Kaca:Kembang Setaman.pdf/52

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

52


  Mbok menawi sampéjan sampoen sami soemerep, jèn tosan poenika pamenḍetipoen saking salebeting siti, sarana dipoen ḍoeḍoek. Nanging menawi tijang nḍoeḍoek siti, pados tosan kados ingkang katingal saben dinten poenika, inggih boten angsal. Ingkang kepanggih wonten salebeting siti poenika malah boten mèmper tosan babar pisan.

Wonten negari-negari ingkang pasitènipoen wonten tosanipoen; panggénanipoen lebet sanget. Dados, menawi baḍé dipoen penḍet, nganggé dipoen ḍoeḍoeki roemijin, sarana dipoen boer, kados soemoeran. Ing nganḍap, menawi sampoen doemoegi panggénanipoen tosan, dipoen damelaken lanḍakan, dipoen anggé margènipoen tijang ingkang sami njamboet damel. Wonten ing lebet ngrikoe tijang-tijang waoe sami ngeroeki siti ingkang kaworan tosan; woedjoedipoen ingkang dipoen inggahaken poenika inggih kados siti oetawi séla, pating pringkil, pating prongkal kémawon. Menawi baḍé dipoen pendet tosanipoen, kedah dipoen loeloeh. Mbok menawi sampéjan dèrèng wonten ingkang sampoen soemerep djér-djéran tosan; ingkang sampéjan soemerepi saweg tosan abrit kémawon, ingkang dipoen besmi panḍé poenika. Pantjèn tosan poenika inggih boten gampil loeloehipoen. Menawi namoeng dipoen besmi areng sambi oetawi kadjeng sanèsipoen kémawon, dèrèng saged loeloeh, sabab kirang bentèr. Sagedipoen loeloeh menawi bentèripoen langkoeng déning sanget.

Ing tanah-tanah ingkang wonten pamedalipoen tosan, oetawi ing negari sanèsipoen, wonten pabrikipoen ingkang dipoen anggé ngloeloeh tosan poenika. Déné pawonipoen ingkang dipoen anggé ngloeloeh poenika, inggil sanget, wangoenipoen boender, témbokipoen