Kaca:Kembang Setaman.pdf/45

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

45

moenggah oenḍak-oenḍakan watoe manèh. Ing ḍoewoer ana retjané sapi. Goeroené tjelaṭoe: ,,Koewi retjané sapi kang aran Nandi; jèn ing wajang, djenengé Lemboe Andini, titihané Sang Hjang Siwah oetawa Beṭara Goeroe. Wong-wong ija isih akèh sing njadran mréné, ndjaloek slamet."

Ana ing kono ora soewé; noeli moeḍoen manèh menjang tjanḍiné Sang Hjang Wisnoe; ananging ing kono ora pati ana apa-apané sing kena dideleng, sabab wis akèh sing roesak, marga linḍoe oetawa perang ḍèk djaman koena.

Mantri goeroe tjelaṭoe: ,,Jèn ndeleng woedjoedé saiki, mesṭiné kowé ora ngira, jèn kéné iki ing bijèn ana kraton geḍé. Ananging para pinter bisa namtokaké,