Kaca:Kembang Setaman.pdf/31

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

31

9. Satroenipoen tijang tani.

Taneman pantoen poenika kaṭah amanipoen, kadosta tikoes. Damelipoen asring ngrikiti oewiting pantoen, ladjeng neḍa pantoenipoen ingkang sampoen sepoeh. Walang-sangit damelipoen neḍani woh pantoen ingkang taksih enèm. Kedjawi poenika taksih wonten kéwan alit sanèsipoen, ingkang sanget enggènipoen damel risak, ananging patrapipoen sanès.

Kinten koela sampéjan inggih sampoen naté soemerep werninipoen. Lepatipoen wonten ing sabin inggih wonten ing satjelakipoen lampoe, djalaran kéwan waoe remen moeroegi pepaḍang. Kéwan poenika agengipoen boten sepintena. Jèn laripoen kiwa tengen dipoen egaraken, wijaripoen namoeng 3 cm. Déné pandjanging badanipoen saking ing sirahipoen wetawis 2 cm. Laripoen sekawan; ing tengah-tengahipoen lar ingkang ngadjeng wonten tjemeng-tjemengipoen sekeḍik. Namanipoen kéwan waoe pidjer.

Menawi nigan, tiganipoen ladjeng dipoen toetoepi nganggé toetoep abrit kados woeloe. Tigan ingkang mekaten poenika wonten ing geḍèg, wonten ing témbok oetawi ing médja. Langkoeng malih wonten ing wit pantoen.

Sajektosipoen pidjer poenika enggènipoen baḍe nigan inggih wonten ing ron pantoen, ananging asring kelèntoe. Menawi ing wantji sonten moeroegi lampoe, paniganipoen mesṭi ladjeng saḍawah-ḍawahipoen kémawon; kadosta wonten ing témbok. Menawi netes, anakipoen mesṭi énggal pedjah, sabab kekirangan teḍa.