Kaca:Basa Jawi Gagrak Anyar 2.pdf/90

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
PIWULANG 9

I. A. LAYANG IBER/KIRIMAN

WACANEN

Serat saha ingkang pangabekti kula, katur panjanenganipun Bapak Raden Demang Purawaatmaja sakaliyan ingkang pilenggah ing Tarubasan Karanganom Klaten.

Sesamanipun ingkang kadya punika, nuwun wiyosipun kula ngaturi uninga, bilih kula sampun dumugi ing Sala, kanthi barkah pangestunipun Bapak sakaliyan wilujeng, mugi-mugi kagem brayat ing ngriki ugi mekatena.

Kaparenga matur, sadumuginipun Sala, kula ngestokake dhawuhipun Bapak sampun sowan Paman Partaatmaja ing Purwasari, ngaturaken kawontenanipun brayat Klaten, sarta atur cecala mbok bilih tanpa pambengan satunggal punapa Bapak ing Klaten badhe kagungan karsa nyupitaken pun adhik Sasangka ing salebeting wulan ngajeng, dene badhe tempukipun damel, brayat ing Klaten badhe tindak dhateng Sala.

Menggah pangandikanipun Paman saderengipun Bapak tindak dhateng Sala, badhe ngrumiyini sowa Bapak ing Klaten, ngiras panten badhe nyekar. Malah rikala semanten Paman taksih kangetan dhik Sasangkan, "Rak adhimu sing kedhepe nrithil ndamar kanginan kae ta?"

Kejawi punika Bapak sekaliyan, dhawuh sarta pitedah sanesipun tansah kula enget-enget, kula raos-raosaken. Yen ta menawi kamanah panjang saestu awrat sesanggnipun tiyang sepuh. Pramila paringipun arta badhe kula jereng-jereng murih saged nyampeti kabetahan, liripun sampun wonten prekawis ingkang wewahi awrat. Ing panuwun mugi lancar anggen kula sinau, seged rampung sarta tumuntun angsal padamelan ingkang

89