Tuladha.
a. Lho den Bei! Majua kene bae!
b. Nuwun inggih sandika.
a. Bok kok-linggihi lampite, mester iku anyep.
Yen wong ora kulina linggih ing anyep sok ban.
jur masuk angin.
b. Nuwun inggih.
a. Lawas olehmu ora mrene, dhek kalangan dina Re
bo kae kowe dakrasani karo si Mandangjaplak,
b. Kula nun inggih. Nanging abdi dalem kula ruma.
os gela sekedhik.
a. Gela apa ?
b. Kula nun dipun rumiyini ing atur dhateng abdi
dalem pun kakang Mandangjaplak, yen abdi dalen
kula badhe nyaosi pisungsun sawung abenan.
a. Iya den bei aku dikandhani.
b. Dados atur kula punika sampun cemplang.
a. Mangsa, padha bae.
V. MACA TITI
(Serat Tatacara-Ki Padma ss)
WACANEN KANG BECIK
PEPELING
A. 1. Elinga
Ya sinau,
Ya makarya,
Kang tumemen
Ngati-ati, nastiti,
aja sinambi sembarangan,
ben gawe raharjaning dhiri
2. Bisa agawe utama,
kudu tepa salira,
aja agawe cuwa
14