Kaca:Kembang Setaman.pdf/3

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
1. Wong désa kang boesoek.

Ana wong désa boesoek banget, doewé anak lanang aran si Begog. Wong maoe bandjoer karan anak Pak Begog.

Si Begog bareng wis oewong, dadi djoeroe toelis toko ana ing Soerabaja. Bajaré ja rada akèh; terkaḍang sok kekirim marang bapakné oetawa embokné. Aḍi-aḍiné ja sok dikirimi dolanan oetawa mertjon, jên mbeneri ngarepaké grebeg. Wong saomah paḍa boengah kabèh. Noedjoe sawidji dina loerahé Begog kanḍa jèn arep ramé-ramé. Begog rada bingoeng, sabab klambiné sing betjik isih kari ana ngomah. Sing digawa ora pati apik. Ija bener ireng, nanging gagrag lawas; koerang bregasé. Arep kirim lajang, dikon ngirimaké, wis keslepek; sabab olèhé arep ramé-ramé wis tjeḍak banget. Tekané ing Soerabaja mesti wis kasèp, wis lebar gawé. Bandjoer metoe akalé: kirim lajang kawat menjang bapakné: klambiné sing anjar didjaloek, dikon énggal ngirimaké; sing lawas arep dikirimaké moelih.

Pak Begog mbeneri loenggoeh ana ngèmpèr ngarep. Bareng ana oepas kantor pos teka noenggang sepéḍa, pak Begog kagèt. Oepas ngoeloengaké lajang kawat karo dloewang selembat, dikon nèken; dianggo tanḍa, jèn lajangé wis ditampani. Lajangé bandjoer diboekak, dioenèkaké. Ora ngerti, kok saka Soerabaja bisa tekan kono moeng seḍéla mengkono. Oepasé kanda: ,,Nikoe