Kaca:Basa Jawi Gagrak Anyar 2.pdf/67

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

V. RENGGA BASA (1.7.2.)

A. PARIKAN

Parikan iku unen-unen kang kaiket paugeran:

  1. Dumadi rong ukara/gatra.
  2. Mawa purwakanthi swara.
  3. Ukara kapisan minangka purwakane.
  4. Ukara kapindho iki kang dadi isine/wose.

Tuladha:

Golek walang rada agal.

Aja sumelang nek ditinggal.

Parikan padinan.

  1. Ngetan bali ngulon, tiwas ngedan ra kelakon.
  2. Blarak disampirke, omahe cendhak ra ngampirke.
  3. Ireng-ireng kembang telekan, najan ireng dadi golekan.
  4. Ora Surabaya, ora Alastuwa. Ora ngaya mundhak gelis tuwa.
  5. Mangan gedhang rada tuwa.Tiwas ngadhang ora teka.
  6. Mangan manggis neng ngisor nangka. Dadi gadhis ja seneng sanja.
  7. Pethiana tikuse, nek kumaki ilang baguse.
  8. Jagung bakarane, tanggung prekarane.
  9. Peyek diremet-remet, ngeyek ja banget-banget.
  10. Mliwis mencok neng bung, tiwas nangis ora ana sing nulung.
  11. Menyang sala payunge ilang, tinggal lunga aja sumelang.

B. TEMBUNG GARBA

Gatekna!

a + a , dadi a, -- sira + arsa = sirarsa

i + i , dadi i, -- kapi + iku = Kapiku

u + u , dadi u, -- melu + urip = melurip

66