Kaca:Kembang Setaman.pdf/90

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

90

Dados genahipoen preloenipoen bang poenika mekaten:

   1. Kadosta menawi preloe dipoen teḍa ing mangsa awis teḍa. Oetawi kanggé ngragadi penggarapipoen sabin, lan sapenoenggilanipoen.
   2. Bang ing ḍoesoen kanggé ndjagèni bakoel alit-alit, soepados sampoen njamboet ḍateng tijang ingkang damelipoen nglampahaken jatra. Sabab tijang waoe jèn neḍa anakan, asring boten doegi-doegi; terkaḍang ngantos sedasa persèn sedinten.
   3. Bang ing negari, preloenipoen kanggé mitoeloengi tijang ingkang betah jatra ragi katah. Kadosta kanggé toembas radja-kaja, kanggé njéwa siti ingkang baḍé dipoen tanemi sata oetawi rosan. Oetawi kanggé ngragadi penggarapipoen pasitèn waoe. Dados tijang tani ladjeng asring pados-pados samboetan ateng tijang ingkang nganakaken jatra. Kalijan malih damelipoen kanggé ngrimati jatranipoen bang ing ḍoesoen ingkang toemando. Déné bang ing negari-negari ingkang tjelak pesisir, mitoeloengi tijang ingkang damelipoen pados oelam. Kanggé toembas baita oetawi pajang lan sapenoenggilanipoen.

Wonten malih bang ingkang mitoeloengi para krija, kadosta: panḍé, toekang kadjeng, toekang séla, kemasan, sajang lan sapenoenggilanipoen.
Dados adegipoen bang ing doesoen lan ing negari, preloenipoen kanggé mitoeloengi tijang-tijang, sampoen ngantos mbajar anakan kațah-kațah. Kalijan malih kanggé noentoeni dateng lampah gemi lan njèlèngi. Sabab menawi tijang boten poeroen njêlêngi, inggih boten saged madjeng-madjeng.