Kaca:Kembang Setaman.pdf/70

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
70

Soeprapta takon manèh; sabab kepéngin weroeh sing temenan : "Ija, lokomotip disêlèh mboeri; la jèn lokomotip ḍéwé sing sepatoené toegel, keprijé; ha rak bisa mbalik; krétané kabèh katoet!”

Soembaga mangsoeli: "Sing mengkono koewi ija

wis dikoewajani. Trèêm sing saka Setjang menjang Bahrawa koewi ja ana sing moenggah rada banget; kono rilé teloe; sing tengah ana oenton-oentoné. Lokomotip ija ana roḍané geḍé ana ing tengah, ija nganggo oenton-oenton, bisa plek karo oenton-oentoné ril sing ana tengah ikoe maoe. Koewi gawéné wis kaja sepatoe; malah ngoengkoeli.