Kaca:Kembang Setaman.pdf/53

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

53

séla oetawi banon. Sélanipoen poenika milih ingkang atos sanget, boten saged loeloeh déning latoe. Pawon waoe dipoen damel ageng tengah; dados menginggilipoen

oetawi menganḍapipoen sangsaja tjijoet. Mara sampéjan ningali gambaripoen pawon poenika; poenika gambaripoen menawi dipoen sigar tengah leres. Ingkang nganḍap poenika enggèn kadjeng kalijan areng séla. Menawi latoe sampoen ndados, ladjeng dipoen bjoeki siti tosan tipis-tipisan, ladjeng dipoen bjoeki areng séla; nginggilipoen dipoen bjoeki siti tosan malih,