Kaca:Kembang Setaman.pdf/30

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

30

banget. Dadi brinḍiling goḍongé ikoe, soepaja kaboering widji maoe adja nganti kalang-alangan. Dadi jèn mengkono ikoe, pentjaring widjiné saka penggawéné angin.

Kedjaba ranḍoe isih ana manèh tandoeran oetawa ṭeṭoekoelan lijané, kang widjiné pentjar déning angin, kajata kapas, loentas lan lija-lijané.

Ana oega tandoeran kang bisa ḍéwé mentjaraké widjiné, ora nganggo srana apa-apa, kajata patjar banjoe. Wohé jèn wis toewa, enggoné mleṭèk rosa banget, nganti widjiné keplesat adoh. Kang mengkono ikoe preloe banget, sabab jèn widjiné paḍa ṭoekoel ngenggon, mesṭi paḍa kekoerangan pangan, kekoerangan panas oetawa hawa. Kedadéané akèh kang paḍa mati; sing isih oerip, paḍa koeroe-koeroe.

Dadi Goesti Allah enggoné mentjaraké tandoeran, sranané warna-warna banget.