Kaca:Basa Jawi Gagrak Anyar 2.pdf/80

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
PIWULANG 8

I. WICARA

NGANYANG SALAK


Bu Kisma : "E, Yu, sade punapa punika? Cobi woh-wohanipun ingkang sae kados punapa?"
Bakul : "Mangga, kula aturi mriksani. Punapa punika kirang sae?"
Bu Kisma : "Badhe kangge pista, andak inggih kados mekaten?"
Bakul : "Kagungan kresa punapa ta?"
Bu Kisma : "Mahargrya pengetan tumbuk yuswa."
Bakul : "Kula caosi ingkang sae, sampun dipun awis sakecoh-kecohipun inggih!"
Bu Kisma : "Ah inggih boten. Dipun awis rak inggih boten nesu ta? Cobi dipun suntak sedaya, kula pilihanipun."
Bakul : "Anggenipun badhe mundhut salak pinten, kok dhawuh nyuntak sedaya?"
Bu Kisma : "Are tuku akeh ki, ora kena milih? Wis kana ora sida!"
Bakul : "Inggih sampun sarining sekar, kasesa duka ta, namung kangge ganep omong, guyon bae kok.

E, kejawi ta menawi mundhut kathah. Mangga kula aturi milih ingkang jlimet!"

Bu Kisma : "Pundi pintonipun?"
Bakul : "Salak gedhe, punika boten woten pintonipun. Menawi kadodosan, mangga kula aturi mecah satunggal.

Menawi boten eca wangsul.
Salak bosok, sampun dipun bayar."

Bu Kisma : "Sejinahe pinten?

79