Jèn mata, pantjèn ora preloe doewé, sabab ora kanggo; panggonané peteng ana sadjroning lemah oetawa sadjroning kajoe-kajoe sing growong. Moeng tjangkemé sing nggegirisi. Jèn wis sawetara minggoe oemoeré, bandjoer dadi lemoe aginoek-ginoek; dawané wetara 7 cm; bandjoer gawé tjlowokan dienggoni, kanggo
ngenṭoeng. Jèn wis toetoeg mangsa kalané, bandjoer salin roepa dadi kwangwoeng. Dadi wiwitané enḍog, bandjoer dadi emboeg-emboegan; bandjoer ngenṭoeng; wekasané dadi kwangwoeng.
Emboeg-emboegan ikoe ora gawé pitoena marang menoengsa. Panganané moeng tléṭong baé oetawa bosokan kajoe; nanging kwangwoengé kerep gawé roesaking tandoeran krambil. Moelané sabisa-bisa, saketjanaké betjik dipatèni. Emboeg-emboegé ja betjik dipatèni pisan, sabab bisa dadi kwangwoeng sarta bandjoer bisa ngendog. Moeng émané, kwangwoeng ikoe jên awan ora gelem miber, dadi angèl olèhé njekel. Botjah-botjah sing baoed mènèk, mesṭiné ija bisa marani panggonané kwangwoeng ana ing poetjoeking