Kaca:Kembang Setaman.pdf/7

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

7

malih wananipoen kaṭah kekadjenganipoen ingkang kadjengipoen saé-saé. Tijangipoen kala samanten wetawis 1500; sapoenika sampoen sami pinḍah ḍateng tanah Djawi.

Ingrika wonten oegi lentéra laoet, sorotipoen ngantos pinten-pinten pal tebihipoen, dados antjer-antjeripoen baita ingkang sami lelajaran, sageda ngener plaboehan

Tjilatjap. Manawi wonten ing plaboehan ngrikoe, baita boten ketempoeh ing angin ageng. Sami-sami plaboehan pesisir kidoel, plaboehan Tjilatjap poenika saé pijambak.

Sanḍing lentéra laoet waoe wonten teloekipoen nama teloek Karang-Banḍoeng. Ingrikoe wonten poelonipoen tjoeri sawetawis, keṭoekoelan ing wit Widjaja-Koesoema. Sekaripoen dipoen aos-aos sanget; werninipoen peṭak. Sampoen wiwit kina-koemina, saben-saben Ingkang Sinoewoen ing Soerakarta oetoesan