Kaca:Kembang Setaman.pdf/13

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
13

toemoeli arep diresiki marang embokné, sabab arep diolah, digawé lawoeh mangan awan, Sisiké pada dikeroki, bandjoer dibètèti. Patrapé wis kaja wong mbelèh sapi kaé. Woedjoedé moela pantjèn nggigoni. Nanging kakangné ngandani, jèn satemené ora pisan-pisan nggigoni; temboengé: "Koewi rak barang loemrah. Akoe kowé ija pada doewé; ikoe ora lija moeng djeroan: wadoek, oesoes, ati lan getih setitik.” Kakangné tjelatoe manèh: "Delengen, iki endogé. Dadi iwak iki lagi arep ngendog. Delengen kèhé! Éwon! Saoepama isiha oerip, mesti bandjoer ngendog ana ing dasaring kali.” Soedji sosemamboeng: "Saoepama saben endog sidji dadi iwak sidji, kaliné mesti bandjoer kebak iwak.” Wangsoelané kakangné: "Bener kandamoe ikoe, jèn endogé pada slameta kabèh. Ananging tibané ora mengkono. Sabab endog iwak ikoe akèh kang pada dipangani ing iwak lijané oetawa dipangani ing kodok. Mengkono oega iwak kang isih tjilik-tjilik ija akèh kang pada dipangani. Dadi oerip ana ing banjoe ikoe ija ora mesti seneng.” Tekan semono enggoné pada goeneman bab iwak, toemoeli kandeg.
Botjah loro maoe noeli pada dolanan ana ing djaba; bijoengé ngolah iwaké ana ing pawon.



4. Wit djatos.

Pantjasemita waoenipoen mlarat. Grijanipoen boten patos apik. Pajonipoen inggih gendèng, nanging baloenganipoen namoeng kadjeng taoen kémawon. Sareng sampoen dados mandor, saged nglempakaken jatra. Grijanipoen sampoen ketingal rosok; gedègipoen pating