Kaca:Kembang Setaman.pdf/88

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

88

njamboet, saleresipoen inggih awasta kainan. Tijang sampoen soemerep jèn boten gaḍah jatra, kok asring goemaib toembas poenapa-poenapa ingkang pantjènipoen kénging dipoen enḍakaken. Tijang ingkang mekaten poenika inggih boten patoet dipoen pasrahi poenapa-poenapa. Déné tijang ingkang njamboeti poenika, sarèhné koewatos menawi kapitoenan, dados enggènipoen neḍa anakan inggih dipoen kațahi kémawon.

Ingkang poenika milanipoen sampoen asring njamboet, menawi kinten-kinten baḍé boten saged njaoer. Tetoembas poenapa-poenapa saé kentjèng kémawon. Menawi boten gadah jatra, inggih sampoen tetoembas. Tijang poenika boten kénging: menawi ndjagèkaken panènan, mangké pantoenipoen gèk gaboeg! Tijang-tijang tani inggih sampoen sami soemerep, menawi tijang njamboet pantoen dipoen anggé bibit, panjaoeripoen asring tikel tinimbang kalijan menawi kentjèng. Éwa semanten kok taksih pinten-pinten ingkang boten ngatos-atos.

Mesțènipoen wonten ingkang batosipoen mekaten: ,,Menging njamboet poenika gampil kémawon, angger tijang inggih saged.” Boten mekaten; inggih pantjèn angèl tijang njandet manahipoen, enggènipoen baḍé njamboet; nanging jèn dipoen oedi, inggih saged. Rékanipoen mekaten: menawi ngleresi gaḍah jatra, mangka kepéngin toembas barang ingkang boten patos preloe, poenika dipoen tjanḍeta. Poenapa malih menawi baḍé dipoen anggé ropjan-ropjan, sampoen pisan-pisan dipoen toeroeti. Sabab menawi embèn wingking kekirangan jatra, soesahipoen dipoen sangga pijambak. Kalijan malih menawi ngleresi panénan poenapa-poenapa, sampoen énggal-énggal dipoen sadé sadaja,