Ing djaman koena Prambanan koewi ana kratoné, djenengé ija kraton Prambanan. Sing dadi ratoe: boeta; rosané ngleloewihi, djedjoeloek Praboe Baka; kagoengan poetra poetri, arané Lara Djonggrang. areng perang karo ratoe ing Pengging, Praboe Baka alah, mati ana ing peprangan, sabab ratoe ing Pengging iréwangi wong kang loewih déning rosa, arané Bandawasa, karo sedoeloeré lanang loro. Moelané Bandawasa isa menang, sabab diwènèhi gegaman marang bapakné. apakné koewi gentoer tapané, djenengé Damarmaja.
Gegamané maoe emboeh panah, emboeh beḍil, nanging mpoehé ngleloewihi; déné djenengé bandoeng; moelané bandawasa bandjoer karan Bandoeng Bandawasa.
Sang ratoe ing Pengging, saking boengahé bisa enang karo Praboe Baka, Bandoeng Bandawasa andjoer diparingi tanah ing Prambanan, didadèkaké
Adipati. Bandoeng bandjoer mangkat menjang Prambanan. Satekané ing kono, arep manggon ana ing keḍatoné Praboe Baka pekéwoeh, sabab Lara Djonggrang, poetrané Praboe Baka, banget éwa marang Bandoeng, déné ramané dipatèni; malah tetemon baé ora sotah. Mangka Bandoeng, bareng wero eh marang Lara Djonggrang, banget kepéntjoeté. Moelané bandjoer dilamar arep dipèk bodjo.
Lara Djonggrang nampik ora wani, koewatir mbok menawa digoena-gawé, amesṭi nemoni ora kepénak. Moelané bandjoer doewé pepanggil: Jèn Bandoeng bisa nggawèkaké tjanḍi sèwoe lan soemoer loro sing djero-djero, bisa dadi paḍa sawengi, ija gelem dirabèni.