Kaca:Kembang Setaman.pdf/60

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

60

Wonten ing Martjapada Kala Goemarang dilalah soemerep Dèwi Sri, garwanipoen Beṭara Wisnoe. Kala Goemarang salah damel, asring ndjawat ḍateng Dèwi Sri; milanipoen Dèwi Sri sanget sekelipoen ing penggalih. Djalaran saking poenika Kala Goemarang dipoen sotaken malih dados tjèlèng. Pangadjeng-adjengipoen Beṭara Goeroe ḍateng wangsoelipoen Kala Goemarang tanpa wasana. Milanipoen Retna Doemilah ladjeng dipoen ḍawoehi: poeroen boten poeroen meksa baḍé dipoen poenḍoet garwa. Retna Doemilah poegoeh enggènipoen mopo, ladjeng nganjoet toewoeh. Mitoeroet rembagipoen para déwa ing Soeralaja lajonipoen Retna Doemilah dipoen petak wonten ing negari Menḍang-Kamoelan; namanipoen dipoen pindah Dèwi Tisna-Wati. Praboe Makoekoewan, ratoe ing Menḍang-Kamoelan, kapatah roemeksa pasaréanipoen Tisna-Wati waoe.

Sang Praboe Makoekoewan ngéstokaken timbalanipoen Beṭara Goeroe. Sareng doemoegi kawan dasa dintenipoen, Sang Praboe soemerep ing Dèwi Tisna-Wati wonten tjahja goemebjar; ing salebeting tjahja poenika wonten ṭeṭoekoelanipoen aèng. Sanalika Sang Praboe ngatoeri oeninga ḍateng Beṭara Goeroe. Betara Goeroe ladjeng paring oeninga, jèn ṭeṭoekoelanipoen poenika kepandjingan soekmanipoen Dèwi Tisna-Wati; milanipoen kedah dipoen opèni ingkang saé-saé. Wiwit nalika poenika saladjengipoen menoengsa baḍe angsal teḍa saking ing ṭeṭoekoelan waoe, mantoen neḍa pamedaling wana. Sirahipoen Dèwi Tisna-Wati dados kelapa, poeseripoen dados pantoen, tanganipoen dados pala goemantoeng; déné soekoenipoen dados pala kapenḍem.