67
atoes, barang-barang pirang-pirang kojan. Nanging jèn prekara sepoer, ora akèh soemoeroepkoe. Mestiné kangmasmoe, Dèn Soembaga, akèh kawroehé; sabab wis sinaoe ana ing pamoelangan. Rak inggih, ta, Dèn?”
Soeprapta bandjoer tjelaṭoe: „Ija mas, mestiné akèh weroehmoe. Prijé ta, sepoer koewi?”
Soembaga mangsoeli: „Akoe ija weroeh seṭiṭik-seṭiṭik, ora akèh; pengrasamoe akoe iki apa pinter banget mana? Mengkéné kanḍané goeroekoe:
Ing kapoeloan Inḍonésijah kéné, wiwité ana sepoer, sepréné lagi woloeng poeloeh taoen koerang loewih; saben-saben moenḍak; nganti sepréné isih moenḍak-moenḍak waé. Negara sing nḍelik-nḍelik, saiki wis akèh sing ana sepoeré oetawa trèmé. Wowohan wetoené padésan oetawa negara, ḍèk bijèn ora bisa pajoe, marga ora bisa mboewang, nganti paḍa bosok. Bareng wis ana sepoer, bandjoer dikirimaké menjang endi-endi, bisa laris, pajoe akèh. Mengkono oega iwak segara sing dikirimaké ésoek saka tanah pesisir, jèn diemot sepoer, soréné bisa tekan negara sing adoh saka pesisir. Jèn saka Semarang, soréné bisa tekan Ngajodja, Soerakarta, Magelang, ora boetoek. Jèn saka Soerabaja, menjang Madioen, Keḍiri, Ponorogo, Toeloeng-Agoeng.
Sepoer koewi, jèn ing tanah Djawa, sing ḍisik ḍéwé saka Semarang menjang Tanggoeng. Ora lawas dibandjoeraké tekan Sala, bandjoer tekan Ngajodja pisan. Let setaoen rong taoen bandjoer ana sepoer saka Djakarta