Kaca:Basa Jawi Gagrak Anyar 2.pdf/70

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
PIWULANG 7

I. WICARA

TETUMPAKAN


Suwarta : "Bin, kok njanur gunung, kadingaren wis ndhithil ki arep menyang ngendi?"
Rubin : "Menyang Yogya."
Suwarta : "Numpak apa?"
Rubin : "Numpak 'Rajawali Travel Expres'."
Suwarta : "Lho kuwi bis apa?"
Rubin : "Dudu bis, kuwi station."
Suwarta : "Mangkate jam pira?

Kok ora enggal menyang stanplat? Ngenteni apa?"

Rubin : "Ora, numpak travel iku ora usah menyang stanplat. Cukup ana ngomah bae, mengko rak dipethuk."
Suwarta : "Lho kok kepenak ya."
Rubin : "Sumurupa, nek regane tiket mono ya kacek sethithik, yaiku 1.300,- dene manawa numpak bis Rp 950.-

Menawa numpak bis mandhege papan-papan sing gumathok, dene yen travel , bisa tekan papan sing dijujug, apa maneh lakune wis ditata, sopire ora kena ngebut, servis apik."

Suwarta : "Yen mengkono luwih maju ya, biyen tetumpakan ki mung siji loro.

Sepur, bis kena diarani maju, wis lumayan. Lha saiki ana tumpakan sing bisa tekan ing omah."

Rubin : "Kepenake maneh, ora mandheg-mandheg.

Mandheg-mandhege ing agen-agene. Kang numpak ora jejel riyel, lungguhe ditata, manut nomere."

Suwarta : "Ya besuk dak nyoba numpak."

69