Kaca:Basa Jawi Gagrak Anyar 2.pdf/26

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

VI. MACA TITI

A. WACANEN KANG BECIK

Layang Abunawas.

TIYANG MLARAT KALIYAN BLUMBANG


INGKANG ASREP TOYANIPUN

Ing negari Bagdad woten sudagar sugih, gadhah blumbang ingkang toyanipun sakalangkung asrep. Boten wonten tiyang satunggal-tunggala ingkang betah kungkum wonten ing salebeting blumbang punika, jalaran saking asreping toyanipun.

Nuju satunggaling dinten sudagar wan damel sayembara, sinten kemawon ingkang betah kungkun wonten blumbang ngriku laminipun sedalu,badhe kasukanan arta kethahipun 10 ringgit. Kala punika lajeng kathah sanget tiyang boten wonten satunggal-satunggala ingkang kaconggah anglampahi.

Sanes dinten wonten tiyang ngemis dhateng ing griyanipun sudagar kasebat nginggil.Sareng sudagar sumerep wonten tiyang ngemis dhateng,lajeng enggal-enggal wicanten mekaten,

"Ki sanak, dina niki kula boten bisa weweh napa-napa, nanging nek sampeyan betah kungkum ing blumbang kula nika suwene sawengi, sampeyan bakal kula wehi dhuwit 10 ringgit."

Wangsulanipun tiyang mlarat, "Kalilana kula nyobi ninggali kados pundi asreping toya, menawi kinten-kinten kula betah, mangke dalu badhe kula lampahi."

Tiyang ngemis wau lajeng dhateng blumbnag sarta ngeclupaken tanganipun. Sabibaripun punika,tiyang miskin lajeng murugi malih dhateng sudagar anyagahi dalunipun badhe nglebeti sayembaranipun, nanging medha pamit mantuk rumiyin sumedya sarembag

24