Kaca iki wis dikorèksi
PIWULANG 5
I. WICARA
LAYANG WEDHATAMA
| Bapa | : | "Parja, mrenea " |
| Parja | : | "Kula, inggih." |
| Bapa | : | "Kowe sowana Pakgedhemu Siswa, matura manawa bapak nyuwun ngampil kagungani |
| Parja | : | "Inggih, punapa samangke ?" |
| Bapa | : | "Iya. Olehmu matur sing cetha ya, tembunge ditata, aja kaya cah gunung !" |
| Parja | : | "Inggih, kepareng nyuwun pamit!" |
| Parja | : | "Kula nuwun !" |
| P. Siswa | : | "Sapa kuwi ?" |
| Parja | : | "Kula Parja, dipun utus Bapak, dipun dhawuhi matur, menawi kepareng nyuwun ngampil kagunganipun serat Wedha tama. Badhe dipun waos mangke sonten. Awit Bapak kepengin maos serat Wedha tama." |
| P. Siswa | : | "O, matura bapak ! Layangku Wedhatama ora aneng ngomah Wingi disilih Mas Brata ing Purwasari, |
49