Kaca:Basa Jawi Gagrak Anyar 2.pdf/87

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

D. Cangkriman

Cangkriman/bandhean/bedhekan iku kudu ana wangsulane utawa kudu dijawab.

Cangkriman iku ana sing diwujudi:

1. Lagu dolanan

2. Tembang

3. Ukara andharan, ukara pitakonan

4. Tembung wancahan

Tuladha ing tembang

PUCUNG

1. Aja bingung, tengah pasar nggoku dunung,
minagka usada,
rasa seger jampi salit,
yen den umbar dlewer ajer balabaran.

2. Aja gumun, jane nggoku ana pungkur,
malah pindhah sirah,
mastakana pra pawestri,
aku iki manjalmanu sanggul kana.

3. Pra sadulur, papanku sajroning dhapur,
seneng kiprah-kiprah,
mungsuhku lembek lan trasi,
kalah menang aku den lempar ing latar.

Tuladha wujud lelagon

NYATA KOWE WASIS (Ayo padha nembang)

Nyata kowe wasis sis,
bedheken sing gelis, lis, lis, lis,
cangkriman telu iki,
Jangkrik sungut slawe, batangane apa?
Manuk ndhase telu, batangane apa?
Bapak Demang mang,
klambi abang bang, bang, bang,
disuduk manthuk-manthuk

86