Kaca:Kembang Setaman.pdf/43

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

43

lor sidji, kidoel sidji. Sing arep dideleng ḍisik koelon koewi; ajo ta, méloea.”

Botjah-botjah bandjoer paḍa moenggah, ana sing karo mlajoe baé, balapan karo kantjané. Sing dioenggahi Tjanḍi Brahma; ing ḍoewoer ngeḍag-eḍag baé, ana senṭongané watoe tjilik. Ing kono ana retjané Sang Brahma betjik banget; rainé papat. Enggoné gawé pepeṭaning makoeta lan sandangan, apa manèh sirah, ikoe kabèh mratandani, jén wong Djawa ing djaman bijén, paḍa pinter-pinter gegawéan. Bareng wis tanek oléhé paḍa namataké, bandjoer diadjak moeḍoen marang goeroené: „Wis, ajo moeḍoen, lé! endang ngalih menjang sédjéné kaé! Kaé loewih betjik, karo loewih preloe.”

Botjah-botjah bandjoer paḍa moeḍoen koemritig, noeli ngalih menjang sidjiné; moenggah oenḍak-oenḍakan watoe rada ḍoewoer, ngoengkoeli sing ḍisik. Karo manèh oenggah-oenggahané rada rekasa; nanging dedelengan ing ḍoewoer kono ija njata loewih betjik; ḍisiké tekan ing retjané Sang Hjang Siwah, djoemeneng Sang Mahadéwa. Makoeṭané soengsoen teloe, ana pepeṭaning remboelan tanggal sepisan lan tjoemploeng oewong. Ing satengahing baṭoek ana mripaté sidji; dadi mripaté kabèh teloe; poepoené kaja tinoetoepan ing weloelang matjan toetoel.