Kaca:Basa Jawi Gagrak Anyar 2.pdf/29

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
PIWULANG 3

I. WICARA

KAMPUNGKU


Mas Nana : "Lar, omahmu ngendi ?"
Larta : "Griya kula Nusukan."
Mas Nana : "Nusukan RT pira ?
Larta : "Nusukan RT 07 RW 16.
Mas Nana : "Apa cedhak Pasarean Giriyasa ?"
Larta : "Inggih, griya kula sakilenipun."
Mas Nana : "Aku biyen iya saka kampung kono kuwi."
Larta : "Menawi mekaten sampun priksa kiwa tengen ngriku, Lha Pasarean Giriyasa punika pasareanipun sinten ta?"
Mas Nana : "Kuwi Pasareane KGPAA MN VI sapara sentanane., Panjenengane ahli ekonomi. Lha iku kampungmu ya kampungku, dhek biyen durung reja kaya mengkono iku.

Saiki rak wis padhang, resik."

Larta : "Mas, kok wau ngendika menawi Pasareanipun KGPAA MN VI, punapa wonten Kangjeng Gusti sanesipun?"
Mas Nana : "Ana lha siki kang disebut Sri Mangkun Nagara VIII."
Larta : "Ingkang misuwur sanesipun, Kangjeng Gusti kaping pinten Mas?"
Mas Nana : "Mesthine kabeh padha kagungan keahlian piyambak-piyambak. Dene kang misuwur saliyane mau, yaiku kang sinebut KGPAA MN IV Pujangga ing Surakarta, serat-serate akeh kang isi piwulang tepa tuladha."
Larta : "Kampung punika rumiyin punapa sepi?"
Mas Nana : "Ora, kampungku mau saben malem Jumat akeh wong nenepi. Apa maneh yen pinuju malem Anggara Kasih.


27