teng pengadilan saha pengageng-pengagenging negari ingkang sami boten aparing pengadilan malah nglepataken, punika ugi boten kesupen. Mireng cariyosipun tiyang mlarat ingkang mekaten wau, pun Abunawas boten kekilapan saha lajeng jangji sumedya badhe amitulungi. Ing dinten Senen tiyang mlarat wau kapurih dhateng ing griyanipun Abunawas, lan namung kapurih angawasaken sedaya solah tingkahipun ing wekdal dinten kasebat wau. Tiyang mlarat nyagahi kanthi bingahing manah.
Kocapa pun Abunawas, sapengkeripun tiyang mlarat lajeng enggal sowan dhateng Sang Prabu, dumugi ing ngriku Sang Prabu saweg kaleres lenggah sinewaka, Abunawas enggal katimbalan saha lajeng kadangu menggahing sedayanipun. Abunawas matur saha nyembah,
“Dhuh Gusti pepundhen kawula, mugi kalilana matur ing ngarsa dalem, sampun pisan- pisan ndadosaken deduka dalem. Sejatosipun sowan kawula ing ngarsa dalem punika, boten sanes kawula namung badhe ngaturi ing panjenengan dalem, kresaa tedhak ing griya kawula ing dinten Senin ngajeng punika, prelu njenengi punapa ingkang dados kajat kawula.”
Sang Prabu dhangan menggahing panuwunipun Abunawas wau.
Sesampunipun punika, Abunawas lajeng sowan dhateng dalemipun para pengageng negari saha pengagenging pengadilan, ngaturi supados sadaya wau ing dinten Senin kasebat nginggil karsaa rawuh ing griyanipun saprelu njenengi kajatipun, Ingkang sinowanan sedaya sami nyagahi.
B. PITAKONAN
- Wong miskin sesambat ngaruhara, apa sababe?
- Bareng wong miskin mau lapur, kepriye putusane pengadilan.
46