Kaca:Kembang Setaman.pdf/16

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

16

negor-negor kadjeng. Ingkang tengga wana poenika sapoenikanipoen inggih angsal bajar saking Negari, wonten houtvèster, sinder, mantri djatos, poelisi wana lan manḍor pinten-pinten. Wonten malih wana ingkang dipoen séwakaken Negari ḍateng presil. Panggesangan kalijan pamedal ingkang semanten waoe, menawi wananipoen telas, inggih toemoet laroed. Dados enggènipoen ngreksa ḍateng wana poenika, perloenipoen, sampoen ngantos tijang-tijang béndjing kapitoenan, margi srakahipoen tijang sapoenika. Ing tanah-tanah ingkang kaṭah wananipoen djatos, kadosta: Madioen, Rembang, Semarang, wonten prijantoenipoen, ingkang dipoen patah Pamaréntah ndjagi wana-wana waoe: pangagengipoen nama houtvèster. Houtvèster saanḍahanipoen poenika ingkang ndjagi wana; menawi wonten wit djatos ingkang dipoen tegori, ladjeng préntah njoelami pisan. Menawi wonten wit djatos ingkang dipoen tegor, toenggakipoen boten dipoen ḍongkèli, dipoen togaken kémawon. Lami-lami ladjeng medal troeboesanipoen pinten-pinten; poenika dipoen sempèli, namoeng dipoen kantoenaken satoenggal kémawon, énggal sanget mindakipoen ageng, djandji dipoen opèni; sampoen ngantos kagoebed-goebed ing reroengkoedan. Jèn kemaroe ing reroengkoedan, inggih gampil pedjahipoen, boten saged ageng. Menawi saged kopèn, oemoer 40 oetawi 50 taoen, inggih sampoen dados wit djatos ageng sanget, kénging dipoen tegor malih.

La jèn nanem wit djatos énggal, ingkang dipoentanem wohipoen, namanipoen djanggleng. Sadangoenipoen wit djatos dèrèng ageng, tijang-tijang kénging nanemi pedjatosan poenika waoe, boten nganggé maosi.