Kembang Setaman

Saka Wikisumber
[ Sampul ]

KEMBANG SETAMAN


LAJANG WATJAN KANGGO PAMOELANGAN DJAWA
ING PANGKAT TELOE SEPANḌOEWOER


KAANGGIT


A. C. DEENIK LAN A. VAN DIJCK


KADJAWAKAKÉ


RADÈN SASRASOEGANDA


TJAP-TJAPAN KAPING NEM


DJILIDAN KAPING II






KAETJAP ING PANGETJAPAN
J. B. WOLTER'S UITGEVERSMAATSCHAPPIJ N.V.
GRONINGEN – DJAKARTA – 1948

[ Katrangan ]











PANGETJAPAN J. B. WOLTERS














[ 3 ]
1. Wong désa kang boesoek.

Ana wong désa boesoek banget, doewé anak lanang aran si Begog. Wong maoe bandjoer karan anak Pak Begog.

Si Begog bareng wis oewong, dadi djoeroe toelis toko ana ing Soerabaja. Bajaré ja rada akèh; terkaḍang sok kekirim marang bapakné oetawa embokné. Aḍi-aḍiné ja sok dikirimi dolanan oetawa mertjon, jên mbeneri ngarepaké grebeg. Wong saomah paḍa boengah kabèh. Noedjoe sawidji dina loerahé Begog kanḍa jèn arep ramé-ramé. Begog rada bingoeng, sabab klambiné sing betjik isih kari ana ngomah. Sing digawa ora pati apik. Ija bener ireng, nanging gagrag lawas; koerang bregasé. Arep kirim lajang, dikon ngirimaké, wis keslepek; sabab olèhé arep ramé-ramé wis tjeḍak banget. Tekané ing Soerabaja mesti wis kasèp, wis lebar gawé. Bandjoer metoe akalé: kirim lajang kawat menjang bapakné: klambiné sing anjar didjaloek, dikon énggal ngirimaké; sing lawas arep dikirimaké moelih.

Pak Begog mbeneri loenggoeh ana ngèmpèr ngarep. Bareng ana oepas kantor pos teka noenggang sepéḍa, pak Begog kagèt. Oepas ngoeloengaké lajang kawat karo dloewang selembat, dikon nèken; dianggo tanḍa, jèn lajangé wis ditampani. Lajangé bandjoer diboekak, dioenèkaké. Ora ngerti, kok saka Soerabaja bisa tekan kono moeng seḍéla mengkono. Oepasé kanda: ,,Nikoe [ 4 ]rak metoe kawat sing oeroet pinggir dalan nikoe; moelané rikat. Sing nggawa kabar nggih kawat nikoe."

Nalika semana wis soré; pak Begog bandjoer mleboe

menjang djero omah, kanda bodjoné. Petiné anaké bandjoer didoedah, digolèki klambiné poetih sing anjar. Bareng wis ketemoe, pak Begog, bandjoer tjlatoe marang bodjoné: ,,Iki betjik ndang dikirimaké waé, sabab kana ngarep-arep. Moerih énggalé teka, tak [ 5 ]sampirné njang kawat ndalan kana waé, ja mbokné; dadi soré: iki bisa tekan kana.” Klambiné bandjoer digawa menjang ratan, disampiraké ana ing kawat tlégrap; olèhé njampiraké nganggo gantar. Sarèhné aḍem, dadi pak Begog bandjoer moelih baé, ora ngentèni mangkaté si klambi. Bareng wis tekan ing djero ngomah, bandjoer omong-omongan seḍéla karo bodjoné, nganḍakaké rikaté telégram; karo ngrasani anaké, méndah boengahé jèn tampa klambiné.

Bareng wis bengi, ana wong onglang-angling liwat ngarepané pak Begog; weroeh ana klambi semampir ana ing kawat tlégrap, bandjoer dipènèk noeroet tjagaké; klambiné bandjoer disenḍal. Bareng diiling-ilingi, digrajangi, ketara jèn isih betjik banget. Bandjoer tjoetjoel klambi; klambiné olèhé ndjoepoek maoe dianggo, kepénak, bisa sreg. Sarèhné klambiné ḍéwé wis bawoek banget, bandjoer ora dianggo manèh, dioentjalaké menjang kawat. Dilalah kok bisa semampir. Wong maoe bandjoer loenga.

Ésoeké pak Begog niliki menjang ratan, bok menawa anaké kirim wangsoelan. Bareng njawang kawat tlégrap, weroeh ana klambi sédjé semampir. Énggal-énggal moelih ndjoepoek gèntèr; klambiné disènggèt, karo ngoendang-oendang bodjoné: ,,Mbokné, iki lo, klambiné anakmoe sing lawas wis dikirimaké mréné; ta énggal mrénéa! Anakmoe klambiné kok djeboel wis kaja ngéné! Ah, memelas banget ané! Ta delengen ki lo, wis akèh sing bolong, Olèhé toekoe ḍèk kapan iki. Ḍèk moelih anjar iki pengrasakoe kok doeroeng doewé klambi ngéné iki!”

Lelakoné pak Begog maoe keproengoe marang tangga teparoné ing désa kono. Akèh sing paḍa teka, [ 6 ]ngabaraké keprijé genahé. Bareng wis dikanḍani, bandjoer paḍa goemoejoe nganti kepingkel-pingkel. Paḍa ngerti jèn Pak Begog pantjèn begog temenan. Nganti lawas pak Begog enggoné dadi potjapan.

2. Poelo ingkang koemambang.

Sanḍing pesisiripoen kidoel tanah Banjoemas sakidoelipoen Tjilatjap leres, wonten poelonipoen pandjang

Poelo Noesa-Kambangan.


nama Noesa-Kambangan. Poelo poenika pasitènipoen kaṭah tjoerinipoen; watesipoen ingkang wétan teloek Penjoe; déné ingkang kilèn teloek Penandjoeng. Poelo poenika kénging kanggé ndjagi plaboehan Tjilatjap.

Pasisiripoen kidoel poelo Noesa-Kambangan poenika aḍapoer parang tjoeri, nanging ingkang sanḍing kalijan Seganten-anakan, pesisiripoen anḍap, kebak ṭeṭoekoelan, pasitènipoen eloh.

Roemijin ing poelo ngrikoe wonten ḍoesoenipoen sawetawis, sabab pasitènipoen kelebet eloh. Kalijan [ 7 ]malih wananipoen kaṭah kekadjenganipoen ingkang kadjengipoen saé-saé. Tijangipoen kala samanten wetawis 1500; sapoenika sampoen sami pinḍah ḍateng tanah Djawi.

Ingrika wonten oegi lentéra laoet, sorotipoen ngantos pinten-pinten pal tebihipoen, dados antjer-antjeripoen baita ingkang sami lelajaran, sageda ngener plaboehan

Tjilatjap. Manawi wonten ing plaboehan ngrikoe, baita boten ketempoeh ing angin ageng. Sami-sami plaboehan pesisir kidoel, plaboehan Tjilatjap poenika saé pijambak.

Sanḍing lentéra laoet waoe wonten teloekipoen nama teloek Karang-Banḍoeng. Ingrikoe wonten poelonipoen tjoeri sawetawis, keṭoekoelan ing wit Widjaja-Koesoema. Sekaripoen dipoen aos-aos sanget; werninipoen peṭak. Sampoen wiwit kina-koemina, saben-saben Ingkang Sinoewoen ing Soerakarta oetoesan [ 8 ]mrika meṭik sekar Widjaja Koesoema. Menawi sampoen angsal, ladjeng dipoen waḍahi ing kenḍagi mawi dipoen pajoengi gilap, kaoendjoekakan ḍateng Kangdjeng Sinoewoen ingkang mentas djoemeneng. Kala djaman kinanipoen kaṭah para ratoe ing tanah Djawi ngriki ingkang oetoesan mekaten poenika. Kangdjeng

Wit kembang Widjaja-Koesoema

Sinoewoen Pakoe-Boewana ingkang kaping X inggih oetoesan tijang soewidak mlampah ḍarat, ḍateng Tjilatjap, preloe meṭik sekar Widjaja-Koesoema poenika.

Ing salèripoen poelo Noesa-Kambangan poenika wonten segantenipoen alit nama Seganten-anakan. Ing satengahing Seganten-anakan ngrikoe wonten paḍoesoenanipoen. Déné grijanipoen tijang-tijang, jèn [ 9 ]ta sampoena wonten tojanipoen ing nganḍapipoen, aḍapoer panggoeng. Dados senadjan seganten rob, toja boten saged minggah doemoegi ing salebeting grija. Tijang-tijang waoe pedamelanipoen menḍet oelam;

enggènipoen seneng manggèn wonten sanginggilipoen toja poenika, mbok menawi mélik tjelak kalijan panggénanipoen enggènipoen nggaota pados teḍa. Angsal-angsalanipoen oelam dipoen saremi kalijan dipoen epé, dipoen dadosaken gèsèk, dipoen sadé ḍateng Tjilatjap. Poenapa preloenipoen dipoen saremi poenika? Preloenipoen soepados boten bosok; inggih poenapa boten? [ 10 ]Kalijan malih tijang-tijang waoe sami pados simping. Simping poenika bangsaning kidjing oetawi tirem, inggih kénging dipoen teda kados tirem. Terkadang salebetipoen tjangkokipoen wonten moetijaranipoen alit-alit.

Saking tjrijosipoen tijang Djawi ing djaman roemijin, poelo Noesa-Kambangan poenika waoenipoen koemambang alémbak-lémbak. Menawi ketradjang ing angin saking lèr, katoet mangidoel. Sareng wonten ing tengah seganten, ketempoeh ing aloen saking kiwa-tengen ladjeng petjah-petjah. Menawi ketradjang angin saking kidoel ladjeng mengalèr, natab pasisiring tanah Djawi, agodag-gadoeg, adamel djoegroegipoen pesisir waoe.

Anoedjoe satoenggaling dinten wonten pendita badé manggèn wonten ing poelo ngrikoe. Nanging sarèhning poelo waoe tansah gondjing kémawon, dados boten saged ngedegaken grija. Poelo poenika ladjeng dipoen tjantjang nganggé pendjatos angsal tanah Djawi. Ngantos sapriki poelo waoe boten pindah-pindah malih. Déné pendita waoe tjrijosipoen tijang-tijang, pasaréanipoen wonten ing goewa, nama mesdjid Séla (Limoes boentoe).



3. Oerip sadjroning banjoe.

Ing wajah ésoek mbeneri dina Ngahad si Soedji loenga mantjing karo akangné. Enggoné pada mantjing ana ing kedoeng kang misoewoer akèh jwaké. Moelané sedéla baé kepisé wis pada kebak. Toemoeli pada boengah-boengah bali moelih, Kedjaba roemangsa [ 11 ]begdja olèhé mantjing olèh akèh, ija boengah, déné mengko jèn mangan bakal nganggo lawoeh iwak. Toer iwaké enggoné mantjing ḍéwé. Moelané sing paḍa dipikir ora ana manèh kedjaba moeng iwak olèh-olèhané mantjing. Si Soedji takon menjang kakangné. Tjelaṭoené: „Kang! Iwak koewi ana ing banjoe kok ora keplepeken! Jèn menoengsa ana ing djero banjoe rak ora betah soewé. Koewi keprijé sababé?”

Wangsoelané kakangné: „Ikoe gampang waé. Mara roengokna, dakkanḍani. Wong ikoe paḍa ndoewèni keboek. Ikoe sing dianggo ambekan; déné iwak, pirantiné ambekan doedoe keboek, angsang. Mengko, daktoedoehi! Delengen, iki lo angsangé, ana ing samboerining enḍas iki. Angsangé ikoe gawéné dienggo njerot hawa saka ing banjoe.”

Si Soedji tjelaṭoe manèh: „Elo! njerot hawa kok saka ing banjoe? Apa ing banjoe ikoe ana hawané?” Wangsoelané kakangné: „Ana; ing banjoe ikoe ija ana hawané. Mengko jèn si embok nggoḍog wédang, kowé daktoedoehi. Jèn iwak ikoe ana ing sadjroning banjoe, tjangkemé diangapaké, toemoeli kelebon banjoe. Ananging banjoe ikoe bandjoer metoe ing sela-selaning angsang; hawané diserot. Samangsa iwak ikoe doemoenoeng ana ing ḍaratan, angsangé bandjoer garing, iwaké mati.”

Ora antara soewé lakoené tekan ing omah, kepisé bandjoer disoentak. Sidji-loro isih ana sing pating klèpèk sarta kogèl-kogèl. Tjelaṭoené kakangné „Ija, [ 12 ]paḍa kogèl-kogèla! Mangsa ndadak bisaa mlajoe ora. Seḍéla engkas kowé digorèng. Delengen, Dji, kaja mengkono koewi enggoné molahaké boentoeté, jèn pinoedjoe nglangi. Dadi kaja déné wong molahaké tangan lan sikilé. Boentoet ikoe gawéné kaja déné

Iwak tjoetjoet lan iwak malim loro.
Ing sawenèhing segara ana iwak tjilik tansah sanḍing iwak tjoetjoet, presasat dadi malimé oetawa kang noedoehaké paran.

ḍajoeng. Malah ana iwak sing rosa banget, bisa nggolingaké praoe tjilik-tjilikan, disabet nganggo boentoeté.”

Si Soedji sawisé dikanḍani mengkono, senengé marang iwak moenḍak. Maoené doeroeng taoe ngiling-ilingi iwak kang kaja mengkono genahé. Éwa déné isih doeroeng marem. Enggoné ngiling-ilingi isih dibandjoeraké. Kepéngin weroeh doenoengé kabèh. Iwaké

Iwak disigar oeroet gigiré.
[ 13 ]toemoeli arep diresiki marang embokné, sabab arep diolah, digawé lawoeh mangan awan, Sisiké pada dikeroki, bandjoer dibètèti. Patrapé wis kaja wong mbelèh sapi kaé. Woedjoedé moela pantjèn nggigoni. Nanging kakangné ngandani, jèn satemené ora pisan-pisan nggigoni; temboengé: "Koewi rak barang loemrah. Akoe kowé ija pada doewé; ikoe ora lija moeng djeroan: wadoek, oesoes, ati lan getih setitik.” Kakangné tjelatoe manèh: "Delengen, iki endogé. Dadi iwak iki lagi arep ngendog. Delengen kèhé! Éwon! Saoepama isiha oerip, mesti bandjoer ngendog ana ing dasaring kali.” Soedji sosemamboeng: "Saoepama saben endog sidji dadi iwak sidji, kaliné mesti bandjoer kebak iwak.” Wangsoelané kakangné: "Bener kandamoe ikoe, jèn endogé pada slameta kabèh. Ananging tibané ora mengkono. Sabab endog iwak ikoe akèh kang pada dipangani ing iwak lijané oetawa dipangani ing kodok. Mengkono oega iwak kang isih tjilik-tjilik ija akèh kang pada dipangani. Dadi oerip ana ing banjoe ikoe ija ora mesti seneng.” Tekan semono enggoné pada goeneman bab iwak, toemoeli kandeg.

Botjah loro maoe noeli pada dolanan ana ing djaba; bijoengé ngolah iwaké ana ing pawon.



4. Wit djatos.

Pantjasemita waoenipoen mlarat. Grijanipoen boten patos apik. Pajonipoen inggih gendèng, nanging baloenganipoen namoeng kadjeng taoen kémawon. Sareng sampoen dados mandor, saged nglempakaken jatra. Grijanipoen sampoen ketingal rosok; gedègipoen pating [ 14 ]tjromplang, dipoen tedani rajap. Menawi dipoen tingali saking ing djawi, roepinipoen inggih kados taksih saé, nanging menawi dipoen lebeti, ladjeng ketawis jèn orija sampoen sepoeh. Sakanipoen lan blandar pangeretipoen, pating krêwèk, pating tjroempleng. Wonteningkang dipoen teda rajap, wonten ingkang dipoen elèngi kombang. Menawi wonten angin radi ageng, oetawi djawah deres, sampoen ngoewatosi, mbok menawi ambroek. Waoenipoen inggih dipoen réka-réka, moerih sampoen keladjeng-ladjeng, nanging rajapipoen ndadra kémawon, sabab kadjeng taoen poenika pantjèn dados dojananipoen rajap. Kombang inggih seneng ngelêng wonten ing ngrikoe, Sarèhning sapoenika sampoen gadah jatra, dados nedja dipoen santoeni kadjeng djatos, sabab rajap boten dojan dateng kadjeng djatos. Kombang inggih boten Wuta, sabab atos.

Anoedjoe satoenggaling dinten poen Pantjasemita dateng balokan badé toembas adjeng djatos. Wonten poenapa kok boten dateng wana kémawon, tijang grijanipoen poen Pantja poenika sanding wana? Menawi dateng wana rak boten soesah toembas, namoeng negori kémawon, bat-bet. Mangka menawi toembas dateng balokan, 1 m3 regênipoen sakiwa-tengenipoen soewidak roepijah. Inggih leres kala djaman kedjawèn wana poenika kaseboet boten wonten ingkang nggadahi, ingkang gadah tijang katah, tjrijosipoen; nanging sapoenika dipoen sengker dateng Negari. Tijang-tijang boten kénging negor kadjeng djatos sakadjeng-kadjengipoen kados kala djaman roemijin. Menawi njoewoen idi, inggrih asring dipoen lilani. Menawi dèrèng angsal idi, mangka poeroen-poeroen negor wit djatos, mesti [ 15 ]dipoen tjepeng ing poelisi. Enggènipoen mekaten poenika preloe roemaksa ḍateng kadjeng djatos. Roemijin tijang negori sakadjeng-kadjengipoen pijambak, boten nganggé ngèngèh-ngèngèh, toer boten poeroen¸ njoelami. La menawi namoeng dipoen tegori

kémawon, boten mawi dipoen soelami, lami-lami kadjeng djatos rak telas babar pisan; tanah Djawi ladjeng ketelasan kadjeng djatos. Anak poetoe jèn badé damel grija ingkang saé, enggènipoen pados baloengan ingkang apik ḍateng poendi? Kedjawi poenika menawi taksih wonten wana, rak kaṭah tijang ingkang saged beberah [ 16 ]negor-negor kadjeng. Ingkang tengga wana poenika sapoenikanipoen inggih angsal bajar saking Negari, wonten houtvèster, sinder, mantri djatos, poelisi wana lan manḍor pinten-pinten. Wonten malih wana ingkang dipoen séwakaken Negari ḍateng presil. Panggesangan kalijan pamedal ingkang semanten waoe, menawi wananipoen telas, inggih toemoet laroed. Dados enggènipoen ngreksa ḍateng wana poenika, perloenipoen, sampoen ngantos tijang-tijang béndjing kapitoenan, margi srakahipoen tijang sapoenika. Ing tanah-tanah ingkang kaṭah wananipoen djatos, kadosta: Madioen, Rembang, Semarang, wonten prijantoenipoen, ingkang dipoen patah Pamaréntah ndjagi wana-wana waoe: pangagengipoen nama houtvèster. Houtvèster saanḍahanipoen poenika ingkang ndjagi wana; menawi wonten wit djatos ingkang dipoen tegori, ladjeng préntah njoelami pisan. Menawi wonten wit djatos ingkang dipoen tegor, toenggakipoen boten dipoen ḍongkèli, dipoen togaken kémawon. Lami-lami ladjeng medal troeboesanipoen pinten-pinten; poenika dipoen sempèli, namoeng dipoen kantoenaken satoenggal kémawon, énggal sanget mindakipoen ageng, djandji dipoen opèni; sampoen ngantos kagoebed-goebed ing reroengkoedan. Jèn kemaroe ing reroengkoedan, inggih gampil pedjahipoen, boten saged ageng. Menawi saged kopèn, oemoer 40 oetawi 50 taoen, inggih sampoen dados wit djatos ageng sanget, kénging dipoen tegor malih.

La jèn nanem wit djatos énggal, ingkang dipoentanem wohipoen, namanipoen djanggleng. Sadangoenipoen wit djatos dèrèng ageng, tijang-tijang kénging nanemi pedjatosan poenika waoe, boten nganggé maosi. [ 17 ]Ingkang dipoen tanem terkaḍang gaga; nanging ingkang kerep-kerep lombok, térong lan sapenoenggilanipoen; nanging inggih boten kénging dipoen berakaken babar pisan. Menawi wonten reroengkoedanipoen kedah dipoen resiki; sabab menawi ṭoekoelan djatos waoe dipoen

roeboeng ing reroengkoedan, ladjeng kera, kaṭah ingkang pedjah.

Menawi wonten wit djatos ingkang baḍé dipoen tegor, dipoen pedjahi roemijin. Sabab menawi ladjeng dipoen tegor kémawon, kaṭah ingkang kadjengipoen sami soewèk oetawi petjah-petjah. Rékanipoen enggènipoen medjahi mekaten: Koelitipoen ing nganḍap dipoen klènṭèk moebeng; koewalipoen ingkang peṭak poenika dipoen oelapi nganggé wadoeng oetawi peṭèl ngantos doemoegi ing kadjengipoen ingkang abrit. Dados ojod, enggènipoen ater teḍa boten saged minggah; ingkang [ 18 ]
18

inggil pedjah, ingkang nganḍap taksih gesang. Mekaten poenika, menawi sampoen kalih taoen, saweg dipoen tegor. Pangoesoengipoen kadjeng saking ing wana poenika inggih kangélan. Wonten ingkang dipoen keṭok-keṭok dipoen gèrèd ing tijang; wonten ingkang dipoen gèrèd ing lemboe oetawi maésa. Asring dipoen damelaken ril, dipoen emot ing lori, dipoen bekta dateng balokan. Déné ingkang nggèrèd lokomotip. Dados tétéla, jèn kedah katah ingkang njamboet damel; ingkang angsal pangoepadjiwa inggih kaṭah.

 Menawi sampoen doemoegi ing balokan, ladjeng dipoen sadé ḍateng poendi-poendi. Malah wonten ingkang dipoen kintoenaken ḍateng tanah sabrang barang, sabab kadjeng djatos poenika sampoen misoewoer saénipoen. Wonten ingkang dipoen damel baita, wonten ingkang dipoen damel baloengan grija, kreteg, grobag lan sanès-sanèsipoen. Toekang kadjeng, menawi toembas kadjeng, inggih dateng balokan, dipoen damel koersi, bangkoe, lemantoen lan sapenoenggilanipoen. Bantalanipoen margi sepoer poenika, ingkang dipoen damel inggih kadjeng djatos. Menawi tijang Djawi, wit djatos poenika ingkang dipoen pendet boten namoeng kadjengipoen kémawon, ronipoen inggih dipoen poerih paédahipoen.

 Jèn ketiga ngerak, wetawis salebeting woelan Agoestoes kalijan Sèptèmber, wit djatos poenika brindil; menawi sampoen wiwit djawah, ladjeng medal ronipoen enèm-enèm, namanipoen djompong. Poenika asring dipoen pendeti dipoen anggé boentel sekoel oetawi témpé kalijan sanès-sanèsipoen; wonten ingkang dipoen anggé ngoedoengi taneman sata ingkang taksih alit-alit. Ing tanah Madioen, menawi ngleresi kaṭah entoeng [ 19 ]djatos, entoengipoen poenika dipoen penḍeti ngantos angsal pinten-pinten rindjing, dipoen sadé ḍateng peken, sami dipoen anggé lawoeh ḍateng tijang ing- kang dojan..

Ingkang mekaten dados genah, jèn wit djatos poenika ageng sanget paédahipoen. Béndjing bèn menawi sampéjan keleresan saged soemerep wit djatos saking tjelakan, sampéjan tamataken ingkang jektos; kalijan sampéjan sampoen soepé maspaosaken sekaripoen, werninipoen woengoe. Wit djatos manawi sekar, pendak mangsa laboeh.

5. Iwak wéndra.

Ing segara sakoebengé tanah Djawa iki akèh iwaké roepa-roepa; ḍapoeré ija gèsèh-gèsèh. Ana sing gilig dawa, ana sing gèpèng, ana sing tipis, kajata iwak wéndra oetawa iwak léndra, iwak lajoer, teri lan sapenoenggalané.

Iwak wéndra ikoe, jèn isih tjilik, ija kaja iwak lija- lijané. Awaké sing sisih kiwa karo sisih tengen roepané pada baé. Matané loro: ing sisih kiwa sidji, ing sisih tengen sidji. Jèn nglangi ija loemrah kaja iwak lija- lijané.

Jèn moenḍak geḍé, bandjoer gèpèng atipis. Senengané nggléṭak ana ing saḍasaring banjoe. Awaké sing kiwa ana ing ngisor. Dadi matané sing kiwa ora kena dianggo ndedeleng, sabab kependem ing weḍèn. Ikoe lawas- lawas mingsed-mingsed moenggah, njeḍaki mata sidjiné. Karo manèh sisiké sing sisih kiwa roepané bandjoer malih bawoek. Matané kiwa lawas-lawas bandjoer [ 20 ]20

djèdjèr ana sandingé mata tengen. Dadi mata loro, sing sidji manggon ing sisih tengen, sidjiné ana ing ngarep, ing doewoer endas. Karo manèh awaké sing sisih tengen roepané ija malih dadi kaja lemah: abang semoe ireng oetawa klawoe; ana plenik-pleniké boender koening oetawa abang, plek kaja roepané wedi oetawa krikil kang mblasah ana ing wedèn. Ana ing wedèn ikoe siripé ing geger sarta ing weteng lan kèpèté, dianggo ngedoeki wedi; bandjoer mendem; sing ora kependem moeng sawetara. Preloené karebèn adja katon marang iwak sing gedé-gedé; sabab koewatir mbok menawa dioental; sarta manèh adja nganti kawroehan iwak-iwak tjilik sing arep ditjaplok, sabab panganané iwak tjilik-tjilik. Sarèhné nglangi ora pati pinter, pangan sing disenengi banget moeng kéwan-kéwan kang ana tjangkoké lan bangsa tjatjing; ikoe gampang tjekel-tjekelané ana ing sadasaring banjoe.

Pengrasakoe saiki wis genah banget, apa sababé déné awaké sing sisih kiwa mèh ora ana dagingé. Dagingé ngloempoek ana ing sisih tengen.

Éwa déné kèh-kèhé oewong ana sing doewé pengira sing nganèh-anèhi, jaikoe wong kang ora weroeh marang oeripé iwak wéndra maoe. Kandané, moelané iwak wéndra dadi lemoe sisih mengkono, sabab kasektèné Panembahan Sénapati ing Mataram kang soemaré ing Pasar-Gedé ing Ngajogjakarta. Mengkéné tjritané:

Anoedjoe sawidjining dina Sang Panembahan dahar lawoehé panggang pitik woetoehan karo iwak lélé, karo iwak wéndra. Adoené tjokak karo lombok karo ana lijané manèh. Olah-olahan mengkono ikoe djenengé,, oerip-oerip”. Bareng wiwit dahar, sing ditjoewil [ 21 ]ḍisik broetoené pitik; noeli moenḍoet dagingé iwak lélé, noeli dagingé iwak wéndra sesisih; kraos énak banget, sabab panoedjoe loewé, mentas njamboet damel. Noeli moenḍoet priksa marang garwané: ,,Iki kok énak temen; djenengé diolah apa iki?" Garwané matoer: ,,Menika dipoen oerip-oerip!" Sang Panembahan ngandika manèh: ,,Keprijé? Dioerip-oerip?"

Saking sektiné sang Panembahan, pitik karo iwak

lélé lan iwak wéndra kena sabdané sang Panembahan, bandjoer oerip paḍa sanalika. Pitiké kekablak bandjoer ndjroenṭoel metoe. Iwak lélé, iwak wéndra pating klèpèk ana ing waḍah. Iwaké lélé bandjoer ndikakaké njemploengaké ana ing bloembang kalangenané. Iwaké wéndra ndikakaké njemploengaké menjang segara. Nganti sepréné ing bloembang ing pesaréan Pasar-Geḍé isih ana iwak lélé sing moeng eri ṭok-ṭok baé, ora ana dagingé, nglangi slira-sliri ana ing bloembang. [ 22 ]
22

Déné iwaké wéndra, ing segara sakoebengé tanah Djawa isih akèh; ija kerep didjoepoeki oewong. Pitiké dadi pitik toekoeng oetawa boekoeng, nak-koemanak, ing ngendi-endi ana.



6. Dateng Ngajogjakarta.
(Ing djaman roemijin.)
I.

Sardiman grijanipoen ing Banjoemas, pinoedjoe toewi sedèrèkipoen misan nama Djajoes ing Ngajodja. Satoenggaling. dinten dipoen djak ningali dateng Taman Sari. Enggènipoen badé mlebet nganggé minggah inginggiling gapoera.

Sareng sampoen doemoegi inginggilipoen_gapoera, Sardiman_soemlengeren, soemerep grija kina pating djenggeleg, pajonipoen kados sirap; ingkang dipoen damel sedaja banon. Ladjeng sami mandap, noenten nglangkoengi mesri “ménggak-ménggok andjog ing bloembangan ageng. Djajoes tjrijos, jên poenika tilas balé kambang, kanggé pasiramanipoen para poetri. Ing pinggiring balé kambang wonten grijanan alit, inggih sarwa témbok dalah pajonipoen. Tjrijosipoen ingrikoe ing roemijin panggénanipoen Kangdjeng Sinoewoen, menawi lenggah mriksani lelangen ing salebeting toja.

Noenten dipoen djak moebeng-moebeng mengidoel, ladjeng mengalèr. Ingrikoe glangkoengi mergi ing salebeting siti, radi peteng kalijan djenes; inginggilipoen inggih wonten marginipoen; margi waoe kalih-kalihipoen [ 23 ]andjog ḍateng soemoer goemoeling. Sardiman sampoen boten soemerep lèr kidoel, boten telas-telas goemoenipoen. Ingkang dipoen gagas, kala énggalipoen méndah apikipoen.

Taman Sari.

Sareng enggènipoen moebeng-moebeng sampoen wetawis sadjam dangoenipoen, meksa dèrèng kempoet, ladjeng ngadjak medal, sabab koewatos, mbok menawi kedjoegroegan. Djajoes inggih noeroeti, sabab Sardiman ketawis jèn adjrih jektosan. Ladjeng dipoen djak ḍateng aloen-aloen kidoel. Lampahipoen andjog ing gadjahan. Ingrikoe wonten gadjahipoen kalih dipoen [ 24 ]tjantjang ing wantilan. Ingkang nama wantilan poenika: saka ageng gilig. Menawi gadjah kémawon, Sardiman sampoen naté soemerep, wonten ing kemiḍi kapal; ing Banjoemas inggih asring wonten. Ananging wonten ing gadjahan ngrikoe dipoen tedahi rékanipoen gadjah jèn neḍa klapa. Djajoes toembas klapa kalih ḍateng tijang ingkang ngleresi ḍasar wonten ingrikoe, dipoen soekakaken ḍateng sratinipoen, kapoerih makakaken gadjah setoenggal-setoenggal. Klapa ladjeng dipoen oentjalaken ḍoemawah ing ngadjenging gadjah; noenten dipoen tjandak nganggé tlalé, dipoen keproek ing mestèr. Sareng tojanipoen wonten ingkang mantjoer, ladjeng dipoen langga. Kok pinter! Sareng sampoen asat, ladjeng dipoen sèlèhaken ing mestèr, dipoen oelig-oelig nganggé soekoe; baṭokipoen kaṭah ingkang nglokop, noenten dipoen emplok. Wonten baṭok sekeḍik-sekeḍik ingkang taksih nèmplèk ing klapa, katoet ḍateng lebet tjangkem, dipoen lepèh, namoeng kantoen baṭok kémawon, klapanipoen sampoen dipoen teḍa. Sardiman enggènipoen ngingetaken ndjomblong. Saweg poenika soemerep gadjah neḍa klapa. Kok kados tijang neḍa beton kémawon.



7. Ḍateng Ngajogjakarta.

(Ing djaman roemijin.)

II.

Daloe boten ketjrijos; éndjingipoen poen Sardiman baḍé ningali teḍakipoen Kangdjeng Sinoewoen.

Sareng sampoen djam sekawan, ladjeng dipoen [ 25 ]adjak ningali dhateng margi ageng. Ingrikoe tijang-tijang sampoen djedjel. Sapinggiring margi kiwa tengen, wiwit saking aloen-aloen sapengalèr doemoegi patjinan, tijang sampoen boten kénging dipoen pijak. Éwa déné saking ngoedinipoen, laré kalih waoe saged angsal enggèn radi sekétja.

Boten dangoe mrijem moengel, gleger! pratandha Kangdjeng Sinoewoen sampoen wiwit tedhak. Noenten ketingal pradjoerit abajak-bajak sabregada; penganggénipoen sami sedaja; namoeng dedamelipoen, ingkang sepalih sendjata, sepalih waos. Ladjeng sabregada malih; penganggénipoen gèsèh kalijan ingkang roemijin; dedamelipoen inggih palihan. Djajoes njarijosaken namanipoen pradjoerit waoe sagolongan-sagolongan. Oeroet-oeroetanipoen mekaten: Ingkang wonten ngadjeng pijambak pradjoerit Wirabradja; tijang kathah mastani pradjoerit Irabradja. Noenten pradjoerit Ketanggoeng, Dhaèng, Djagakarja, Pradjoerit Kawan dasa, ladjeng pradjoerit Prawiratama. Sawingkingipoen poenika ladjeng abdi dalem prijantoen Midji Somaatmadja, ladjeng Boepati najaka sekawan. Sawingkingipoen Pradjoerit Kawan dasa wonten kréta saé sanget; kapalipoen tigang rakit. Poenika titihanipoen Kangdjeng Goesti Pangéran Adipati Anom.

Ladjeng ketingal kapal rakitan malih; ingkang ngadjeng dipoen toempaki tijang, penganggénipoen kados saradhadhoe nganggé boeloe-boeloe. Sardiman soemlengeren ningali. Kapalipoen kawan rakit, oelesipoen sami sedaja, toer ageng-ageng lan bagoes-bagoes; dandosanipoen inggih saé-saé. Setoenggal-setoenggalipoen kapal dipoen tjepengi ing tijang setoenggal; penganggénipoen inggih bregas. [ 26 ]Noenten ketingal kréta ageng goemebjar; koesiripoen ngedangkrang njepengi lis; penganggénipoen bregas sanget. Sardiman sangsaja sanget goemoenipoen; dèrèng naté soemerep tetingalan ingkang kados mekaten. Tjrijosipoen Djajoes, kréta poenika namanipoen Kjai Garoeḍa Jeksa. Déné ingkang nitihi Kangdjeng Sinoewoen; milanipoen songsongipoen mekrok.

Ing sakiwa tengening kréta titihan dalem, para prijantoen abdi dalem ingkang sami ngoeroeng-eroeng; ing wingkingipoen ladjeng prijantoen Soeranata; ing wingkingipoen malih, prijantoen Ngampil; déné ingkang dipoen ampil, waos.

Sawingkingipoen poenika ladjeng kréta titihanipoen para pangéran; kapalipoen kalih rakit ageng-ageng inggih saé-saé; dandosanipoen sarwi éndah. Krétanipoen inggih ageng-ageng, ngoengkoeli kréta ingkang limrah-limrah poenika.

Noenten wonten malih pradjoerit sabregada, dedamelipoen werni-werni, nanging boten wor-soeh; sagolongan mbekta djemparing kalijan genḍéwa sarta tamèng; sagolongan dedamelipoen sendjata; sagolongan towok; sagolongan malih waos. Tjrijosipoen Djajoes, poenika namanipoen pradjoerit Njoetra.

Ing wingkingipoen poenika wonten pradjoerit malih, taksih kalih bregada; ingkang sabregada nama pradjoerit Langenastra, setoenggalipoen nama Mantri-djero.

Boten antawis dangoe, tijang-tijang ingkang ningali ladjeng sami bibar; lampahipoen pating bloeloeng. Wonten ingkang ngoepadosi kantjanipoen, wonten ingkang ngoepadosi anakipoen; mergi-mergi dalah ingkang tengah barang kebak tijang. Kréta séwan ladjeng wiwit kénging mlampah malih wonten ing [ 27 ]mergi ageng ngrikoe; sempritanipoen pating tjroewit, samboekipoen pating tjlethor.

Sardiman kalijan Djajoes ladjeng sami mantoek. Sardiman, saking enggènipoen ngangen-angen apiking tetingalan waoe, ngantos blangkemen. Doemoegi ing grija saweg saged gineman ingkang oeroet. Béndjingipoen Sardiman mantoek dhateng Banjoemas; wonten ingrikoe goeproek enggènipoen njarijosaken samoekawis ingkang dipoen tingali.


8. Pentjaring widji.
Ing kapoeloan Indonésijah kéné iki, kang sisih lor, akèh banget poeloné tjilik-tjilik, sing ora didoenoengi ing wong. Djalaran lemahé tjengkar banget. Jèn digawéa tetanèn, pametoené ora timbang kambi kangèlané. Èwa déné poelo-poelo ikoe ing pesisiré padha kethoekoelan ing wit krambil. Keprijé kok dadi mengkono? Mesthiné kowé doewé pengira, jèn wit krambil ikoe ditandoer ing wong. Ikoe ora mengkono. Sing nggawa widjiné mrono ikoe banjoe segara. Terangé mengkéné. Ing pesisiré tanah Djawa iki éwon kèhing wité krambil. Ing kono kerep baé ana krambil garing kang tiba ing lemah, ora bandjoer didjoepoek. Jèn segarané rob, akèh kang bandjoer katoet ing ombak menjang satengahing segara. Ana ing segara tansah koemambang, djalaran taboné ènthèng. Ija bener taboné ikoe bandjoer klebon banjoe, nanging banjoené ora bisa teroes tekan ing krambilé (dagingé). Djalaran kalang-alangan ing batok; dadi krambilé ora bisa bosok. [ 28 ]
28

Enggoné kompal-kampoel digawé dolanan ing ombak ana ing satengahing segara, nganti pirang-pirang dina. Wekasan kéntas menjang gisiking poelo, kang ora ana wongé. Jèn segarané ing kono rob, krambil maoe sangsaja keboewang moenggah ing daratan. Lawas-lawas toekoel sarta metoe ojodé. Jèn wis sawetara taoen, woh krambil maoe wis malih dadi oewit. Wohé ija bakal adoh parané mengkono; terkadang malah ngloewihi adohé.

Jèn mengkono, dadi banjoe ikoe bisa mentjaraké tandoeran. Salijané banjoe ija isih ana manèh sing agawé pentjaring tetoekoelan. Apa kowé isih kélingan tjritané katès bijên? Ing kono manoek, kang mentjaraké widji. Apa kowé wis weroeh kopi loewak? Ana manèh wowohan, kang koelité pating tjringih. Jèn kowé mlakoe ana ing soeketan, bebedmoe rak sok ketémplékan soeket dondoman, ta? lIkoe dadi widji, arep ngalih, toekoel ing lija panggonan. Dadi kowé, kang agawé pentjaré. Moelané mengkono, sabab kaja-kaja wis weroeh, jèn ing panggonané lawas wis ora pati akèh pangané; dadi soemedja golèk panggonan, kang isih akèh pangané.

Jèn kowé gelem ngiling-ilingi awaké sapi, wedoes oetawa kéwan lijané, kowé mesti weroeh, jèn woeloené sok katémplékan ing wowohan kang tjilik-tjilik. Jèn kéwan ikoe kekosod oetawa koekoer-koekoer, wowohan maoe pada tiba ing lemah, ora lawas toekoel. Mengkono oega widjiné tetoekoelan ing banjoé, akèh kang katoet ing endoet, sing toemèmplèk ing sikilé manoek-manoek kang sabané ing banjoe.

Kedjaba saka kang kaseboet ikoe maoe, isih ana manèh sing marakaké pentjaré widji. Kowé rak wis [ 29 ]paḍa weroeh wit ranḍoe, ta? Jèn wohé wis wajahé toewa, goḍongé paḍa brinḍil. Koelité wohé atos, ing djero ana kapoeké; gawéné dienggo ngisèni kasoer oetawa bantal. Terkaḍang kapoek ikoe digawani menjang

tanah Éropa. Ing sadjroning kapoek ikoe ana isiné (klenṭeng); koewi widjiné.

Woh ranḍoe kang wis garing akèh kang paḍa mleṭèk; kapoeké moto-moto. Jèn ketempoeh ing angin, ana kang katoet saisiné pisan; tibané terkaḍang nganti adoh saka panggonané lawas. Moelané ora bandjoer tiba, djalaran kapoek kang mèloe kaboer ikoe ènṭèng [ 30 ]banget. Dadi brinḍiling goḍongé ikoe, soepaja kaboering widji maoe adja nganti kalang-alangan. Dadi jèn mengkono ikoe, pentjaring widjiné saka penggawéné angin.

Kedjaba ranḍoe isih ana manèh tandoeran oetawa ṭeṭoekoelan lijané, kang widjiné pentjar déning angin, kajata kapas, loentas lan lija-lijané.

Ana oega tandoeran kang bisa ḍéwé mentjaraké widjiné, ora nganggo srana apa-apa, kajata patjar banjoe. Wohé jèn wis toewa, enggoné mleṭèk rosa banget, nganti widjiné keplesat adoh. Kang mengkono ikoe preloe banget, sabab jèn widjiné paḍa ṭoekoel ngenggon, mesṭi paḍa kekoerangan pangan, kekoerangan panas oetawa hawa. Kedadéané akèh kang paḍa mati; sing isih oerip, paḍa koeroe-koeroe.

Dadi Goesti Allah enggoné mentjaraké tandoeran, sranané warna-warna banget. [ 31 ]
9. Satroenipoen tijang tani.

Taneman pantoen poenika kaṭah amanipoen, kadosta tikoes. Damelipoen asring ngrikiti oewiting pantoen, ladjeng neḍa pantoenipoen ingkang sampoen sepoeh. Walang-sangit damelipoen neḍani woh pantoen ingkang taksih enèm. Kedjawi poenika taksih wonten kéwan alit sanèsipoen, ingkang sanget enggènipoen damel risak, ananging patrapipoen sanès.

Kinten koela sampéjan inggih sampoen naté soemerep werninipoen. Lepatipoen wonten ing sabin inggih wonten ing satjelakipoen lampoe, djalaran kéwan waoe remen moeroegi pepaḍang. Kéwan poenika agengipoen boten sepintena. Jèn laripoen kiwa tengen dipoen egaraken, wijaripoen namoeng 3 cm. Déné pandjanging badanipoen saking ing sirahipoen wetawis 2 cm. Laripoen sekawan; ing tengah-tengahipoen lar ingkang ngadjeng wonten tjemeng-tjemengipoen sekeḍik. Namanipoen kéwan waoe pidjer.

Menawi nigan, tiganipoen ladjeng dipoen toetoepi nganggé toetoep abrit kados woeloe. Tigan ingkang mekaten poenika wonten ing geḍèg, wonten ing témbok oetawi ing médja. Langkoeng malih wonten ing wit pantoen.

Sajektosipoen pidjer poenika enggènipoen baḍe nigan inggih wonten ing ron pantoen, ananging asring kelèntoe. Menawi ing wantji sonten moeroegi lampoe, paniganipoen mesṭi ladjeng saḍawah-ḍawahipoen kémawon; kadosta wonten ing témbok. Menawi netes, anakipoen mesṭi énggal pedjah, sabab kekirangan teḍa. [ 32 ]Déné menawi enggènipoen nigan wonten ing pang génan ingkang saé, mesti boten mekaten. Let 6 oetawi 7 dinten netes; boten dangoe ladjeng damel lamat, goemantoeng wonten ingrikoe kados déné anak kemangga. Menawi wonten angin ladjeng kaboer, saged ḍoemoegi ing panggénan ingkang dipoen senengi.

Mara, ingkang dipoen senengi ḍoemawah ing poenapa?

Sampoen mesti kémawon senengipoen ḍoemawah ing poepoes. Ladjeng dipoen teḍa; ingkang empoek-empoek telas sedaja. Ingkang mekaten poenika sajektosipoen boten patos dados poenapa. Ananging kéwan waoe njengitipoen boten namoeng semanten kémawon. Wetawis 3 dinten malih, jên sampoen minḍak rosa, sarta jèn tjangkemipoen sampoen minḍak sentosa, ladjeng mandjing ing oewit. Toemoenten damel mergi ngantos ḍoemoegi ing nganḍap. Wonten ingrikoe sampoen boten moetawatosi poenapa-poenapa; boten wonten kéwan ingkang saged njepeng; malah doemoenoeng wonten ing satengah-tengahing oewit sarta njolongi teḍanipoen poen oewit. Wit pantoen ingkang mekaten poenika mesti kerisakan. Ronipoen ingkang wonten inginggil, ingkang taksih enèm, ladjeng dados djené, ngroewel, woesana garing. Kéwan wage ladjeng manggèn wonten ing salebeting oewit ingkang nganḍap. Boten antawis lami ladjeng dados ageng alema, sarta énggal dados entoeng. Ananging sadêrêngipoen dados entoeng, damel bolongan roemijin wonten salebeting oewit. Menawi sampoen rampoeng, ladjeng toetoep nganggé lamat.

Poenapa sampéjan soemerep damelipoen bolongan poenika? Boten? Koela tjrijosi inggih. Sasampoenipoen noetoep bolongan waoe, ladjeng dados entoeng. Menawi [ 33 ]sampoen let wetawis 10 dinten, enṭoeng waoe medal koepoenipoen alit, namanipoen pidjer. Pidjer poenika wonten ing salebeting wit pantoen boten seneng, djalaran roepek sanget. Mekaten malih sarèhning gaḍah

lar, dados kepéngin miber. Wiwitanipoen nggremet, medal saking ing bolongan waoe, ladjeng miber. Sapoenika ngertos poenapa dèrèng damelipoen bolongan? Ananging pantoenipoen, sarèhning dipoen teḍa ing kéwan waoe, dados kerisakan ngantos sami pedjah. [ 34 ]Sampoen mesți kémawon ladjeng boten medal wohipoen.

La pidjer waoe ladjeng kados poendi? Ingkang èstri ladjeng nigan, boten lami djaler-èstri sami pedjah. Dados ama pantoen waoe oemoeripoen boten pandjang, lami-laminipoen enggènipoen gesang namoeng enem minggoe.

Terkaḍang ama pantoen waoe ḍatengipoen ing sabin sesarengan pinten-pinten. Sampoen mesți kémawon ingkang mekaten poenika adamel kapitoenan ageng. Éwon kapitoenanipoen tijang tani.

Djalaran saking poenika, wontena ing poendi-poendi, kéwan waoe kedah dipoen pedjahi. Sawenèhing tijang tani wonten ingkang gaḍah akal mekaten: ing wantji daloe moebeng wonten ing sabin kambi mbekta obor. Pidjer ingkang wonten ing sabin kațah ingkang sami moeroegi obor, toemoenten pedjah kebesmi. Ananging koela sampoen soemerep panggénan, ingkang tijangipoen tani langkoeng pinter. Tijang tani ing panggénan waoe sami semadosan kalijan kantjanipoen: enggènipoen nanem pantoen dipoen djak sesarengan sampoen mesti kémawon ama pidjer waoe ingrikoe inggih ladjeng katah. Ananging pidjer ingkang medal saking ing ențoengipoen, ing sakiwa tengenipoen ingrika boten saged angsal wit pantoen enèm, ingkang ronipoen oetawi witipoen taksih empoek. Ingkang èstri inggih sami nigan; ananging anakipoen ingkang taksih enèm boten sami angsal teḍa; dados ladjeng sami pedjah. Let setengah taoen, jèn tijang tani waoe nanem pantoen malih, amanipoen pidjer namoeng sekeḍik. Akalipoen tijang tani ingkang mekaten poenika rak saé ta? [ 35 ]

10. Koelit kajoe diolah dadi tablèt.

Ing pegoenoengan ing tanah Prijangan sing ḍoewoer-ḍoewoer ana tanah presil pirang-pirang; tanah maoe ditandoeri wit kinah. Enggoné nandoer wit kinah ikoe moeng preloe diepèk koelité baé; koelité wit kinah ikoe akèh banget regané.

Wit kinah ikoe pinangkané saka ing negara mantja; penandoeré ana ing tanah Djawa sepréné lagi 70 taoen. Déné asalé ing tanah Amérika-kidoel, diepèk widjiné, digawa menjang tanah Djawa. Nanging pendjoepoeké widji ikoe ora gampang, sabab wong-wong ing kono banget pendjagané, adja nganti widjiné oetawa ṭoekoelané kinah maoe didjoepoeki oetawa digawa oewong menjang tanah lija. Jèn ana wong sing bisa ndjoepoek ṭoekoelané, digawa menjang tanah Djawa, tekané ing tanah Djawa terkaḍang wis paḍa [ 36 ]mati, sabab saking lawasé ana ing dalan. Kang mengkono ikoe sakèhing wragad lan kangélan dadi ilang moespra.

Apa ta preloené kok kepati-pati wit kinah arep ditandoer ana ing tanah Inḍonésijah kéné? Sabab ing

kéné akèh wong sing lara panas malaria; mangka lara panas kang mengkono ikoe tambané sing istidjab, ora ana manèh kedjaba moeng ndjoepoek saka wit kinah.

Saiki ing saloré negara Banḍoeng, ing èrèng-èrènging goenoeng Tangkoeban Praoe, ana kebon kinah djembar banget. Kebon ikoe sing jasa swargi toewan Junghuhn. Toewan maoe enggoné ngopèni kebon kinah ora lèrèn-lèrèn nganti tekan ing sédané. [ 37 ]Déné koeboeré ana ing Lèmbang, ing satengah-tengahing kebon kinah.

Ana déné wit kinah ikoe jèn wis oemoer 20 taoen, wis seḍeng-seḍengé diepèk paédahé. Pang-pangé digradjèni ḍisik, bandjoer oewité digradji ngantjas; dadi toemibané ing lemah, ngadeg, ora ngroeboehi oewit ing sakiwa tengené. Oewit lan pang-pangé maoe bandjoer dikeṭoki, dawané 1 m; koelité diklokopi. Enggoné nglokopi ikoe patrapé mengkéné: kajoe-kajoe maoe dițoeṭoeki nganggo ganḍèn. Jèn koelité wis mari kraket karo kajoené, bandjoer diklokopi.

Ojodé ija kanggo; moelané ija diḍoeḍoeki. Ojod maoe koelité diklokopi nganggo lading baloeng. Klokop-klokopan sing isih teles ikoe bandjoer diwaḍahi ing krandjang pirang-pirang, digawa menjang pamépéan. Jèn enggoné mépé wis garing, bandjoer diwaḍahi ing bagor oetawa goni, dikirimaké menjang pabrik. Ana ing kono digiling, nganggo didjantoni roepa-roepa; pirang-pirang djantoené.

Jèn wis mengkono, noeli dipipit, didadèkaké tablèt, digangsa nganggo goela, soepaja paité adja nganti krasa. Tablèt maoe bandjoer diedol saenggon-enggon; malah ing désa-désa sing adoh karo koeṭa ija ana tablèt kinah kang mengkono ikoe. Paédahé tablèt maoe dianggo tamba lara panas malaria.



[ 38 ]
38
11. Tjanḍi Prambanan.
1


Ing sawidjining dina wajah ésoek Mantri goeroe Ngabéan Ngajodja noenggang sepoer karo moerid-moeridé ing pangkat kang ḍoewoer ḍéwé, arep menjang Kalasan. Preloené arep paḍa ndeleng tjandi. Satekané ing Kalasan pada moeḍoen, noeli paḍa mlakoe ḍarat.

Ora soewé tekan ing Tjanḍi Kalasan. Tjanḍi ikoe kinoebeng ing pager kawat; wangoené olèhé mageri doeroeng lawas, sabab kawaté katon isih anjar. Mantri goeroe noeli kanḍa: ,,Lé, tjanḍi iki oemoeré wis loewih 1000 taoen; roepané isih mengkéné; méndah ḍék anjaré. Mara ta delengen apiké; watoené paḍa dioekir-oekir nganggo gambaran betjik-betjik. Man, kowé bisa, Man, nggambar mengkono?” Sarman mangsoeli: ,,Boten! Mbokmenawi embèn wingking saged.”

,,Tjandi iki bijèn, djaré-djaréné sing digawèkaké widadari, arané Dèwi Tara.”

Botjah-botjah pada keḍemenen ndeleng oekir-oekiran sing ana ing watoe kono. Apa manèh sing ndadèkaké gawoké, ndeleng gambar naga pirang-pirang; ora wareg-wareg olèhé ndeleng; nanging bandjoer diadjak moenggah, tekan ing sențongan. Mantri goeroe bandjoer kanḍa: ,,Ing sențongan kéné iki bijèn ana retjané Dèwi Tara; sențongan kono koewi bijèn ija ana retjané. Ing legok-legokan kono-kono koewi bijèn ija ana; saikiné wis pada ilang. Sangisoré sentongan kéné iki, kira-kira ana awoené wong Inḍoe djaman bijên sing diadji-adji ing wong akèh.” [ 39 ]Ora soewé noeli paḍa moeḍoen, ngoebengi tjanḍi, bandjoer paḍa menjang Tjanḍi Sari. Saka ing kono moeng lakon limang menoet koerang loewih.

Bareng wis tekan, botjah-botjah paḍa ngelokaké: "Kok ora pati ḍoewoer!"

Botjah-botjah noeli paḍa moenggah, kepéngin weroeh roepané ing ḍoewoer. Ing kono ana senṭongané sawetara, sarta ana ségogané tjilik-tjilik; watoené ija dioekir-oekir betjik. [ 40 ]Bareng wis toetoeg olèhé paḍa ndeleng, bandjoer moeḍoen, noetoegaké lakoené. Mantri goeroe tjelaṭoe: "Ikoe maoe doeroeng sepiraa betjiké; sing betjik temenan mengko seḍéla engkas. Olèhmoe mlakoe paḍa sengkakna, karebèn énggal tekan."

Olèhé mlakoe noeroet dalan geḍé, ngliwati kali

Opak. Ing kono ana kretegé betjik banget. Ana botjah sidji sing ngelokaké: "Betjik temen kreteg iki!" Sidjiné njamboengi: "Karo dawané kok éram akoe!" Goeroené noempangi: "Pantjèn betjik kreteg iki, toer sentosa banget; éwa déné doeroeng karoewan kelar njembadani boediné banjoe. Sing ḍisik-ḍisik ja mengkéné apiké, paḍa laroet ketradjang ing bandjir. Delengen, ta, iliné jèn ora bandjir, wangoené anteng; jèn bandjir [ 41 ]santeré kok ora djamak. Moelané ḍèk djaman kedjawan ora taoe digawèkaké kreteg sing temenan, sabab wong nalika ikoe ora kedoega."

Ora soewé olèhé loemakoe paḍa tekan ing pasar Prambanan; noeli ménggok ngalor; tjanḍiné katon ngregoenoek saka ing kadohan. Satekané ing tjanḍi, Mantri goeroe toekoe kartjis kanggo moerid-moeridé lan kanggo awaké ḍéwé; bandjoer paḍa mleboe menjang tjepoerining tjanḍi. Sarèhné wis paḍa krasa rada sajah, dadi ora bandjoer moenggah menjang tjanḍi; ngaso ḍisik ana sangisoring wit ketapang.

12. Tjanḍi Prambanan. II.

Olèhé ngaso ana sangisoring wit ketapang kepénak banget; ja aḍem, ja isis; akèh sing paḍa ngoeḍari boentelané sangoe, olèhé mènèhi bijoengé; pating ketjamoek, karo paḍa goejon. Katoné paḍa seneng- [ 42 ]seneng-seneng; dadi sapa-sapa sing weroeh, ija mèloe seneng. Ana sing mangan djadah; ana sing mangan enting-enting; ana sing mangan geti; ana sing mangan geṭoek.

Bareng wetengé wis paḍa isi, sarta wis ilang sajahé,

bandjoer dikon ngadeg karo goeroené, sarta dikon ngroengokaké kanḍané. Botjah-botjah bandjoer énggal paḍa menjat;kiwa tengené ana tjanḍi pating djenggeleg.

Mantri goeroe bandjoer wiwit kanḍa: "Kéné iki, kabèh ana tjanḍiné woloe, koelon teloe, wétan teloe, [ 43 ]lor sidji, kidoel sidji. Sing arep dideleng ḍisik koelon koewi; ajo ta, méloea.”

Botjah-botjah bandjoer paḍa moenggah, ana sing karo mlajoe baé, balapan karo kantjané. Sing dioenggahi Tjanḍi Brahma; ing ḍoewoer ngeḍag-eḍag baé, ana senṭongané watoe tjilik. Ing kono ana retjané Sang Brahma betjik banget; rainé papat. Enggoné gawé pepeṭaning makoeta lan sandangan, apa manèh sirah, ikoe kabèh mratandani, jén wong Djawa ing djaman bijén, paḍa pinter-pinter gegawéan. Bareng wis tanek oléhé paḍa namataké, bandjoer diadjak moeḍoen marang goeroené: „Wis, ajo moeḍoen, lé! endang ngalih menjang sédjéné kaé! Kaé loewih betjik, karo loewih preloe.”

Botjah-botjah bandjoer paḍa moeḍoen koemritig, noeli ngalih menjang sidjiné; moenggah oenḍak-oenḍakan watoe rada ḍoewoer, ngoengkoeli sing ḍisik. Karo manèh oenggah-oenggahané rada rekasa; nanging dedelengan ing ḍoewoer kono ija njata loewih betjik; ḍisiké tekan ing retjané Sang Hjang Siwah, djoemeneng Sang Mahadéwa. Makoeṭané soengsoen teloe, ana pepeṭaning remboelan tanggal sepisan lan tjoemploeng oewong. Ing satengahing baṭoek ana mripaté sidji; dadi mripaté kabèh teloe; poepoené kaja tinoetoepan ing weloelang matjan toetoel. [ 44 ]Tangané papat; sing sidji njekeli tjemara; sidjiné njekeli akshamala, oetawa tesbèh; sidjiné njekeli kenḍi isi banjoe pengoeripan; sidjiné njekeli trisoela.

Déné ing sentong-sentongan lija-lijané ija ana retjané. Ana sing isi retjané Sang Hjang Siwah djoemeneng Goeroe, ana djénggoté. Ana sing isi retjané Sang Hjang Ganésa oetawa Betara Gana, poetrané Sang Hjang Siwah; ana tlaléné njerot kawitjaksanan saka ing tjoemploenging menoengsa, kang ditjekeli ing tangan kiwa. Ana manèh retjané Sang Kali Doerga, garwané Sang Hjang Siwah; tangané woloe, ngidaki kebo titisané Maésasoera.

Mantri goeroe kanḍa marang botjah-botjah mengkéné: „Lé, wong Djawa isih akèh sing njadran mréné iki, sabab retja iki diarani dadèhané Lara Djonggrang. Embèn boeri kowé taktjritani dongèngané Lara Djonggrang. Saikiné ajo paḍa mlakoe oeroet témbok watoe iki, karo ndelok-ndelok gambaré. La koewi gambaré Beṭara Rama karo Leksmana, aḍiné, lagi mlakoe nggolèki Dèwi Sinta, ditjolong Praboe Rawana. Dèwi Sinta koewi apané Betara Rama? Bodjoné; ija apa ora? Sing ngréwangi, ratoe keṭèk, djenengé Praboe Soegriwa, karo nggawa bala keṭèk ora karoewan tjatjahé. Gegeḍoegé: Anoman.”

Botjah-botjah pada namataké oekir-oekiran sing ana ing témbok watoe; ana sing ngelokaké mengkéné: „Ija, lo, la iki Beṭara Rama, la iki Leksmana; nanging kok ora mèmper karo wajang kaé.”

Bareng wis kempoet olèhé paḍa ndeleng, bandjoer moeḍoen koemritig majar baé, ora kangélan kaja ḍèk moenggahé. Satekané ing ngisor, bandjoer gegantjangan mengétan menjang tjanḍi sidjiné, noeli [ 45 ]moenggah oenḍak-oenḍakan watoe manèh. Ing ḍoewoer ana retjané sapi. Goeroené tjelaṭoe: ,,Koewi retjané sapi kang aran Nandi; jèn ing wajang, djenengé Lemboe Andini, titihané Sang Hjang Siwah oetawa Beṭara Goeroe. Wong-wong ija isih akèh sing njadran mréné, ndjaloek slamet."

Ana ing kono ora soewé; noeli moeḍoen manèh menjang tjanḍiné Sang Hjang Wisnoe; ananging ing kono ora pati ana apa-apané sing kena dideleng, sabab wis akèh sing roesak, marga linḍoe oetawa perang ḍèk djaman koena.

Mantri goeroe tjelaṭoe: ,,Jèn ndeleng woedjoedé saiki, mesṭiné kowé ora ngira, jèn kéné iki ing bijèn ana kraton geḍé. Ananging para pinter bisa namtokaké, [ 46 ]jèn kéné iki tilas kraton geḍé; malah ija ana keḍatoné barang. Déné penggawéné tjanḍi-tjanḍi iki, preloené kanggo memoedja marang déwa, kaja déné wong saiki menjang mesdjid oetawa menjang grédja. Ana sing ngarani, jèn sawidji-widjining tjanḍi iki koeboerané

ratoe ḍèk djaman koena oetawa penḍita sing pinoendjoel. Bijèn sakiwa tengené tjanḍi iki ana tjanḍinė tjilik-tjilik loewih saka satoes, nanging wis akèh sing roesak, ilang lariné; mbok menawa marga saka linḍoe. Awit saka pangroektiné Negara, roesaké ora kebandjoer-bandjoer, isih rada akèh sing apik. Karo [ 47 ]manéh akèh sing didandani ora nganggo ngétoeng kèhing wragad lan kangèlané, Kedjaba iki, tjeḍak-tjeḍak kéné, isih ana tjanḍi tjilik-tjilik akèh. Nèk kowé doeroeng paḍa sajah, arep takdjak nonton mrana pisan. Sapa sing wis poprok?”

Botjah-botjah ngakoe jèn doeroeng sajah, sabab kepéngin ndeleng tjanḍi sing lija-lijané. Bandjoer diadjak ndeleng, ana tjanḍi pirang-pirang; wiwitané Tjanḍi Loemboeng, bandjoer Tjanḍi Boebrah, bandjoer Tjanḍi Sèwoe. Retja sing djaga ana ngarepan, gambar boeta nganggo njekeli gada geḍé nggegirisi; toedjoené ora oerip. Jèn oeripa, mesti medèni banget. Émané déné tjanḍi ikoe wis akèh banget sing roesak pating bléngkrah.

"Wis le, saikiné wis entèk sing apik-apik; ajo paḍa bali moelih. Saiki kowé paḍa weroeh, jèn wong Djawa dèk bijèn bisa gegawéan sing apik-apik lan nggoemoenaké; bisa gawé tjandi sing kaja mengkono roepané; wis oemoer loewih 1000 taoen, meksa isih gawé éramé wong sing ndeleng. Wong Djawa, wong sabrang, jèn ndeleng tjandi-tjandi, goemoené paḍa baé.”

Noeli paḍa mangkat bali; ana ing dalan ora pati tjikrak-tjikrak kaja ḍèk mangkaté, sabab rada sajah, sarta mikir-mikir bab tjandi sing mentas dideleng ikoe maoe, Éwa déné lakoené ija isih tata, ora ana sing nggrenḍèl. Tekané ing setatsijoen bareng.

Satekané ing omahé ḍéwé-ḍéwé, goeproek olèhé kanḍa marang bapa bijoengé lan sanak sedoeloeré, ngandakaké senengé olèhé dolan lan apa-apa sing mentas dideleng.


[ 48 ]
13. Lara Djonggrang.
Dongèngé Mantri Goeroe.

Ing djaman koena Prambanan koewi ana kratoné, djenengé ija kraton Prambanan. Sing dadi ratoe: boeta; rosané ngleloewihi, djedjoeloek Praboe Baka; kagoengan poetra poetri, arané Lara Djonggrang. areng perang karo ratoe ing Pengging, Praboe Baka alah, mati ana ing peprangan, sabab ratoe ing Pengging iréwangi wong kang loewih déning rosa, arané Bandawasa, karo sedoeloeré lanang loro. Moelané Bandawasa isa menang, sabab diwènèhi gegaman marang bapakné. apakné koewi gentoer tapané, djenengé Damarmaja. Gegamané maoe emboeh panah, emboeh beḍil, nanging mpoehé ngleloewihi; déné djenengé bandoeng; moelané bandawasa bandjoer karan Bandoeng Bandawasa.

Sang ratoe ing Pengging, saking boengahé bisa enang karo Praboe Baka, Bandoeng Bandawasa andjoer diparingi tanah ing Prambanan, didadèkaké Adipati. Bandoeng bandjoer mangkat menjang Prambanan. Satekané ing kono, arep manggon ana ing keḍatoné Praboe Baka pekéwoeh, sabab Lara Djonggrang, poetrané Praboe Baka, banget éwa marang Bandoeng, déné ramané dipatèni; malah tetemon baé ora sotah. Mangka Bandoeng, bareng wero eh marang Lara Djonggrang, banget kepéntjoeté. Moelané bandjoer dilamar arep dipèk bodjo.

Lara Djonggrang nampik ora wani, koewatir mbok menawa digoena-gawé, amesṭi nemoni ora kepénak. Moelané bandjoer doewé pepanggil: Jèn Bandoeng bisa nggawèkaké tjanḍi sèwoe lan soemoer loro sing djero-djero, bisa dadi paḍa sawengi, ija gelem dirabèni. [ 49 ]Bandoeng nggraita jèn pendjaloeké Lara Djonggrang ikoe ora madjat; éwa semono ija arep ditandangi sabisa-bisané; mbok menawa bisa nekani pendjaloeké bakal bodjoné, Bandjoer ndjaloek toeloeng marang bapakné, Sang Damarmaja, lan marang sedoeloeré, apa manèh njoewoen toeloeng marang Sang Ratoe ing Pengging. Sang Damarmaja sagoeh mitoeloengi sarana tjipta sasmita lan kasektèné; apa manèh bakal ndjaloek toeloeng marang para lelemboet.

Bandoeng bandjoer njagoehi apa kang dadi pendjaloeké Lara Djonggrang.

Bareng tekan ing semajané, Sang Damarmaja lan sedoeloeré Bandoeng, apa manèh Sang Ratoe ing Pengging, paḍa teka ing Prambanan. Noeli paḍa moedjasemèdi marang déwa, nenoewoen bisa moedjoedaké kang dadi pepanggilé Lara Djonggrang. Panoewoené kasembadan; djam setengah papat ésoek tjanḍi sing dadi wis ana 995.

Patih ing Prambanan, bareng weroeh jên wangoené pepanggilé Lara Djonggrang arep ketekan, atiné panas banget. Wong poetrané goestiné kok arep dirabèni [ 50 ]

marang tilas moengsoehé; mangka moengsoehé ikoe sing matèni goestiné. Moelané bandjoer golèk réka moerih adja nganti Bandoeng bisa nekani pendjaloeké Lara Djonggrang. Noeli préntah nggoegahi saroepané wong wadon ing Prambanan, dikon noetoe; karo manèh ing lesoeng dikon njebari kembang borèh sing wangi-wangi.
Bareng para lelemboet sing ngréwangi Bandoeng mamboe gandaning kembang, sarta ngroengoe wong noetoe, bandjoer mandeg olèhé njamboet gawé, sabab ngira jèn wis rahina; bandjoer pada bali menjang kajangané ḍéwé-ḍéwé. Dadi tjanḍiné doeroeng rampoeng kabèh, isih koerang.
Bareng Bandoeng weroeh kang mengkono ikoe, banget nepsoené, bandjoer njoepatani botjah-botjah wadon ing Prambanan, adja olèh-olèh bodjo jèn doeroeng dadi prawan toewa. Lara Djonggrang takon marang djaka Bandoeng semoe ngérang-ngérang apa pendjaloeké wis ditekani apa doeroeng. Djaka Bandoeng banget nepsoené. Lara Djonggrang disebdakaké dadi watoe, bandjoer malih dadi retja nganti sepréné iki. Wong-wong Djawa ngira, jèn retjané Sang Kali Doerga ikoe kedadèané Lara Djonggrang; moelané nganti sepréné retja maoe diarani Lara Djonggrang.
Tjanḍi-tjanḍi gawéané lelemboet maoe saiki isih ana, djenengé Tjandi Sèwoe; sing paḍa dideleng dèk menjang Prambanan kaé; nanging akèh sing wis roesak.


[ 51 ]
14. Awon, nanging ageng paédahipoen.

Sabab poenapa tijang-tijang kok sami remen djené oetawi selaka? Poenapa sabab ageng paédahipoen? Boten! Menawi paédahipoen kawon kalijan tosan, tebih kaotipoen. Tosan poenika paédahipoen boten wonten ingkang ngoengkoeli. Inggih leres roepènipoen andap pijambak, nanging manawi tijang dipoen tilar tosan, saiba soesahipoen. Djené poenika sanadjan awisipoen tikel kaṭah tinimbang tosan, nanging manawi dipoen anggé pirantos poenapa-poenapa boten kanggé, kirang atos. Tosan saged kijeng; dipoen anggé pirantos mitadosi. Mara sampéjan manah, sapinten kaṭahipoen pirantos ingkang baḍénipoen tosan. Pirantosipoen tijang tani, toekang-toekang, panḍé, kemasan, gemblak, kaṭah ingkang baḍénipoen tosan. Lading, goenting, linggis, tjaṭoet, baḍénipoen inggih tosan. Menawi sampéjan manah jektosan, sekéndjing kémawon sampoen pinten-pinten pirantos ingkang sampéjan tjepeng, ingkang wonten tosanipoen. Tjobi sampéjan titèni ingkang jektosan.
Menggah pirantosipoen tijang poenika, menawi kala djaman kina-kinanipoen, inggih boten wonten tosanipoen; sabab kala samanten dèrèng wonten tjaranipoen tijang pados tosan; ingkang dipoen anggé pirantos: badénipoen séla, dipoen wangoen mitoeroet preloenipoen. Paloenipoen séla, ladingipoen séla, wadoengipoen inggih séla. Déné dedamelipoen inggih mekaten. Menawi panah, béḍoripoen inggih séla oetawi baloeng. Sapoenika ingkang taksih gaḍah tjara mekaten poenika: tijang Papoewah. Namoeng ingkang manggèn wonten ing pesisir, ingkang asring srawoengan kalijan bangsa sanès, poenika sami nganggé pirantos tosan.

[ 52 ]

  Mbok menawi sampéjan sampoen sami soemerep, jèn tosan poenika pamenḍetipoen saking salebeting siti, sarana dipoen ḍoeḍoek. Nanging menawi tijang nḍoeḍoek siti, pados tosan kados ingkang katingal saben dinten poenika, inggih boten angsal. Ingkang kepanggih wonten salebeting siti poenika malah boten mèmper tosan babar pisan.

Wonten negari-negari ingkang pasitènipoen wonten tosanipoen; panggénanipoen lebet sanget. Dados, menawi baḍé dipoen penḍet, nganggé dipoen ḍoeḍoeki roemijin, sarana dipoen boer, kados soemoeran. Ing nganḍap, menawi sampoen doemoegi panggénanipoen tosan, dipoen damelaken lanḍakan, dipoen anggé margènipoen tijang ingkang sami njamboet damel. Wonten ing lebet ngrikoe tijang-tijang waoe sami ngeroeki siti ingkang kaworan tosan; woedjoedipoen ingkang dipoen inggahaken poenika inggih kados siti oetawi séla, pating pringkil, pating prongkal kémawon. Menawi baḍé dipoen pendet tosanipoen, kedah dipoen loeloeh. Mbok menawi sampéjan dèrèng wonten ingkang sampoen soemerep djér-djéran tosan; ingkang sampéjan soemerepi saweg tosan abrit kémawon, ingkang dipoen besmi panḍé poenika. Pantjèn tosan poenika inggih boten gampil loeloehipoen. Menawi namoeng dipoen besmi areng sambi oetawi kadjeng sanèsipoen kémawon, dèrèng saged loeloeh, sabab kirang bentèr. Sagedipoen loeloeh menawi bentèripoen langkoeng déning sanget.

Ing tanah-tanah ingkang wonten pamedalipoen tosan, oetawi ing negari sanèsipoen, wonten pabrikipoen ingkang dipoen anggé ngloeloeh tosan poenika. Déné pawonipoen ingkang dipoen anggé ngloeloeh poenika, inggil sanget, wangoenipoen boender, témbokipoen [ 53 ]séla oetawi banon. Sélanipoen poenika milih ingkang atos sanget, boten saged loeloeh déning latoe. Pawon waoe dipoen damel ageng tengah; dados menginggilipoen

oetawi menganḍapipoen sangsaja tjijoet. Mara sampéjan ningali gambaripoen pawon poenika; poenika gambaripoen menawi dipoen sigar tengah leres. Ingkang nganḍap poenika enggèn kadjeng kalijan areng séla. Menawi latoe sampoen ndados, ladjeng dipoen bjoeki siti tosan tipis-tipisan, ladjeng dipoen bjoeki areng séla; nginggilipoen dipoen bjoeki siti tosan malih, [ 54 ] [ 55 ]noenten areng séla. Mekaten poenika ngantos pawon waoe kebak sapenginggil. Ingkang ngebjoeki poenika koeli-koeli; boten kangélan; sabab pangoesoengipoen siti tosan lan areng séla waoe nganggé gléḍégan. Enggènipoen ngesokaken saking bolonganipoen pawon ingkang nginggil poenika, ḍoemawah ing latoe ingkang marong wonten ing nganḍap ngrikoe. Dados siti tosan poenika nganḍap nginggilipoen: areng séla. Menawi areng poenika sampoen sami dados latoe, siti tosan waoe dados bentèr sanget; tosanipoen ladjeng loeloeh. Moerih bentêripoen minḍak santer, nganggé dipoen oeboebi saking nganḍap. Inggih mèmper oeboebanipoen panḍé poenika, nanging ageng sanget.

Menawi tosanipoen sampoen loeloeh, ladjeng ndlèdèk menganḍap medal ing bolongan. Bolongan poenika kénging dipoen bikak, kénging dipoen toetoep. Menawi ing salebeting pawon waoe sampoen kaṭah loeloehanipoen tosan, bolongan poenika dipoen bikak; tosanipoen ladjeng mili ḍateng salebeting siti. Ing ngrikoe sampoen dipoen damelaken kalénan tjijoet-tjijoet, nanging pandjang. Wonten ing ngrikoe dipoen togaken kémawon ngantos asrep; noenten dipoen penḍeti, kénging dipoen tjiṭak oetawi dipoen gemblèng, dipoen damel dandosan werni-werni.

Pawon poenika waoe, menawi sampoen dipoen latoni sepisan, boten dipoen sirep-sirep; rinten daloe tansah dipoen bjoeki siti tosan kalijan areng. Terkaḍang ngantos 15 taoen ladjeng kémawon, Séla-séla ing témbokipoen ladjeng asring wiwit bebrek, sabab kénging ing latoe rinten daloe; poenika ngoewatosi, mbok menawi pawonipoen ambroek.

Latoenipoen ladjeng dipoen pedjahi, pawonipoen dipoen bibrahi, dipoen santoeni séla énggal. [ 56 ]Ing kapoeloan Inḍonésijah ngriki klebet kaṭah taḍahipoen tosan; poenika dipoen ḍatengaken saking ing tanah sabrang. Wonten ing ngriki dipoen damel dandosan werni-werni. Ing ngrika-ngrika, kadosta ing Soerabaja, inggih wonten panggénan pangloeloehan tosan. Tosan ingkang ḍateng saking sabrang, wonten ing ngrikoe dipoen loeloeh malih, dipoen damel roḍa, eroeng-oeroeng, saka, pirantos pabrik, lan sanès-sanèsipoen.

Gambar ing wingking poenika gambaripoen pabrik tosan; tijang-tijangipoen sami njamboet damel njiṭak tosan. Menawi sampéjan saged ningali pabrik tosan, kinten koela, ingkang sampéjan tingali inggih kaṭah èmpèripoen kalijan gambar poenika.



15. Amané wit krambil.

Takbeḍèk kowé mesṭi wis weroeh kéwan sing arep taktjritakaké iki; geḍéné wetara saponggé, roepané sawo mateng, meleng-meleng kaja beling. Ing enḍasé ana soengoené njrapang kaja eri mawar, sikilé nenem. Jèn digegem, mengkang-mengkang ora gelem, koedoe metoe baé. Menjang tangan rada lara, sabab sikilé ana eriné, ngrènḍèt-ngrènḍèt. Djenengé kwangwoeng oetawa wangwoeng.

Apa kowé wis taoe namataké elaré? Pira elaré? Papat; ija apa ora? Sing ana ing djaba loro, roepané sawo mateng, sarta woeled akandel, dadi toetoepé elar loro sing ana ing djeroné. Sing ana ing djero tipis ngramjang, kena dilempit-lempit. Ikoe sing pantjèn [ 57 ]dienggo miber. Dadi kaja déné ampal lan katimoempel.

Jèn awan ndjintel ana ing poetjoeking wit krambil; moeng jèn soré oetawa bengi baé miber separan-paran. Olèhé ndjintel ikoe nganggo ngrikiti blarak. Tjangkemé rosa banget; sikilé sing dianggo mitoeloengi jèn memangan, ikoe ija koewat. Apa manèh jèn olêh djanoer sing doeroeng megar. Jèn djanoer maoe megar, katon krèwèk kabèh. Sing sok ndadèkakè bilainé wit krambil, jèn ponḍohé katoet dipangan; bandjoer ora bisa modot-modot; lawas-lawas mati. Pantjènè ija ora mèmper, wong wit semono geḍéné kok mati moeng djalaran digoena-gawé marang kéwan sing semono tjiliké. Nanging wong wis mèh mratah, apesé samoebarang sing geḍé, sing koewat ikoe, jèn moengsoeh karo sing tjilik-tjilik mengkono ikoe.

Kwangwoeng ikoe kerep baé manggon ana ing ponḍohé wit krambil. Ana ing kono bandjoer ngénak-énak kaja prijaji geḍé sing ora doewé pegawéan; gawéné moeng mangan karo toeroe. Sing wadon bandjoer ngenḍog; ananging olèhé ngenḍog ora ana ing kono, ana ing tlétongan oetawa ana ing kekajon kang wis bosok; sabab weroeh, jèn anaké sing bakal netes, pangané ora kaja wong toewané. Jèn wis sawetara dina, enḍog maoe bandjoer netes, metoe anaké. Ḍapoeré gèsèh karo bapa bijoengé, roepané kaja oeler, nanging poetih. tjilik-tjilik; ora ana swiwiné sarta ora ana matané. [ 58 ]Jèn mata, pantjèn ora preloe doewé, sabab ora kanggo; panggonané peteng ana sadjroning lemah oetawa sadjroning kajoe-kajoe sing growong. Moeng tjangkemé sing nggegirisi. Jèn wis sawetara minggoe oemoeré, bandjoer dadi lemoe aginoek-ginoek; dawané wetara 7 cm; bandjoer gawé tjlowokan dienggoni, kanggo

ngenṭoeng. Jèn wis toetoeg mangsa kalané, bandjoer salin roepa dadi kwangwoeng. Dadi wiwitané enḍog, bandjoer dadi emboeg-emboegan; bandjoer ngenṭoeng; wekasané dadi kwangwoeng.

Emboeg-emboegan ikoe ora gawé pitoena marang menoengsa. Panganané moeng tléṭong baé oetawa bosokan kajoe; nanging kwangwoengé kerep gawé roesaking tandoeran krambil. Moelané sabisa-bisa, saketjanaké betjik dipatèni. Emboeg-emboegé ja betjik dipatèni pisan, sabab bisa dadi kwangwoeng sarta bandjoer bisa ngendog. Moeng émané, kwangwoeng ikoe jên awan ora gelem miber, dadi angèl olèhé njekel. Botjah-botjah sing baoed mènèk, mesṭiné ija bisa marani panggonané kwangwoeng ana ing poetjoeking [ 59 ]wit krambil. Jèn akèh sing gelem nggolèki kwangwoeng menjang sadjroning ponḍoh, wit krambil mesṭi bisa loewar saka satroené sing mbebajani.

16. Moela-boekanipoen wonten pantoen.

Katjarijos ing djaman kina Beṭara Goeroe karsa nitahaken Widadari, kaparingan nama Retna Doemilah. Sareng Retna Doemilah sampoen diwasa, saking karsanipoen Beṭara Goeroe baḍé dipoen poenḍoet garwa. Retna Doemilah inggih poeroen dipoen poenḍoet garwa, ananging gaḍah panoewoen tigang prekawis:

  1. Njoewoen teḍa, ingkang boten mboseni ing selami-laminipoen.
  2. Njoewoen penganggé ingkang boten kénging ing risak.
  3. Njoewoen gangsa serantjak, ingkang saged moengel pijambak.

Sareng Beṭara Goeroe tampi pepanggilipoen Retna Doemilah ingkang mekaten poenika, sanget kawekèn ing galih. Milanipoen ladjeng oetoesan Kala Goemarang toemeḍak ḍateng Martjapada, pados ingkang dados panoewoenipoen Retna Doemilah. [ 60 ]Wonten ing Martjapada Kala Goemarang dilalah soemerep Dèwi Sri, garwanipoen Beṭara Wisnoe. Kala Goemarang salah damel, asring ndjawat ḍateng Dèwi Sri; milanipoen Dèwi Sri sanget sekelipoen ing penggalih. Djalaran saking poenika Kala Goemarang dipoen sotaken malih dados tjèlèng. Pangadjeng-adjengipoen Beṭara Goeroe ḍateng wangsoelipoen Kala Goemarang tanpa wasana. Milanipoen Retna Doemilah ladjeng dipoen ḍawoehi: poeroen boten poeroen meksa baḍé dipoen poenḍoet garwa. Retna Doemilah poegoeh enggènipoen mopo, ladjeng nganjoet toewoeh. Mitoeroet rembagipoen para déwa ing Soeralaja lajonipoen Retna Doemilah dipoen petak wonten ing negari Menḍang-Kamoelan; namanipoen dipoen pindah Dèwi Tisna-Wati. Praboe Makoekoewan, ratoe ing Menḍang-Kamoelan, kapatah roemeksa pasaréanipoen Tisna-Wati waoe.

Sang Praboe Makoekoewan ngéstokaken timbalanipoen Beṭara Goeroe. Sareng doemoegi kawan dasa dintenipoen, Sang Praboe soemerep ing Dèwi Tisna-Wati wonten tjahja goemebjar; ing salebeting tjahja poenika wonten ṭeṭoekoelanipoen aèng. Sanalika Sang Praboe ngatoeri oeninga ḍateng Beṭara Goeroe. Betara Goeroe ladjeng paring oeninga, jèn ṭeṭoekoelanipoen poenika kepandjingan soekmanipoen Dèwi Tisna-Wati; milanipoen kedah dipoen opèni ingkang saé-saé. Wiwit nalika poenika saladjengipoen menoengsa baḍe angsal teḍa saking ing ṭeṭoekoelan waoe, mantoen neḍa pamedaling wana. Sirahipoen Dèwi Tisna-Wati dados kelapa, poeseripoen dados pantoen, tanganipoen dados pala goemantoeng; déné soekoenipoen dados pala kapenḍem. [ 61 ]

 
    Praboe Makoekoewan ngéstokaken saḍawoehipoen Betara Goeroe; ṭetoekoelan waoe dipoen opèni saé-saé sarta dipoen edoem dateng kawoelanipoen sadaja. Wonten tijang tani awasta Djaka Poering kalijan Kjai Toewa, sanget enggènipoen ngadji-adji ḍateng tetoekoelan waoe; milanipoen ngantos sapoenika taksih sami dipoen leloeri sarta dipoen wastani bapa tani kalijan bijang tani.
    Kala Goemarang senadjan sampoen dados tjèlèng, éwa déné boten mantoen-mantoen enggènipoen baḍé ngresahi ḍateng Dèwi Sri, ndadosaken sekelipoen.
Milanipoen Dèwi Sri ladjeng nenoewoen ing Déwa, moegi-moegi énggal dipoen poendoeta. Panoe woenipoen kasembadan. Lajonipoen inggih dipoen sarèkaken ing Mendang-Kamoelan. Sareng njandak kawan dasa dintenipoen, saliranipoen Dèwi Sri inggih toekoel tanemanipoen kados déné Dèwi Tisna-Wati. Ananging wonten bédanipoen; pantoen ingkang asalipoen saking saliranipoen Dèwi Sri kedah dipoen tanem wonten ing sabin; ingkang saking Dèwi Tisna-Wati wonten ing tegil oetawi pegagan.
   Kala Goemarang soemerep Dèwi Sri séda, boten kendo kadjengipoen, malah sangsaja ngandja-andja manahipoen. Milanipoen ladjeng badé ngrisak taneman pantoen; ananging toemoenten dipoenpedjahi dateng Betara Wisnoe, dipoen toembak ing granggang. Kala Goemarang, senadjan sampoen pedjah, enggènipoen ngresahi taneman boten mantoen-mantoen. Bangkénipoen medal kéwanipoen, ingkang dados ama warni-warni.
    Mekaten oegi anak-anakipoen Poetoet Djantaka inggih sami dados satroenipoen pantoen, asring sami

[ 62 ]

 
ngrisak pesabinan, asipat liman, warak, kidang, sangsam, keṭèk, tikoes sapenoenggilanipoen, sami dipoen kepalani Kala Goemarang; sanget ndadosaken ing gemesipoen Djaka Poering kalijan Kjai Toewa. Sang Praboe Makoekoewan karsa tetoeloeng njirnakaken ama-ama waoe. Ingkang mekaten poenika inggih kelampahan; namoeng maésa kalijan lemboe sami dipoen tawan, boten dipoen pedjahi, dipoen dadosaken réntjangipoen tijang tani.
Wiwit ing nalika semanten taneman pantoen saged wiloedjeng, ṭoekoelipoen soeboer, lami-lami ladjeng sangsaja ngreda.
Wasana Dèwi Sri ladjeng nitis dateng Pramèswari ing Mendang-Kamoelan. Betara Wisnoe nitis dateng Praboe Makoekoewan. Djalaran saking poenika Praboe Makoekoewan sagarwanipoen sami saged paring piwoelang ḍateng kawoelanipoen ing bab pangoepakaranipoen pantoen. Mekaten oegi ing bab lampah-lampahipoen tijang panèn sarta wiloedjenganipoen, soepados toeloesa tanemanipoen pantoen. Inggih poenika moela-boekanipoen wonten pantoen, sarta moela-boekanipoen wiloedjenganipoen tijang nanem pantoen, ingkang toemindak ngantos ing djaman sapoenika, enggènipoen sami memoelé dateng Dèwi Sri.



[ 63 ]
17. Wong leloengan ing djaman bijèn.

Ana prijaji wis toewa noenggang sepoer bebarengan karo botjah nonoman teloe. Sidji djenengé Soeprapta, sidji Arsana, sidjiné Soembaga. Prijaji maoe sok ngantoek, terkadang ija toeroe barang, karo linggih baé. Bareng wis soewé olèhé toeroe bandjoer nglilir karo moelèt sarta tjelațoe: „Ah, saiki iki, jèn leloengan kok kepénak temen; karo toeroe waé bisa tekan ngenggon.” Soeprapta njamboengi: „Roemijin poenapa boten mekaten?” Prijaji mangsoeli: „Ora; bijèn doeroeng ana sepoer, doeroeng ana trèm. Djaréné, wong leloengan djaman koena, rekasa banget. Dalan-dalan presasat doeroeng ana; moeng sing tjeḍak-tjeḍak kraton ana dalané sing rada betjik; nanging ja ora betjik kaja saiki. Wong dagang lan bakoel-bakoel, jèn arep menjang negara, metoe ing dalan tjilik, moeng seḍeng wong sidji. Dagangané digénḍong oetawa dipikoel; ana sing diemot ing djaran; sing diemot tjikar arang-arang. Wongé paḍa mlakoe darat bebarengan akèh karo nggawa gegaman: toembak, keris, peḍang; sabab sedalan-dalan bégal pirang-pirang. Boeron galak, kajata: matjan, tjèlèng, asoe adjag, asoe kikik, ora koerang. Wong-wong wadon oetawa botjah-botjah arang-arang sing leloengan adoh; jèn preloe leloengan, ja noenggang djaran oetawa kremoen oetawa tanḍoe. Ana manèh sing soegih banget, noenggang grobag oetawa peḍati, oetawa kréta; ora ana piré kaja toenggangan djaman saiki; roḍané kajoe woetoehan baé. Dadi jèn ditoenggangi djlag-djloeg, lara kabèh menjang awak. Ḍèk djaman Madjapait ja wis ana kréta, djenengé gerbong; koewi toenggangané para poetri, jèn nḍèrèk [ 64 ]tjangkrama oetawa mbebeḍag menjang alas. Gerbong koewi ḍèk djaman koena wis dianggep betjik banget, arang-arang sing doewé. Ana lajang Djawa koena sing njeboetaké, jèn poetri Tjempa, nalikané krama olèh ratoe ing Madjapait, gawané: gong, peḍati karo gerbong. Para poetri ija sok nitih djoli; sing nggotong nganti wong 16. Djoli ikoe roepané kaja omah-omahan

tjilik; saiki sok dianggo pola baṭikan, djenengé "semèn djolèn.”

Djaman saiki, jèn wong leloengan moenggah goenoeng, ija sok noenggang tanḍoe; sing digawé moeng "koersi males” waé, diwènèhi sladangan pring, dipikoel oewong.”

Arsana takon:"La jèn ngambah seganten menapa inggih rekaos, ing djaman kina menika?”

Prijaji mangsoeli: "Ora kajaa! Ḍèk bijèn doeroeng ana kapal api; badjagé waé pirang-pirang. Praoené tjilik-tjilik nanging rikat; jèn ana praoe dagang liwat, bandjoer dibégal. Jèn mlajoe. ditoetoeti; mèh mesṭi [ 65 ]ketjandaké. Saiki ing segara tjedak-tjedak kéné ija isih sok ana badjag; apa manèh tjedak-tjedak Madoera kana; malah nganti misoewoer: badjag Sampang. Nanging Pamaréntah saiki adjeg olèhé ndjaga segara. Jèn ana praoe badjag kemlébat, bandjoer dibledig; mèh ora taoe loepoet, sabab praoe Negara sing ndjaga koewi rikat-rikat banget.

Saikiné jèn wong leloengan ngambah segara kepénak banget; mestiné kowé ja wis kroengoe kabaré saka lajang watjan ing sekolahan. Toenggangané kapal api, mèh ora ana sambé-kalané, oembalané moerah. Déné panggonané toeroe oetawa ngaso, lan pangané, jèn ditimbang karo praoe-praoe djaman bijèn, doedoe-doedoe katjèké."

Arsana takon: ,,La tanah Djawi ngriki, samenika kok saged dados saé, menika kados poendi wiwit-wiwitanipoen?"

Prijaji mangsoeli: ,,Mengkéné: Barang-barang dagangan bisané gampang penggawané menjang tanah-tanah sing adoh saka segara, koedoe ana dalané sing betjik. Dadi preloe digawèkaké ratan. Jèn penggawané gampang, regané bisa moerah. Moelané dèk satoes taoen sepréné dijasa ratan dawa banget, saka Tjaringin ndjoedjoer tanah Djawa nganti tekan Banjoewangi. Ana simpangané pirang-pirang, dianggo lakoené kréta pos. Saben let 4 oetawa 5 pal ana posé; ana djarané 4 oetawa 6 oetawa 8 dianggo noenḍa djaran sing nglakokaké kréta pos; krétané pos ija sok ana. Kréta pos koewi, sing noenggangi prijaji-prijaji Negara oetawa bangsa patikelir. Déné jèn ngliwati goenoeng, tekan ing oenggah-oenggahan sing ndeder, ija disedijani kebo, kanggo nggèrèd kréta [ 66 ]koewi. Jèn noenggang kréta pos, ndjoedjoer tanah Djawa, bisa tekan sadjroné 6 oetawa 7 dina. Mangka sadoeroengé ana prenatan mengkono, nganti lakon 10 dina.

Kedjaba ratan koewi, ana manèh kreteg-kreteg pirang-pirang sing digawé. Dadi lakoené wong oetawa

toenggangan, senadjan kaliné bandjir, ija bisa bandjoer baé.

Djaman saiki saben koeṭa akèh toenggangan. Saḍéngah wong bisa noenggang; ḍoewit setali waé wis kena dianggo moebeng-moebeng. Jèn ing Djakarta, ḍokar koewi djenengé sado; kréta séwan: ébro. Jèn Sala oetawa Ngajodja, kréta séwan djenengé anḍong; jèn Soerabaja: kosong. Bijèn akoe wis taoe menjang Djakarta, menjang Soerabaja; wah, toenggangan pating sliri, pating sriwet, nganti bingoeng akoe.

Toenggangan-toenggangan sing mengkono koewi kabèh, jèn ditimbang karo ḍèk djaman bijèn, wis betjik banget; nanging sing betjik ḍéwé, jèn djaman saiki, ija moeng sepoer; bisa amot wong pirang-pirang [ 67 ]atoes, barang-barang pirang-pirang kojan. Nanging jèn prekara sepoer, ora akèh soemoeroepkoe. Mestiné kangmasmoe, Dèn Soembaga, akèh kawroehé; sabab wis sinaoe ana ing pamoelangan. Rak inggih, ta, Dèn?”


18. Wong leloengan ing djaman saiki.

Soeprapta bandjoer tjelaṭoe: „Ija mas, mestiné akèh weroehmoe. Prijé ta, sepoer koewi?”

Soembaga mangsoeli: „Akoe ija weroeh seṭiṭik-seṭiṭik, ora akèh; pengrasamoe akoe iki apa pinter banget mana? Mengkéné kanḍané goeroekoe:

Ing kapoeloan Inḍonésijah kéné, wiwité ana sepoer, sepréné lagi woloeng poeloeh taoen koerang loewih; saben-saben moenḍak; nganti sepréné isih moenḍak-moenḍak waé. Negara sing nḍelik-nḍelik, saiki wis akèh sing ana sepoeré oetawa trèmé. Wowohan wetoené padésan oetawa negara, ḍèk bijèn ora bisa pajoe, marga ora bisa mboewang, nganti paḍa bosok. Bareng wis ana sepoer, bandjoer dikirimaké menjang endi-endi, bisa laris, pajoe akèh. Mengkono oega iwak segara sing dikirimaké ésoek saka tanah pesisir, jèn diemot sepoer, soréné bisa tekan negara sing adoh saka pesisir. Jèn saka Semarang, soréné bisa tekan Ngajodja, Soerakarta, Magelang, ora boetoek. Jèn saka Soerabaja, menjang Madioen, Keḍiri, Ponorogo, Toeloeng-Agoeng.

Sepoer koewi, jèn ing tanah Djawa, sing ḍisik ḍéwé saka Semarang menjang Tanggoeng. Ora lawas dibandjoeraké tekan Sala, bandjoer tekan Ngajodja pisan. Let setaoen rong taoen bandjoer ana sepoer saka Djakarta [ 68 ]
menjang Bogor, Saikiné ngendi-endi wis ana sepoer. Saka Djakarta menjang Soerabaja, jèn noenggang sepoer bisa tekan sadina. La jèn noenggang ḍokar, nganti pirang-pirang dina. Olèhé masang ril dalan sepoer koewi ora gampang; ora kena kok bandjoer dipasang waé téplak-tèplek ana tengah sawah oetawa tengah alas. Jèn lemahé ènḍèk, dioeroeg ḍisik nganti mingklik-mingklik. Jèn ḍoewoer digempoer. Sing nggarap wong pirang-pirang atoes, pirang-pirang èwoe, nganti sasèn-sasèn oetawa tetaoenan. Jèn nradjang goenoeng, goenoengé ditrowong; nrowong koewi rekasa banget. Iki mengko ija ngliwati trowongan. Jèn nrowong goenoeng, olèhé miwiti saka kiwa tengen. Iba ta angèlé olèhé ngira-ira, moerih trowongané bisa kentjeng, bisa gaṭoek, ṭoek, ora ménggak-ménggok. Penggawéné kreteg sing ana nḍoewoeré djoerang oetawa kali, ikoe ija doedoe penggawéan baèn-baèn. Jèn akoe kowé, ora bisa ndoega-ndoega keprijé rékané; bisané rampoeng babar pisan, kenané diambah sepoer, [ 69 ]

ija nganti lawas olèhé nggarap. Terkaḍang ana lemahe sing longsor; lemah oeroegan anjar mlorod menjang djoerang sing tjeroeng; bandjoer dioeroeg manèh kaja ḍèk wiwitan.”

Soeprapta takon: "Koewi kabèh akoe isih njanḍak pikirkoe; bareng djaré ana sepoer sing bisa mènèk, moenggah goenoeng, koewi akoe djoeḍeg. Gêk keprijé rékané?”

Soembaga mangsoeli: "O, koewi ora kok moenggah goenoeng ndeder ngono. Ija bener moenggah, nanging ora kaja tjetjak mènèk témbok kaé; dalané sepoer digawé ménggak-ménggok, moebang-moebeng. Oenggah-oenggahané ora sepiraa; moeng waé dalané moenḍak dawa. Éwa déné ija ana sing rada banget moenggahé. Jèn tjanṭèlané kréta sing mboeri ḍéwé peḍot oepamané, koewi mbaliké banter banget lakoené; bisa ndadèkaké tjilakané wong-wong sing noenggang. Moelané moerih adja nganti klakon mengkono, lokomotip disêlèh ana ing mboeri, dadi njoeroeng.” [ 70 ]Soeprapta takon manèh; sabab kepéngin weroeh sing temenan : "Ija, lokomotip disêlèh mboeri; la jèn lokomotip ḍéwé sing sepatoené toegel, keprijé; ha rak bisa mbalik; krétané kabèh katoet!”

Soembaga mangsoeli: "Sing mengkono koewi ija

wis dikoewajani. Trèêm sing saka Setjang menjang Bahrawa koewi ja ana sing moenggah rada banget; kono rilé teloe; sing tengah ana oenton-oentoné.

Lokomotip ija ana roḍané geḍé ana ing tengah, ija nganggo oenton-oenton, bisa plek karo oenton-oentoné ril sing ana tengah ikoe maoe. Koewi gawéné wis kaja sepatoe; malah ngoengkoeli. [ 71 ]

Dalan sepoer koewi, jèn tiba ing énggok-énggokan, pinggiré dipasangi tjagakan, ana palangé. Apa manèh ing halte oetawa setatsijoen ija ana tjagaké mengkono koewi. Jèn palangané, tibané ing tjagak maoe malang bener, masinisé bandjoer ngerti, jèn sepoeré ora kena mlakoe bandjoer; sepoeré ija koedoe dienḍegaké. Déné jèn soré, wis peteng, sing dianggo tenger: lentéra; belingé ana sing abang, ana sing idjo. Dadi masinis koewi, sasoewéné nglakokaké sepoer, roepa-roepa sing koedoe diawasaké; ora kena disambi ngénak-énak, Jèn sembrana, bisa gawé tjilakané wong pirang-pirang.

Sepoer karo trèm koewi rilé ngendi-endi paḍa waé [ 72 ]ambané. Dadi jèn ana kréta amot barang saka ngetrèm, arep dibandjoeraké metoe sepoer, ora soesah dielihi. Krétane momotan koewi waé diwetokaké ing dalan sepoer, ija plek waé. Moeng sepoer N.I. S. (Ngajodja-Sala-Semarang), dalané amba, gèsèh karo sepoer lija-lijané.

Isih ana manèh toenggangan sing loewih déning rikat, ngambah awang-awang, djenengé kapal oedara oetawa zeppelin. Toenggangané kaja praoe; sing noenggang manggon ana ing omah-omahan sadjroné balon. Lakoené bablas waé, ora predoeli apa-apa, sabab lakoené ana ing awang-awang; dadi alas, koeta-koeta, kali, telaga, koewi kabèh ana ngisoré, ora preloe masang kreteg oetawa ngoeroeg dalan kaja sepoer iki. Wis lakoené rikat, nganggo bisa ngentjeng waé; dadi tekané ngenggon ija gelis banget.

Malah saikiné loewih akèh piranti ora aroepa balon, maboer kaja manoek, ananging swiwiné ora kekedjer, ora koemebet; ikoe diarani montor maboer. Rong dina waé saka Éropa menjang tanah Djawa kéné bisa tekan.”



19. Mbok Sijah pedjahipoen kedawahan oeleg-oeleg.

Mara sampéjan beḍèk tjangkriman koela ing nginggil poenika! Tijang Djawi tisna sanget ḍateng mbok Sijah.
.................................................................
Sapoenika ingkang baḍé koela rembag namoeng saprekawis; sarem.
Boten namoeng tijang Djawi pijambak ingkang tisna [ 73 ]ḍateng sarem. Djandji sipat menoengsa, mesṭi betah ḍateng sarem. Menawi olah-olahan boten nganggé sarem, mesṭi tjemplang, boten étja. Menawi tijang kontjatan sarem sawetawis dinten, awakipoen mesṭi kraos loengkrah.

Poenapa sampéjan soemerep, sarem poenika pinangkanipoen saking ing poendi? Mesṭènipoen sampéjan inggih sampoen mireng kabaripoen, menawi sarem poenika, ingkang dipoen damel, toja seganten. Toja seganten poenika wernènipoen kados limrahipoen toja kémawon; éwa semanten boten kénging dipoen ombé, sabab raosipoen asin sanget semoe pait toer leteng; awit toja seganten poenika pantjèn wonten saremipoen. Menawi toja seganten satoes timba dipoen goḍog; dipoen esataken, ladjeng wonten intipipoen ingkang awerni sarem wetawis kalih oetawi tigang timba. La sarem ingkang wonten ing seganten poenika pinangkanipoen saking poendi? Prekawis poenika ing béndjing sampéjan koela tjrijosi. Sapoenika koela baḍé nerangaken bab pendamelipoen sarem kémawon. Waoe sampéjan sampoen koela tjrijosi: toja seganten menawi dipoen goḍog ngantos asat, ladjeng ngintip; intipipoen poenika sarem. Nanging menawi damel sarem sarana dipoen latoni mekaten, méndah katah wragadipoen. Saremrak dados awis; menawi dipoen sadé mirah, ingkang damel sarem mesṭi toena. Dados enggènipoen nggaota boten saged angsal panggesangan.

Ing Madoera, sanḍing pinggiripoen seganten, dipoen damelaken bloembangan wijar-wijar, nanging tjeṭèk. Menawi seganten ngleresi rob, tojanipoen mili ḍateng bloembangan, noenten margènipoen dipoen toetoep; dados menawi seganten sob, tojanipoen boten toemoet [ 74 ]

wangsoel, kantoen wonten ing bloembangan ngrikoe. Sarèhné kebentèran saben dinten, mila ladjeng ngoekoes; dangoe-dangoe asat. Saremipoen kantoen wonten ing ḍasaring bloembangan, dipoen pendeti tijang-tijang ing ngrikoe, dipoen sadé ḍateng Negari.

Poenapa preloenipoen. déné bloembangan poenika dipoen damel tjeṭèk mekaten? Preloenipoen soepados loemahipoen toja djembar, sabab ingkang ngoekoes poenika namoeng ing inggil kémawon. Dados sangsaja wijar loemahipoen, pangoekoesipoen sangsaja rikat.

Toja sami katahipoen, dipoen sèlèh wonten ing gelas, kalijan wonten ing piring, mesṭi énggal asat ingkang wonten ing piring. Prekawis poenika mesṭênipoen sampéjan inggih sampoen sami nitèni. Mekaten oegi sindjang ingkang mentas dipoen koembah, moerih [ 75 ]

énggalipoen garing, inggih dipoen djèrèng wonten ing gèntèr, boten dipoen oembroek-oembroekaken kémawon.

Sarem anggènipoen noesoeki saking ing bloembangan waoe, dipoen ekoem malih wonten ing toja, karebèn adjoer; ladjeng dipoen resiki ngantos peṭak, wernènipoen woekon-woekon, ladjeng dipoen kintoenaken dateng poendi-poendi, dipoen sadé. Wonten ingkang dipoen pipit, dipoen tjiṭaki kados banon; sabanon awratipoen sekati. Ing Inḍonésijah saremipoen sarem banon sadaja.

Menawi tijang pesisir kidoel ing Ngajogjakarta, roemijin pendamelipoen sarem mekaten: Menawi seganten pinoedjoe sob, tijang-tijang wira-wiri mendet toja seganten, dipoen rembati nganggé oepih, dipoen siramaken ing weḍèn. Weḍènipoen sadèrèngipoen dipoen sirami toja seganten, dipoen radin roemijin, wijaripoen

wetawis salatar. Enggènipoen njirami waoe ngantos. [ 76 ]

weradin; ladjeng dipoen sirami malih arambah-rambah. Weḍènipoen saged garing pijambak, awit saking bentèring soerja; boten nganggé dipoen latoni boten barang. Poenika weḍènipoen ladjeng keboentel ing Sarem sadaja; weḍi waoe ingkang inggil pijambak ladjeng dipoen klempakaken nganggé sorok, oenten dipoen waḍahi ing koekoesan. Déné koekoesanipoen dipoen djagragi kadjeng awon-awonan kémawon. Sanganḍapipoen koekoesan wonten djembanganipoen koṭong. Menawi koekoesan waoe sampoen kebak weḍi, ladjeng dipoen soki toja seganten. Sarem ingkang mblebed weḍi waoe ladjeng adjoer, katoet ing toja, rembes ḍoemawah ing djembangan. Enggènipoen ngesoki toja poenika rambah-rambah, ngantos saremipoen katoet sadaja, klebet ing djembangan. Toja ingkang nglempak wonten ing djembangan poenika dados kaṭah sanget saremipoen. Noenten dipoen bekta mantoek, dipoen goḍog wonten ing kwali ageng-ageng. Pawon setoenggal terkaḍang dipoen trapi kwali tiga oetawi sekawan. Panggoḍogipoen waoe ngantos asat; saremipoen kantoen wonten ing kwali, wernènipoen peṭak memplak kados genḍis pasir, namanipoen sarem tamper, Sarem ingkang mekaten poenika, menawi ing Ngajodja, roemijin inggih dipoen sadé ḍateng peken. Sapoenika tijang ing ngrikoe sampoen boten damel sarem malih.

 Ing tanah Malaka rékanipoen tijang damel sarem sanès malih, Tijang-tijang ing ngrikoe, ingkang damel sarem, sami menḍeti kadjeng ingkang wonten ing seganten. Kadjeng waoe menawi sampoen garing, ladjeng dipoen besmi; awoenipoen ladjeng dipoen groedjoeg toja nganggé dipoen saring; dados sarêmipoen ingkang wonten ing ngrikoe adjoer, katoet toja. [ 77 ]Tojanipoen ladjeng dipoen goḍog ngantos asat, namoeng kantoen saremipoen kémawon.

Ing tanah Éropah sarem poenika ingkang dipoen damel inggih toja seganten. Wonten oegi sarem ing ngrika ingkang pamenḍetipoen saking ing salabeting siti, sarana dipoen ḍoeḍoek lebet sanget. Pedamelan poenika namanipoen melik.

Sarem poenika paédahipoen boten namoeng dipoen anggé mboemboni olah-olahan kémawon, inggih wonten paédahipoen sanêsipoen malih; kadosta kanggé njaremi oelam, karebèn kénging dipoen rimati lami.



20. Wangoené tjoemboe, djeboel kesit temen.

Ing sawidjining dina si Soekanta noenggoni ambengan. Bapakné arep bantjakan. Sing ngepoeng moeng wong sing toenggal saomah baé. Saben-saben panganané diroeboeng laler; digoesah tansah bola-bali baé. Atiné nganti pegel; tjelatoené: "Doebilah, laler iki! Wong digoesah kok pidjer bola-bali waé!” Bareng wis paḍa pepak, bapa bijoengé lan sedoeloer-sedoeloeré koepeng. Si Soekanta tjelaṭoe manèh: "Akoe gregeten temen menjang laler koewi. Takgoesah ping pirang-pirang, kok bola-bali waé. Ketjanḍaka rak takremed-remed temenan. Karo matané kok awas temen, angger arep didekep, proeng! Seḍéla engkas bali manèh; arep ditampaêl, proeng! Ora dioendang ora barang kok bola-bali waé, Hara! Pengrasané rak kaja diolah-olahaké mana.”

Bijoengé njamboengi: "Wong laler waé kok ko[ 78 ]predoeli; togna waé rak oewis. Karo manèh kalong sepira, ta!”

Soekanta mangsoeli: ,,Oraa kalong kaé, akoe kok gregeten, olèhé mbesoer koewi, lo! Olèhé ngétjé-étjé oewong kok kegila-gila!”

Bapakné njamboengi: ,,Ah, pantjèn ija. Saploké tangga ngingoe djaran koewi lo, laler pantjèn pjoeng-pjoengan tekané!”

Soekanta ora ngerti marang goenemé bapakné, bandjoer takon: ,,Kados poendi, pak; kapal toemoet-toemoet poenapa?”

Bapakné mangsoeli: "Mengkéné: Laler ikoe jèn ngenḍog milih enggon sing reged-reged; mangka geḍogan djaran ikoe wis mesṭi akèh tléṭongé. Dadi laler ija seneng banget ngenḍog ana ing kono. Jèn ngenḍog setaoen ping pat, ping lima; sepisan-pisané atoesan. Jèn netes, dadi sèt; kesenengané manggon ana ing tléṭongan. Emboeh, wis mengkono karsané kang nitahaké djagad. Ana sing ora betah tjeḍakan karo tléṭong, djeboel ana sing seneng manggon ana sadjroning tléṭong. Jên oewong dikon manggon ana ing sadjroning tléṭong mengkono, adja sing dinanan, sasèn-sasèn, la mbok sadjam rong djam waé ja wis bloekékan.

Mesṭiné kowé wis paḍa weroeh esèt. Ora ana sikilé, ora doewé elar kaja laler. Moeng oegat-oeget waé; bisa-bisané moeng metjoeṭat, rada adoh. Roepané nggegilani. Jèn lagi netes, geḍéné moeng sakmenir, Jèn wis sawetara dina, bandjoer moenḍak geḍé lan moenḍak dawa, wetara sakakangé beras; Sing dipangan apa? Ija tléṭong sing dienggoni ikoe. Dadi olèhé ora doewé sikil oetawa elar ikoe ora ndadèkaké [ 79 ]
79

soesahé. Kiwa-tengen, ngisor-ndoewoer, wis pepanganan tok waé; ora soesah kloejoeran mrana-mrana."

Soekanta njelani: ,,Tobat, la jèn ngaten rak djember sanget, laler menika. Alit manggèn wonten ing tlétong, ageng péntjokanipoen tlétong; ladjeng pinḍah-pinḍah ḍateng teteḍan warni-warni! Sekedik-sekedik soe- koenipoen poenika rak inggih goepak tlétong! Dados sampoen lajak kemawon anggèn koela gregeten poenika."

Bapakné mangsoeli: ,,Pantjèn ija djember; nanging tak toetoegné disik olèhkoe kanḍa. Roepané esèt ikoe, bongkot poetjoeké lantjip, ora ana sikilé, ora ana laré, ora ana apa-apané; moeng ana tjangkemé waé tjilik banget. Jèn wis sawetara lawasé olèhé oerip ngénak-énak mengkono ikoe, bandjoer ngentoeng. Jèn moenggoeha oewong, tapa; koewi meneng waé, ora obah, ora osik, wis kaja mati, nganti sawetara dina. Noeli mloengsoengi, ninggal panggonané lawas, ngrasoek badan laler, ana sikilé lan ana elaré. Bandjoer bisa [ 80 ]ngajoeh ing gagana kaja Radèn Gaṭoetkatja. Karo manèh doewé tlalé kanggo nesep pangané. Dojanané, sing legi-legi oetawa sing batjin-batjin.”

Soekanta njelani: "Ah, koela kok gigoe!”

Bapakné mangsoeli: "Ija pantjèn nggigoni; nanging wong angèl banget, olèhé ngedohaké keprijé, ta? Karo manèh jèn wis woedjoed laler ikoe roepané ora nggigoni; sikilé nenem kaja semoet lan rajap. Sikilé ikoe ing saboboté ija koewat toer kengkeng. Wangoené Jèn dianggo mlakoe ora bakal lémpoh. Soewiwiné oetawa elaré loro, kelar ndjoendjoeng lan nggawa awaké ing sakarepé. Mara tamatna, ta; koewi lo ana laler, sikilé koewi ana woeloené lemboet-lemboet lan ana ros-rosané. Poetjoeké rada ndjebèr seṭiṭik; ikoe kena dienggo méntjok ing saenggon-enggon. Ana ing pengilon oetawa ing katja ija bisa méntjok lan bisa mlakoe gampang waé, ora koewatir keplèsèd. Jèn mlakoe djlalat-djlalat, sadjak ngéwak-éwakaké, kaja Radèn Tjitraksi. Sikilé sing katon koewi, sing sidji sikil ngarep, sidjiné sikil tengah, sidjiné sikil mboeri. Ing kanané ija ana sikilé mengkono; dadi sikilé teloeng pasang.”

Maoe-maoené si Soekanta ora taoe mikir marang. awaking laler. Bareng dikanḍani bapakné mengkono ikoe, dawa-dawa pamikiré. Wasana bandjoer gawok banget marang pangoewasané Pangéran kang nitahaké. Samoebarang titahé, jèn dipikir temenan, mesṭi agawé éram. Soekanta lagi ḍeleg-ḍeleg mikir-mikir, kewoewoehan bapakné njaritakaké matané laler; geḍéné ora madjad karo awaké; moelané awasé ngébat-ébati. Soekanta sangsaja goemoen, lan sangsaja moenḍak pangertiné. [ 81 ]Bapakné mbandjoeraké kanḍa: „Kowé wis weroeh jèn laler ikoe roepa-roepa, ora moeng saroepa waé. Ana sing geḍé, roepané idjo gilap, djenengé laler idjo oetawa laler wilis. Koewi jèn ngenḍog senengané ana ing daging oetawa ing pekiwan, ora ana ing tléṭongan. Panggonané ikoe ija dadi panganing anaké jèn wis netes. Ana manèh laler sing pangenḍogé ana ing koelité kéwan sing isih oerip, kajata ing koeliting djaran, kebo, weḍoes sapenoenggalané. Jèn wis netes, anaké bandjoer ngoereki koelit, olèhé ngenṭoeng ija ana ing kono. Kéwan sing dienggoni ikoe, wis mesti waé gregeten lan ora seneng; nanging si laler ora predoeli.”

Botjah-botjah maoe paḍa ndongong olèhé ngroengokaké. Embokné Soekanta bandjoer tjelaṭoe: „Wis, lé, panganané paḍa panganen, entèkna. Mengko laleré selak teka manèh pirang-pirang.” Botjah-botjah énggal toemandang mangani panganan lan ngombé setroep kanṭi boengah-boengah. Bapa bijoengé mèloe boengah. Bandjoer boebaran.




21. Madjeng.
I.

Roemijin ing ḍoesoen-ḍoesoen oetawi ing pekampoengan, menawi wonten tijang baḍé mbeḍol grija oetawi ngedegaken grija alit-alitan kémawon, tijang waoe ladjeng njambat ḍateng tangga tepalihipoen.

Tijang sambatan waoe boten nganggé dipoen épahi, namoeng dipoen ingahi kémawon sapantesipoen. Ingkang mekaten poenika adamel majaring tijang ingkang gaḍah perloe. Sarèhning lampah mekaten poenika [ 82 ]gentosan, inggih boten wonten ingkang ngresoela, malah enggènipoen njamboet damel ketingal sengkoed. Menawi ngleresi ngoendjoekaken empjak, swaranipoen tijang pating brengok. Kadjengipoen sami ngélikaken oetawi nandjangi kantja-kantjanipoen ingkang sami sesarengan njamboet damel poenika. Sarèhning enggènipoen njoewara poenika sesarengan, dados inggih presasat tanpa damel, sabab satoenggil-toenggiling tijang namoeng kepireng swaranipoen pijambak kémawon. Ananging sarèhning sampoen koelina mekaten, kok inggih toemindak. Sedinten kémawon grija sampoen saged ngadeg, pajon sampoen broekoet. Terkaḍang geḍègipoen inggih sampoen kaṭah ingkang dipoen etrapaken. Sagedipoen rikat poenika margi pedamelanipoen dipoen bagé-bagé. Wonten ingkang dipoen patah damel toetoes, wonten ingkang dipoen patah atrap pajon. Wonten ingkang dipoen patah atrap geḍèg lan sapenoenggilanipoen. Ingkang mekaten poenika inggih kados tjara-tjaraning tijang gegrija: wonten ingkang bebahanipoen pados teḍa, wonten ingkang dipoen patah olah-olah, wonten ingkang dipoen patah resik-resik. Tijang djaler pados teḍa, tijang èstri ngopèni kajanipoen tijang djaler lan ngratengi teteḍan. Anak èstri ngréntjangi bijoeng, anak djaler ngréntjangi bapa. Menawi anak taksih alit, sraboedan: djaler èstri boten adjeg pedamelanipoen. Asring ngréntjangi bapa asring ngréntjangi bijoeng, namoeng mitoeroet sakoewawinipoen kémawon, kados ta: pados kadjeng bong, ngintoen ḍateng sabin, ngangsoe, njapoe, asah-asah piring lan sapenoenggilanipoen.

Waoe sampoen koela tjarijosaken, menawi tjaranipoen ing ḍoesoen oetawi pekampoengan poenika kados [ 83 ]
83

tjaranipoen tijang gegrija. Menawi wonten tijang salah satoenggil ingkang manggih kasoesahan, tijang sanès-sanèsipoen inggih toemoet soesah. Menawi ingkang satoenggal manggih pakèwèd, sanès-sanèsipoen mitoeloengi. Menawi ingkang setoenggil gaḍah damel, ingkang sanès-sanêsipoen tetoeloeng oetawi njoembang wragading gadah damel waoe. Dados adamel èntèng ḍateng tijang ingkang ga ḍah damel. Menawi ing doesoen ba ḍé dipoen damelaken mergi, ladjeng goegoer goenoeng. Sadaja sami toemandang. Mekaten oegi menawi ba ḍé damel wangan, dipoen anggé mergi toja ḍateng sabin. Menawi damel kreteg inggih mekaten. Déné ingkang djagi oetawi nganglang ing wantji daloe inggih dipoen damel giliran; mekaten waoe sadaja moerih majaripoen. Dados tijang poenika tansah toeloeng-tinoeloeng. Pantjèn mekaten lampahipoen ing donja ponika. Kadosta menawi tijang baḍé njerat. Ingkang ndamelaken pèn pijambak; ingkang ndamelakeņ mangsi pijambak; ingkang ndamelaken dlantjang pijambak; ingkang ndamelaken médja, koersi oetawi gelaran papaning njerat, pijambak.

Pedamelan ingkang kawraten oetawi kangélan toemrap ḍateng tijang setoenggil, menawi dipoen garap ing tijang kaṭah, saged majar.

Tijang tani anggènipoen ngoepakara ḍateng tetanemanipoen inggih nganggé pitoeloenganipoen tangga tepalihipoen. Kadosta menawi ngleresi tanem oetawi ngenèni sabinipoen, inggih nganggé njambat tijang sanès. Terkaḍang enggènipoen mloekoe inggih dipoen sambataken, menawi sabinipoen wijar. Njamboet maésa lemboenipoen kantja-kantjanipoen. Mekaten poenika gentosan. Menawi kekirangan pantoen kanggé winih, [ 84 ]inggih ladjeng njamboet ḍateng tijang ingkang soegih pantoen; mbéndjing menawi sabinipoen sampoen panén, dipoen wangsoelaken.

Tjara ingkang mekaten poenika sapoenika ingih taksih toemindak. Nanging sangsaja lami sangsaja soeda, sabab sapoenika tijang-tijang wiwit kraos betah jatra. Kala roemijin kasoegihanipoen tijang tani awoedjoed wos pantoen, oetawi radja-kaja; boten werni jatra. Jatra boten patos dipoen prelokaken, sabab boten patos kelampah. Wos pantoenipoen poenika sampoen tjekap kanggé njangga kabetahanipoen sadaja, sabab kabetahanipoen boten kaṭah. Pamedaling pasitènipoen boten preloe dipoen sadé mrika-mrika, sabab ngrika-ngrika kawontenanipoen sami kémawon. Kalijan malih boten dipoen sadé ḍateng tanah sabrang, sabab pambektanipoen rekaos sanget. Mergi-mergi dèrèng saé kados sapoenika; sepoer inggih dèrèng wonten. Déné penganggénipoen tijang-tijang kala roemijin namoeng seratan oetawi tenoenan ing tanah Djawi kémawon, dèrèng kepéngin menganggé barang-barang ingkang damelan sabrang. Sapoenikanipoen kados poendi? Sapoenikanipoen klonṭong oetawi odjagan pating sloendoep ḍateng ḍoesoen-ḍoesoen. Malah ḍoesoen-ḍoesoen ingkang wonten ing poetjoeking redi inggih dipoen ḍatengi. Barang dagangan saking sabrang ḍatengipoen kados dipoen sokaken, dipoen emot ing baita lan sepoer lan trèm. Barang-barang ingkang élok-élok sami dipoen ideraken ḍateng ḍoesoen-ḍoesoen, adamel kepénginipoen tijang ḍoesoen. Enggènipoen oembas barang-barang waoe sampoen mesṭi kémawon inggih nganggé jatra; oeroep-oeroepan sampoen boten toemindak. Kalijan malih tijang-tijang [ 85 ]sami mrelokaken toembas rerengganing grija, kadosta: pangilon, gambar-gambar lan sapenoenggilanipoen. Gelang kaloeng dedamelan saking tanah sabrang inggih adamel kepéngining tijang-tijang ḍoesoen, sabab wernènipoen apik-apik, toer regènipoen mirah. Kedjawi poenika tijang tani inggih wiwit kepéngin gaḍah médja koersi kados tijang ing negari. Poenika ingkang moeroegaken sami kepéngin tampi jatra. Sagedipoen tampi jatra inggih kedah njadé pamedaling pasitènipoen sawetawis. Kalijan malih inggih moeroegaken soedaning sambat-sinambat ingkang tanpa épah. Dados menawi betah baoe, inggih ladjeng mberahaken.

Tijang tani menawi sadé pamedaling pasitènipoen asring boten doegi-doegi, keremenen tampi jatra. Jatranipoen ladjeng asring dipoen anggé oebral-oebralan: dipoen toembasaken poenapa-poenapa ingkang boten patos preloe. Poenika ingkang mbibrahaken betah. Let sawoelan kalih woelan sampoen ngemoet dridji, boten saged toembas sanḍangan, boten saged mbajari sekolahipoen anakipoen. Ladjeng bentajangan pados jatra. Menawi wantjinipoen njebar, boten gaḍah widji, loemboengipoen sampoen koṭong blong. Ladjeng njamboet-njamboet, dipoen anggé toembas widji oetawi dipoen anggé mberahi tijang ingkang nggarap sabinipoen. Menawi enggènipoen pados jatra namoeng angsal sakeḍik, boten sedeng dipoen anggé ngragadi sabinipoen. Sabinipoen dipoen garap namoeng saketjanḍakipoen kémawon; dados pamedalipoen soeda.

Milanipoen menawi njadé wos pantoen sampoen dipoen telas-telasaken; kedah ngèngèh satjekapipoen dipoen teḍa lan dipoen sanḍang ngantos doemoegi panèn malih. Tijang nganggé jatra samboetan poenika, [ 86 ]menawi ngantoekaken kedah nganggé nganaki; mangka anakanipoen asring awrat. Terkaḍang tijang njamboet ptoen sedatjin kémawon, menawi njaoer kedah kalih datjin. Poenapa malih menawi ngidjemaken sabin; tampi jatra samboetan sekeḍik kémawon, sabinipoen asring laroed sadaja. Wonten malih ingkang kesangeten. Sabinipoen dipoen séwakaken oetawi dipoen gadosaken sadaja, boten saged nggarap sakeḍik-keḍika; adjeng kedjenḍelen.

Rékanipoen tijang baḍé angsal jatra, werni-werni, wońten ingkang nggadosaken wit Klapa. Wit klapa setoenggal dipoen gadosaken kalih tengah roepijah oetawi kalih roepijah. Poenika ngantos pinten-pinten taoen, ingkang gadah boten saged ngoenḍoeh-ngoenḍoeh,menawi dèrèng mangsoelaken jatra ingkang sampoen dipoen anggé. Pantjèn tijang njamboet poenika asring adamel karisakanipoen awakipoen pijambak oetawi anak bodjonipoen. Milanipoen sampoen asring goelang-goelang njamboet. Sinten ingkang djadjal-djadjal njamboet, lami-lami dados koelina. Sinten ingkang remen njamboet, wekasanipoen mesți dados țéțékan.

Menawi sampéjan kepeksa njamboet, sampéjan manah roemijin kados poendi rêkanipoen anggèn. sampéjan baḍé njaoer; poenapa ingkang sampéjan djagèkaken. Sampoen ndjagèkaken tiganipoen poen blorok.



22. Madjeng.
II.
Ing ngadjeng sampoen koela tjriosaken, menawi tijang betah jatra, adatipoen inggih saged angsal sam[ 87 ]
87

boetan. Nanging jatra samboetan poenika wonten anakanipoen; mangka anakanipoen asring boten mekakat kaṭahipoen. Sarèhning kepèpèd, inggih dipoen tempah, boten étang pawingkingipoen baḍé kerisakan. Preloenipoen namoeng njekap betahipoen ing sanalika poenika, kadosta dipoen anggé ngragadi sabinipoen.

Tijang ingkang njamboeti waoe wonten ingkang tegelan, wonten ingkang boten. Ingkan tegelan poenika, sampoen boten sanak tijang, sanakipoen namoeng jatra kémawon. Senadjan ingkang njamboet enggènipoen njaoer oetawi nganaki ngantos megap-megap, inggih boten dipoen predoeli, djandji tampi jatra kémawon. Tijang ingkang tegelan mekaten poenika inggih pantjèn adamel tiwasipoen sesami-saminipoen tijang; nanging tijang ingkang [ 88 ]njamboet, saleresipoen inggih awasta kainan. Tijang sampoen soemerep jèn boten gaḍah jatra, kok asring goemaib toembas poenapa-poenapa ingkang pantjènipoen kénging dipoen enḍakaken. Tijang ingkang mekaten poenika inggih boten patoet dipoen pasrahi poenapa-poenapa. Déné tijang ingkang njamboeti poenika, sarèhné koewatos menawi kapitoenan, dados enggènipoen neḍa anakan inggih dipoen kațahi kémawon.

Ingkang poenika milanipoen sampoen asring njamboet, menawi kinten-kinten baḍé boten saged njaoer. Tetoembas poenapa-poenapa saé kentjèng kémawon. Menawi boten gadah jatra, inggih sampoen tetoembas. Tijang poenika boten kénging: menawi ndjagèkaken panènan, mangké pantoenipoen gèk gaboeg! Tijang-tijang tani inggih sampoen sami soemerep, menawi tijang njamboet pantoen dipoen anggé bibit, panjaoeripoen asring tikel tinimbang kalijan menawi kentjèng. Éwa semanten kok taksih pinten-pinten ingkang boten ngatos-atos.

Mesțènipoen wonten ingkang batosipoen mekaten: ,,Menging njamboet poenika gampil kémawon, angger tijang inggih saged.” Boten mekaten; inggih pantjèn angèl tijang njandet manahipoen, enggènipoen baḍé njamboet; nanging jèn dipoen oedi, inggih saged. Rékanipoen mekaten: menawi ngleresi gaḍah jatra, mangka kepéngin toembas barang ingkang boten patos preloe, poenika dipoen tjanḍeta. Poenapa malih menawi baḍé dipoen anggé ropjan-ropjan, sampoen pisan-pisan dipoen toeroeti. Sabab menawi embèn wingking kekirangan jatra, soesahipoen dipoen sangga pijambak. Kalijan malih menawi ngleresi panénan poenapa-poenapa, sampoen énggal-énggal dipoen sadé sadaja, [ 89 ]sabab regènipoen taksih mirah; sampéjan ngentosi menawi regènipoen sampoen minḍak. Menawi gadah kadjeng poenapa-poenapa, inggih dipoen tjanḍeta roemijin.

Menawi lebar panèn djengglèng, pantoen ladjeng bjoek-bjoekan dipoen oejangaken, regènipoen mesți mirah sanget. Sangsaja kațah ingkang ngoejangaken, regênipoen sangsaja mlorod.

Menawi sadangoenipoen dèrèng panèn, betah jatra sawetawis, inggih saé pados samboetan ingkang anakanipoen mirah-mirahan kémawon. Déné penjaoeripoen sampoen ngantos lebar panèn plek; sageda let kalih woelan oêétawi tigang woelan kalijan panèn.

Anggènipoen pados samboetan ingkang mirah anakanipoen ḍateng poendi? Ḍateng bang negari oetawi bang ḍoesoen. Menawi ing ḍoesoen boten wonten bang, ḍateng loemboeng ḍoesoen inggih saged. Ing djaman sapoenika Pamaréntah sampoen ngedegaken bang pinten-pinten, preloenipoen kanggé mitoeloengi tijang alit ingkang sami betah jatra; anakanipoen mirah. Déné bang waoe, sagedipoen angsal pawitan jatra ingkang dipoen lampahaken poenika, saking tijang-tijang ingkang sami njèlèngi jatra ngrikoe; ingkang njèlèngi poenika inggih angsal anakan sekeḍik.

Ingkang nglampahaken bang poenika kedah dipoen bajar. Bang waoe kedah gaḍah tjéléngan pijambak kanggé djagi-djagi menawi manggih bilai oetawi dipoen kemplang ing tijang ingkang sami njamboet. Milanipoen enggènipoen neḍa anakan, kațahipoen ngoengkoeli enggènipoen njoekani anakan ḍateng ingkang njèlèngi. Kalijan malih tijang kedah toembas dlantjang, mangsi lan pirantos sanès-sanèsipoen, kanggé kabetahanipoen nglampahaken bang waoe. [ 90 ]Dados genahipoen preloenipoen bang poenika mekaten:

   1. Kadosta menawi preloe dipoen teḍa ing mangsa awis teḍa. Oetawi kanggé ngragadi penggarapipoen sabin, lan sapenoenggilanipoen.
   2. Bang ing ḍoesoen kanggé ndjagèni bakoel alit-alit, soepados sampoen njamboet ḍateng tijang ingkang damelipoen nglampahaken jatra. Sabab tijang waoe jèn neḍa anakan, asring boten doegi-doegi; terkaḍang ngantos sedasa persèn sedinten.
   3. Bang ing negari, preloenipoen kanggé mitoeloengi tijang ingkang betah jatra ragi katah. Kadosta kanggé toembas radja-kaja, kanggé njéwa siti ingkang baḍé dipoen tanemi sata oetawi rosan. Oetawi kanggé ngragadi penggarapipoen pasitèn waoe. Dados tijang tani ladjeng asring pados-pados samboetan ateng tijang ingkang nganakaken jatra. Kalijan malih damelipoen kanggé ngrimati jatranipoen bang ing ḍoesoen ingkang toemando. Déné bang ing negari-negari ingkang tjelak pesisir, mitoeloengi tijang ingkang damelipoen pados oelam. Kanggé toembas baita oetawi pajang lan sapenoenggilanipoen.

Wonten malih bang ingkang mitoeloengi para krija, kadosta: panḍé, toekang kadjeng, toekang séla, kemasan, sajang lan sapenoenggilanipoen.

Dados adegipoen bang ing doesoen lan ing negari, preloenipoen kanggé mitoeloengi tijang-tijang, sampoen ngantos mbajar anakan kațah-kațah. Kalijan malih kanggé noentoeni dateng lampah gemi lan njèlèngi. Sabab menawi tijang boten poeroen njêlêngi, inggih boten saged madjeng-madjeng. [ 91 ]
23. Wit arèn.

Apa ta preloené, wong-wong kok sok nandoer wit arèn? Jèn roepané mono ora apik ora barang, malah sok gawé wedi. Jèn ana pomahan sing ana wité arèn, wangoené kok bandjoer wingit! Panggonan ing sakiwa tengené bandjoer katon peteng. Éwa déné wong tani ḍemen marang wit arèn, sabab akèh paédahé. Pametoené ana sing kena dipangan, ana sing kena digawé dandanan. Moelané senadjan ala tanpa roepa, ija meksa ditisnani. Tjoba ajo ditjandra!

Oewité geḍé ḍoewoer mbloedjoed tanpa epang; dadi ora kaja wit asem oetawa wit djeroek. Goḍongé moeng ana ing poetjoek baé; roepané kaja blarak, nanging geḍé-geḍé sarta kandel-kandel. Déné papahé dawané ora mekakat; ana sing nganti 6 m oetawa loewih. Moelané palemahan sing ana sakoebenging wit, bandjoer siroeng. Papah maoe ing bongkot nlakoep mênjang oewit. Jèn goḍongé wis garing, bongkoting papah meksa isih ngamplok baé, ora bandjoer roentoeh kaja blarak; moelané wité katon pating krengkab. Katik nganggo ana edoeké barang; dadi sangsaja woewoeh kasaré. Doeké ikoe roepané ireng, kaja ramboet gimbal; dadi wis ora ana betjiké. Nanging menoengsa bisa ngepèk gawéné, sabab doek ikoe koewat, toer awèt, ora gampang mopolé. Kena digawé tali oetawa ḍaḍoeng; koewaté ija banget. Jèn ana wong adeg omah, oetawa nenalèni barang geḍé tjilik, oetawa nggoḍi epring loro teloe dadi sidji, sing dianggo [ 92 ]ja milih ḍaḍoeng edoek. Senadjan rada kasar sawetara, nanging koewaté banget, toer moerah. Karo manèh edoek, jèn wis dadi ḍaḍoeng, ja kena dianam, digawé lèmèk oetawa kèsèd; ḍaḍoeng doek ija kena dianggo oeloer-oeloer timba. Doek ana sing diresiki, dipilihi sing kakoe-kakoe, digawé sikat. Ing tanah kana-kana doek ikoe ija dianggo pajon omah barang.

Déné goḍongé sing wis garing kena digawé oeroeb-eroeb ana ing pawon.

Arèn ikoe ija ana kembangé, nanging roepané ora betjik kaja kembang djowar oetawa kembang asem. Wong bangsaning wit krambil, kembangé ja kaja manggar oetawa majang; tjilik-tjilik nèmplèk ana ing gagang; gagangé dawa nglawèr; djenengé dangoe. Jèn ditamataké temenan, kembangé ikoe ana rong roepa; sing saroepa ora bakal dadi oewoh, panggonané ngloempoek dadi sagagang-sagagang. Koewi sing saben-saben diroeboeng ing tawon, digolèki madoené lan sariné. Déné kembangé sing saroepa manèh, bakal dadi oewoh; enggoné ija ngloempoek-ngloempoek dadi sagagang-sagagang. Oewohé atos banget, ana isiné 2 oetawa 3; djenengé kolang-kaling. Kolang-kaling ikoe, jèn wajahé demegan, dioendoehi, didjoepoeki Isiné, digawé tjénḍol tjao oetawa dikolak; rasané kenjil-kenjil énak.

Wit arèn ikoe, jèn kembangé ndadi, mratanḍani, jên panjeroté pangan saka sadjroning lemah akèh banget; bandjoer noemoesi marang kembang maoe. Kembangé bandjoer énggal dadi woh geḍé-geḍé. Ananging menoengsa ikoe akalé ana baé, Jèn ana arèn sing kembangé mengkono, tolèring dangoe bandjoer dipantjas. Doedoeh oetawa banjoe sing pantjèn arep [ 93 ]
93

dadi panganing woh, bandjoer tètès deres banget. Ikoe ditaḍahi ing boemboeng, tjalon diombé oetawa digawé tjokak. Moenggoeh pandjoepoeké banjoe kang mengkono ikoe arané ndèrès; déné banjoené aran legèn. Mestiné kowé wis akèh sing soemoeroep bab ikoe maoe.

Sarèhné wit arèn ikoe gedé pitoeloengé marang menoengsa, moelané menoengsa ja gedé panarimané marang wit arèn; diemi-emi lan dioepakara. Malah ana tanah-tanah, sing wongé pada ngira, Jèn wit arèn ikoe ana sing mbaoe reksa, Moelané jèn arep didèrès, nganggo ditemboeng marang sing mbaoe reksa, nganggo slametan lan didokoki sadjèn barang, moerih lelemboet sing mbaoe reksa adja nganti moenasika.

Moenggoeh boemboeng sing dianggo naḍahi legèn [ 94 ]
94

ikoe, milih sing geḍé lan sing dawa rosé; adaté sing dianggo: boemboeng pring petoeng oetawa pring ori sing geḍé. Boemboeng maoe arané loḍong.
Jèn legèn wis dioeḍoenaké saka ing dérêsan, ana sing bandjoer diedol mentahan baé, ana sing diedol goḍogan, ana sing digawé goela; jèn wis dadi goela, arané goela arèn. Déné sing diedol mentahan, kena digawé tjokak oetawa diombé mengkono baé, rasané legi. Jèn sing wis digoḍog, ora kena digawé tjokak; nanging jèn diedol, kena diwajokaké sawetara dina, sabab ora énggal mamboe. Jèn legèn diedol étjéran ana ing sapinggiring dalan, adaté diwaḍahi ing boemboeng tjilik-tjilik; pangedolé nganggo ditaker ing gelas oetawa tjiḍoek boemboeng kang aran tjanțing.
Moenggoeh enggoné masang loḍong ana ing dérésan ikoe ora lèrèn-lèrèn. Jèn pemasangé ésoek, pengoenḍoehé soré; disalini boemboeng sédjé. Ésoeké boemboeng sing disalinaké maoe dioenḍoeh, disalini boemboeng sédjéné; mengkono ikoe bandjoer baé. Moerih legèn adja énggal ketjoet, kang sabab kesoewèn ana ing dérésan, boemboeng sadoeroengé dipasang, diisèni laroe. Kedjaba ikoe saben dina tolêring dangoe maoe dipègès sețițik, karebèn adja mboenteti kang sabab rada garing. Dadi diarah bisaa tansah anjar pègèsané; iliné legèn bisa adjeg deresé. Lading sing dianggo ngiris oetawa magas maoe keleboe geḍé; olèhé njengkelit nganggo diwrangkani, dadi ora gampang natoni awak. Karo manèh bisané moenḍak bantjar marang ilining legèn, tolêr sing didêrês ikoe dițoețoeki nganggo ganḍèn tjilik, karebèn empoek; dadi dalaning banjoe bisa lega.

Sawidji-widjining dangoe pendèrèsé nganti sesasi [ 95 ]
95

rong sasi. Jèn legèné arep digawé goela, penggawéné sarana digoḍog. Jèn wis asat, saing kari moeng paṭiné oetawa tjandoené, aran goela arèn; rasané legi anglek, ora matoeki kaja goela taboe.

Terkaḍang legèn diombé digawé ombèn-ombèn aran towekan oetawa badèg; koewi ngandemi kaja déné djenèwer oetawa baḍèg; koewi ngandemi kaja déné djenèwer oetawa anggoer. Jèn wong Djawa, ora akèh sing karem ngombé baḍèg; pantjèn ja betjik mengkono, sabab wong mendem ikoe ora patoet banget, toer agawé roesaking awak.

Paédahé arén ora moeng ikoe baé. Kajoené atos banget, roepané ireng pating sloewat, betjik dianggo doran oetawa dandanan lijané. Ing djeroné kajoe ana atiné empoek, kena diepèk paṭiné, aran paṭi onggok; kena digawé djenang oetawa digawé tjénḍol ḍawet, rasané énak.

Kedjaba ikoe sadané kena digawé sapoe sarta régé; papah kena digawé gapiting soeri, piranti nenoen; goḍongé sing isih enom aran kawoeng, kena dianggo linting rokok. Kawoelé kena digawé empan-empané niṭikan; sroewané kena digawé kalam, piranti noelis Arab. Tjekaké wit arèn ikoe akéh banget paédahé. Apa ana sing isih kliwatan olèhkoe njeboetaké? [ Pratélaning isi ]

Katja.

1. Wong désa kang boesoek
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
3
2. Poelo ingkang koemambang
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
6
3. Oerip sadjroning banjoe
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
10
4. Wit djatos
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
13
5. Iwak wéndra
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
19
6. Ḍateng Ngajogjakarta, I
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
22
7. Ḍateng Ngajogjakarta, II
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
24
8. Pentjaring widji
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
27
9. Satroenipoen tijang tani
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
31
10. Koelit kajoe diolah dadi tablèt
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
35
11. Tjandi Prambanan, I
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
38
12. Tjandi Prambanan, II
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
41
13. Lara Djonggrang
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
48
14. Awon, nanging ageng paédahipoen
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
51
15. Amané wit krambil
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
56
16. Moela-boekanipoen wonten pantoen
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
59
17. Wong leloengan ing djaman bijèn
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
63
18. Wong leloengan ing djaman saiki
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
67
19. Mbok Sijah pedjahipoen keḍawahan oeleg-oeleg
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
72
20. Wangoené tjoemboe, djeboel kesit temen
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
77
21. Madjeng, I
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
81
22. Madjeng, II
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
86
23. Wit arèn
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
91