Kaca:Basa Jawi Gagrak Anyar 2.pdf/75

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

b. UKARA IKI GANDHENGEN SARANA TEMBUNG


a. dene
b. mulane
c. nanging
d. ewa semono
e. parandene


f. marga
g. sarehne
h. ana dene
i. wondene
j. apa maneh

  1. Wis dicukupi butuhe saben sasi, ............ meksa isih sambat bae.
  2. Wis disaguhi panyuwune ............. meksa takon.
  3. Adhi kula lulus, ............ boten saged katampi ing SMP.
  4. Aku ora tau lunga-lunga, .......... yen ana kabar apa-apa iya ora ngreti.
  5. Olehe arep lelungan ora sida, ............. kekurangan sangu.
  6. Wingi kae aku ora mlebu ............. lara weteng.
  7. ............ wis suwe ora ketemu, mengko nginepa bae ana ing omahku!
  8. Aku ora arep mulih saiki, ............ manawa didhawuhi iya sandiki.
  9. Tetiyang ing ngriki sami wekel-wekel, ............ panggesanganipun ingkang kathah dados kriya.
  10. Yen mung dipenthung bae mesthi ora krasa,........... mung digitik.

V. RENGGA BASA (1.7.2.)
A. TEMBUNG SAROJA
Tuladha:
Kang numpak ora jejel riyel
Tembung iki dadekna tembung saroja!

  1. Sakehing tanem.............padha ledhung-ledhung.
  2. Tata .............e bale omah pancen ngresepake.
  3. Dadi wong mono aja kakehan sambat............
  4. Prekara raja pati wingi kae rak ora ana gendeng..............karo dol tinuku sapi ta?