Kaca:Kembang Setaman.pdf/46

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

46

jèn kéné iki tilas kraton geḍé; malah ija ana keḍatoné barang. Déné penggawéné tjanḍi-tjanḍi iki, preloené kanggo memoedja marang déwa, kaja déné wong saiki menjang mesdjid oetawa menjang grédja. Ana sing ngarani, jèn sawidji-widjining tjanḍi iki koeboerané

ratoe ḍèk djaman koena oetawa penḍita sing pinoendjoel. Bijèn sakiwa tengené tjanḍi iki ana tjanḍinė tjilik-tjilik loewih saka satoes, nanging wis akèh sing roesak, ilang lariné; mbok menawa marga saka linḍoe. Awit saka pangroektiné Negara, roesaké ora kebandjoer-bandjoer, isih rada akèh sing apik. Karo