Tuadha.
Kula nuwun, ngaturi uninga menawi boten won-
ten alangan satunggal punapa saha Gusti Ingkang Ma-
ha Kawasa marengaken, kula badhe angemah-emahaken
anak kula pambajeng nama pun Rr SRI REJEKI, angsal
Bagus SRI RAHARJA Guru SMP Negeri 180 Jakarta, pu-
tra kakungipun R.WIGNY APRANATA ing Jatinom Klaten.
Ijab salajengipun panggih ing dinten Rebo. Legi sur-
ya kaping 18 Mei 1986 wanci jam 19.00 (7 sonten)
Ingkang punika menawi dhangan ing panggalih,
saha sepen ing tengadur ing dinten saha tanggal
kasebat nginggil, wanci ngajengaken jam 7 sonten
panjenengan/sakaliyan kaparenga rawuh ing griya
kula kampung Banareja III/6A Nusukan Surakarta,sa-
prelu anjenengi panggihipun Penganten, supados pa-
ring lubering barkah pangestu wilujeng, sumrambah
ing sadayanipun. Sesampunipun upacara panggih
parenga nglajengaken lelenggahan sakaparengipun,
sinambi mriksani lelangen pethilan.
Nusukan, surya kaping 12 Mei 1986
Atur taklim kula kekalih
pangabekti
Ndherek ngajeng-ajeng
R. Citraatmaja
1.
2.
3.
___________
Keterangan:
1. Wong duwe gawe iku ateges duwe prelu kang wiga-
ti. Patute layang ulem-ulem kudu ganep.
2. Sarehne saiki wujud cap-capan, mesthi bae la-
yange kurang sampurna, upamane wong sing maune
ora dibasani dadi basani, sing durung sekali ;
yan, ana ing layang diulemi sakaliyan.
101