Kaca:Kembang Setaman.pdf/84

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
84

inggih ladjeng njamboet ḍateng tijang ingkang soegih pantoen; mbéndjing menawi sabinipoen sampoen panén, dipoen wangsoelaken.

Tjara ingkang mekaten poenika sapoenika ingih taksih toemindak. Nanging sangsaja lami sangsaja soeda, sabab sapoenika tijang-tijang wiwit kraos betah jatra. Kala roemijin kasoegihanipoen tijang tani awoedjoed wos pantoen, oetawi radja-kaja; boten werni jatra. Jatra boten patos dipoen prelokaken, sabab boten patos kelampah. Wos pantoenipoen poenika sampoen tjekap kanggé njangga kabetahanipoen sadaja, sabab kabetahanipoen boten kaṭah. Pamedaling pasitènipoen boten preloe dipoen sadé mrika-mrika, sabab ngrika-ngrika kawontenanipoen sami kémawon. Kalijan malih boten dipoen sadé ḍateng tanah sabrang, sabab pambektanipoen rekaos sanget. Mergi-mergi dèrèng saé kados sapoenika; sepoer inggih dèrèng wonten. Déné penganggénipoen tijang-tijang kala roemijin namoeng seratan oetawi tenoenan ing tanah Djawi kémawon, dèrèng kepéngin menganggé barang-barang ingkang damelan sabrang. Sapoenikanipoen kados poendi? Sapoenikanipoen klonṭong oetawi odjagan pating sloendoep ḍateng ḍoesoen-ḍoesoen. Malah ḍoesoen-ḍoesoen ingkang wonten ing poetjoeking redi inggih dipoen ḍatengi. Barang dagangan saking sabrang ḍatengipoen kados dipoen sokaken, dipoen emot ing baita lan sepoer lan trèm. Barang-barang ingkang élok-élok sami dipoen ideraken ḍateng ḍoesoen-ḍoesoen, adamel kepénginipoen tijang ḍoesoen. Enggènipoen oembas barang-barang waoe sampoen mesṭi kémawon inggih nganggé jatra; oeroep-oeroepan sampoen boten toemindak. Kalijan malih tijang-tijang