Kaca:Basa Jawi Gagrak Anyar 2.pdf/103

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi
PARAGRAF

LAKUNING PARAGRAF

   Kang wiwitane nemtokake tema, lan tema mau banjur diperang-perang dadi lajering gagasan iku dikantheni perangan gagasan liyane. Sawuse bab iku rampung paragraf lagi digarap.

   Peprincening gagasan kasebut dadi saranane mblabari cengkorongan karangan.
Upama: Tema,

NDELENG KRATON SURAKARTA
I. Dununging kraton Surakarta (lajering gagasan)
A. ana desa Sala (panerang gagasan)
B. papan ledhok sateruse (panerang gagasan)
II. Barang antik (lajering gagasan)
A. Panggung Sangga Buwana (panerang gagasan)
B. Candrasengkala sateruse (panerang gagasan)

   Menawa cengkorongan mau wis dadi banjur kari nata ukara-ukarane.

   Irah-irahan ditulis ing tengah-tengah nganggo aksara gedhe.

   Antarane irah-irahan karo ukara wiwitan ing paragraf dileti sagaris, utawa rong garis.

   Ukara wiwitan saben paragraf katulis nglojok 2 utawa 3 cm.

   Larikan-larikan ing paragraf kudu isi kebak, kejaba larikan pungkasan.


102