Kaca:Kembang Setaman.pdf/95

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
95

rong sasi. Jèn legèné arep digawé goela, penggawéné sarana digoḍog. Jèn wis asat, saing kari moeng paṭiné oetawa tjandoené, aran goela arèn; rasané legi anglek, ora matoeki kaja goela taboe.

Terkaḍang legèn diombé digawé ombèn-ombèn aran towekan oetawa badèg; koewi ngandemi kaja déné djenèwer oetawa baḍèg; koewi ngandemi kaja déné djenèwer oetawa anggoer. Jèn wong Djawa, ora akèh sing karem ngombé baḍèg; pantjèn ja betjik mengkono, sabab wong mendem ikoe ora patoet banget, toer agawé roesaking awak.

Paédahé arén ora moeng ikoe baé. Kajoené atos banget, roepané ireng pating sloewat, betjik dianggo doran oetawa dandanan lijané. Ing djeroné kajoe ana atiné empoek, kena diepèk paṭiné, aran paṭi onggok; kena digawé djenang oetawa digawé tjénḍol ḍawet, rasané énak.

Kedjaba ikoe sadané kena digawé sapoe sarta régé; papah kena digawé gapiting soeri, piranti nenoen; goḍongé sing isih enom aran kawoeng, kena dianggo linting rokok. Kawoelé kena digawé empan-empané niṭikan; sroewané kena digawé kalam, piranti noelis Arab. Tjekaké wit arèn ikoe akéh banget paédahé. Apa ana sing isih kliwatan olèhkoe njeboetaké?