Kaca:Kembang Setaman.pdf/86

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
86

menawi ngantoekaken kedah nganggé nganaki; mangka anakanipoen asring awrat. Terkaḍang tijang njamboet ptoen sedatjin kémawon, menawi njaoer kedah kalih datjin. Poenapa malih menawi ngidjemaken sabin; tampi jatra samboetan sekeḍik kémawon, sabinipoen asring laroed sadaja. Wonten malih ingkang kesangeten. Sabinipoen dipoen séwakaken oetawi dipoen gadosaken sadaja, boten saged nggarap sakeḍik-keḍika; adjeng kedjenḍelen.

Rékanipoen tijang baḍé angsal jatra, werni-werni, wońten ingkang nggadosaken wit Klapa. Wit klapa setoenggal dipoen gadosaken kalih tengah roepijah oetawi kalih roepijah. Poenika ngantos pinten-pinten taoen, ingkang gadah boten saged ngoenḍoeh-ngoenḍoeh,menawi dèrèng mangsoelaken jatra ingkang sampoen dipoen anggé. Pantjèn tijang njamboet poenika asring adamel karisakanipoen awakipoen pijambak oetawi anak bodjonipoen. Milanipoen sampoen asring goelang-goelang njamboet. Sinten ingkang djadjal-djadjal njamboet, lami-lami dados koelina. Sinten ingkang remen njamboet, wekasanipoen mesți dados țéțékan.

Menawi sampéjan kepeksa njamboet, sampéjan manah roemijin kados poendi rêkanipoen anggèn. sampéjan baḍé njaoer; poenapa ingkang sampéjan djagèkaken. Sampoen ndjagèkaken tiganipoen poen blorok.



22. Madjeng.
II.

Ing ngadjeng sampoen koela tjriosaken, menawi tijang betah jatra, adatipoen inggih saged angsal sam-