padha bae karo ukara pakon, mung bae kang diprentah nduweni teges sejajar pangkate kare sing mrentah.
Lumrahe dipratelakake nganggo tembung: ayo, mangga, sumangga, awi, coba, prayoga.
 Ukara iki wacanen, intonasine kang cetha!

  1. Ayo padha dolanan!
  2. Ayo pethi iki dienceng-enceng, dielih mrana!
  3. Mangga dipun kedhapi!
  4. Mangga ta dipun entosi mriki, sinambi lenggahan!
  5. Mbok ayo ta padha mlaku-mlaku!
  6. Awi ta dhateng griya kula, pados jambet!
  7. Cobi dipun waos malih kajengipun cetha!
  8. Saenipun, kita sowan kemawon, boten prelu nyaosi serat.
  9. Kinten kula langkung sae nggasiki tinimbang dhateng kantun.
  10. Prayoginipun padamelan punika dipun rampungaken salah satunggal rumiyin.

III.TITI TEMBUNG (1.5.)
A. TEMBUNG DWILINGGA (1.5.1.)
 Titik-titik iki isenana nganggo tembung dwilingga kang darbe teges tembung aran!

  1. Mbak Hartanti nganggo ..........gunung sapikul.
  2. Awakmu kuru tenan,ngiloa balunge ............. rak katon nggligir.